Cerpen Bahasa Using, Judul: Jerangkong
- Istimewa/ VIVA Banyuwangi
Budaya, VIVA Banyuwangi –Penulis: Oyek Setro
Kedadeyan lare lanang dipelindhes etrek ring dalan ngarep kuburan magih santer dadi omongan warga. Paran maning saben dalu uwong-uwong hang manggon ring pinggiran kuburan ngaku dikerungoni suwara lare nangis.
Merga lare hang matek kerana endhase meledhos iku dikubur ring kuburan iku. Pas ring buritan umahe Man Baderik hang urip dhewekan.
Man Baderik iki dhudha tuwek hang urip dhewekan. Iyane umah-umah ambi ruwahe rabine selawe taun lawase, sing diuwani momongan.
Sampek rabine dijuwut ambi hang Kuwasa kerana lara, ya tetep sing duwe momongan. Mulane saiki Man Baderik mung urip dhewekan ring umah asile ambi ruwahe bengen.
Masiya Man Baderik wis tuwek, umure wis emeh pitungpuluh taun, iyane magih katon seger. Otot-otote hang bengen dienggo pacul-pacul ring sawah, magih katon keker.
Mung matane katon rada lamur. Untune kari siji loro mung nong ngarep thok. Masiya gedigu, Man Baderik magih sing bisa ninggal kebiyasaan ngudud.
Iyane kenal udud sakat magih lancing. Paran maning udude keretek. Mangka watuke kaya-kaya sing ana elete.
Taping iyane magih sing bisa ninggal. “Kadhung sing ngudud, rasane cangkem kaya pait,” gedigu alasane kadhung diwarah kancane.
Paran bain hang digesahaken uwong-uwong perkara jerangkonge lare hang kepelindhes etrek, sing bisa nggawe Man Baderik keweden.
Tangga-tanggane kabeh ngaku wis tau ditemoni ambi jerangkonge lare iku. Ana hang kecaruk papasan ring pinggir dalan kuburan. Ana uga hang mung kerungu suwarane lare nangis lan liya-liyane.
“Soren dalu isun ditemoni jerangkonge lare iku ya. Iyane semendhen ring pagere kuburan, endhase katon penyet lan getihe temetes terus. Sakkal isun kepelayon,” jare Man Mardi.
“Kadhung isun mung kerungu suwarane lare nangis. Mung sing weruh nangise nong endi. Sun goleti ring kiwa umah, kerungune kaya ring tengen umah. Serta sun parani ring tengen umah, suwara tangise pindhah ring kiwa umah. Suwi-suwi isun wedi dhewek. Lakinisun pas lembur ring kantore, isun mung turu ambi anakisun hang cilik,” jare Bik Anik nempali ceritane Man Mardi.
Cerita-cerita hang kaya gedigu sing nggawe Man Baderik ciut nyaline. Iyane magih tetep patheng sembayang tahajud.
Saben jam telu subuh, iyane mesthi tangi lan sembayang tahajud. Iku dilakoni sing tau elet. Mangka kuburane lare hang kepelindhes etrek iku pas ring buritan umahe.
Kira-kira telung meter teko sumure Man Baderik, mung keledan gedheg sesek hang dienggo pager.
“Isun sing tau ditemoni paran-paran. Kabeh iku kerana pikirane dhewek-dhewek. Kadhung durung-durung wis mikir ditemoni, yo mesthi bain keweden sulung. Lan rasa wedi iku hang nggarahi jerangkong bisa wujud ring ngarepane,” gedigu jare Man Baderik nalika gesah ambi Man Mardi.
Man Mardi hang diajak gesah tetep nggecah. Iyane ngaku sedurunge sing ana rasa paran-paran. Sing ana rasa wedi, sing ana pikiran perkara lare hang kepelindhes etrek.
Pas iyane melaku dhewek ring pinggir pager kuburan, ujug-ujug katon lare lanang sendhen ring pager kuburan ambi nyekeli endhase hang penyet.
“Sapa hang sing kaget ndeleng kaya gedigu. Paran maning getihe magih katon tetesan,” jare Man Mardi ambi nyeruput kopine teko lumur hang ana ring pejagan.
Banget-bangete Man Mardi ambi Man Baderik gesah perkara jerangkonge lare lanang hang kepelindhes etrek, ujug-ujug teka Atim hang duyan mabuk.
Iyane melaku serendengan ngabeti mumete endhas kerana ombenan. Sing kathikan pamitan, iyane njuwut lumur hang ana ring pejagan lan nyerupuk kopine Man Mardi hang wis emeh entek iku.
“Tim ... mabuk ya mabuk ... taping pamita sulung dhung arep njaluk kopi. Aja kopine kancane diseruput bain,” jare Man Mardi rada ngersula.
“Rika kabeh nggesahaken jerangkonge lare hang kepelindhes etrek iku. Mula bener, lare iku ndadi lan ngganggu uwong-uwong kene. Isun bain ping kaping-kaping ditemoni. Mung ana suwarane taping sing ana wujude,” jare Atim ambi kilah-kilah ring pejagan.
“Halah ... paling sira kerungon-kerungonen bain. Paran maning saben dalu sira mabuk. Wong mabuk iku sing bisa dipercaya omonge,” jare Man Baderik ambi ngemil sawi godhog hang magih katon panas.
“Sing percaya ... masiya isun mabuk, isun magih sadar lan kerungu paran-paran. Isun sing semaput,” jare Atim mempeng.
“Nong endi sira kerungu ana suwara jerangkonge lare lanang iku Tim. Aja-aja iku suwarane kancanira dhewek,” tambah Man Mardi.
“Isun sing kerungu suwarana lare iku. Taping jerangkonge lare lanang iku ngeret-ngeret lawang pagere Man Jalik, tanggane Man Baderik. Suwara kemeriyete lawang pager iku jelas ring kuping isun,” jare Atim ambi tangi lan milu njuwut sawi godhog.
Wong loro mung bisa ndomblong ngerungokaken gesahe Atim hang magih kepengaruh minuman.
Antarane percaya lan using. Ketang hang gesah lare mabuk. Omongane ngalor ngidul siang ana junterunge.
“Wis Tim ... aja ngomong bain. Wis nggelintinga kana geningena mumete ilang. Gesah ngelantur sing kakaruan,” jare Man Baderik.
Weruh hang diajak gesak katon sing percaya, Atim sangsaya mempeng. Iyane ngaku mula kerungu suwara pager lawange Man Jalik muni kerana dieret ambi jerangkonge lare lanang iku.
Atim njegog lan mudhun teka pejagan. Iyane ngadhek masiya sing jejeg. Ambi serendengan iyane terus cerita dhung weruh jerangkonge lare lanang ngeret lawang pagere Man Jalik.
“Saben jam telu subuh isun kerungu lawang pagere Man Jalik muni kemeriyet. Sapa maning hang ngeret lawang subuh-subuh kadhung sing jerangkonge lare lanang iku. Paran maning kuburane sing adoh teka umahe Man Jalik,” jare Atim ambi serendengan lan temeblug ring lemah.
Dianteni suwi ambi wong loro, Atim sing tangi-tangi. Sing weruha Atim wis ngorok melungker ring lemah persis ngarepan pejagan.
Kerungu ceritane Atim kaya gedigu, ujug-ujug Man Baderik ketheng. Man Mardi tambah bingung.
“Apuwa gok rika ketheng kerungu ceritane Atim. Parane hang lucu?” takone Man Mardi ambi rada linglung.
Man Baderik sing langsung nyauti pitakone Man Mardi. Iyane magih nutugaken ngunyak sawine lan terus nyeruput kopi hang emeh entek.
“Pantes bain, wong mabuk ya sing bisa mbedakaken suwara hang dikerungu,” jare Man Baderik ambi nutugaken gemuyune, sampek-sampek sawi hang ring cangkeme muncrat-muncrat.
Man Mardi sangsaya linglung ndeleng sikape Man Baderik. Iyane sing ngerti paran hang dianggep lucu teka omongane Atim. Minurut Man Mardi paran hang diomongaken Atim sing ana hang lucu. Malahan nggarahi wong tambah wedi.
“Apuwa isun gemuyu kerungu omongane Atim ... kerana paran hang dikerungu Atim iku dudu suwara lawang pager,” jare Man Baderik.
“Kok rika ngerti dhung hang dikerungu Atim iku dudu suwara lawang pagere Man Jalik?” takon Man Mardi sangsaya bingung.
“Hang dikerungu Atim iku dudu suwara lawang pager, taping suwara isun nimba banyu ring sumur. Saben jam telu subuh isun mesthi sembayang tahajud. Kerana pirang-pirang dina iki kumpo banyunisun rusak, kepekso isun ngangsu nganggo timba. Kerana
kerekan wis suwi sing tau dienggo, yo karaten. Dienggo nimba muni kemeriyet-kemeriyet,” jare Man Baderik.
Kerungu ceritane Man Baderik kaya gedigu, Man Mardi uga milu ketheng. Pungkasane keloron padha ketheng-ketheng ambi ndelengi Atim hang magih melungker lan ngorok ring lemah.