Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Tangga

Ilustrasi warga kampung sedang bercengkerama
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Budaya, VIVA Banyuwangi

Penulis: Oyek Setro

Temakaken magih ana uwong hang uripe kaya-kaya wis sing butuh ambi uwong liya. Iyane sing gelem kumpul-kumpul ambi wong kampung. Masiya milu kumpulan PKK utawa arisan pengajian, iyane sing tau teka. Tepak iyane ulih, ya tetep iyane sing teka nong kumpulan. Hang teka mung panganane bain. Wong iku arane Mbok Sapinah. Praupane cemeng, rambute kerinting, kaya dudu wong Jawa. Ndeleng rupane hang cemeng iku, tangga teparo nyana Mbok Sapinah asale teka Ambon.

 

Sedina-dinane Mbok Sapinah megawe dadi kasir ring rumah makan kondhang. Mbok Sapinah iku warga anyar hang buru bain pindah teka Surabaya. Iyane pindhah kerana ditugasaken ambi penggaweyane kanggo ngganteni kasir hang leren ring Banyuwangi.

 

Ring Banyuwangi, iyane nyewa umahe Man Bandik ring kampungan. Umahe pas adhep-adhepan ambi umahe Man Bandik. Mbok Sapinah manggon ring umah sewan iku mung ambi anake lanang hang aran Sapari. Pas iku Sapari magih sekolah ring SMA. Embuh lakine nong endi sing ana hang ngerti. Ngakune nong Pak RT, jare lakine wis sing ana umur kerana belahi pas megawe ring laut.

 

Naming hang terus dadi rasan-rasan tanggan-tanggane, sedina-dina Mbok Sapinah sing tau mbukak lawang pager umahe. Saben dina lawang pager wesi umahe diselot. Iyane metu, diselot. Iyane teka megawe, langsung diselot maning. Sampek-sampek tukang PLN hang nyatet meteran listrik sering murang-muring kerana sing bisa nyatet meteran listrike.

 

“Kadhung tutupan gedigi kelendi isun arep nyatet meteran listrike. Engko dhung dikira-kira, enteke akeh, protes,” celathune Kang Andi hang biyasa nyatet meteran listrik ring umah-umah ambi terus nyetater sepidhah montore.

 

Kedadeyan kaya gedigu miturut Man Bandik, wis kaya sega jangan. Emeh saben dina ana bain uwong hang nggerundeng perkara hing dibukakaken lawang. Sing kabeh dhayoh hang mara dibukakaken lawang. Kadhung dhayoh hang sing dikarepaken, melung-melunga sampek pedhot gorokane, ya tetep bain sing arepe dibukakaken lawang.

 

“Ajaa dhayoh adoh hang teka, kanca megawene dhewek teka, kadhung sing dikarepaken ya sing arepe dibukakaken lawang. Wong paran kaya gedigu iku,” jare Man Bandik.

 

Kedadeyan-kedadeyan kaya gedigu pungkasane dadi rasan-rasan tangga teparo. Kaya-kaya Mbok Sapinah sing butuh ambi tangga-tanggane. Kaya-kaya iyane bisa urip dhewek, sing arep butuh bantuane tangga.

 

“Ambek-ambekana megawe saben dina, indane sing ana wektu belas kanggo kumpul-kumpul ambi tanggane. Kumpul-kumpul PKK ta, pengajian ta. Isun sing tau weruh iyane teka kumpul-kumpul. Mangka iyane ya milu PKK, ya milu pengajian,” celathune Mbok Marni ambi ngucek umahane ring banyu.

Mbok Surti uga nyaut, “milu PKK ambi pengajian iku mung jenenge thok. Uwonge sing tau njumbul. Pas iyane wayah ulih, ya sing teka. Iyane mung ngongkon Mbok Santi golet panganan kanggo jaminane wong pengajian. Picis ulih pengajiane dijuwutakden Mbok Santi. Gediguwo Mbok Santi gok yo gelem bain dikongkon,” celathune Mbok Surti.

 

Mbok Santi hang uga umbah-umbah ring banyu isuk iku, kerungu celathue Mbok Surti hang nyalahaken iyane. Pungkasane Mbok Santi mempeng, “isun gelem iku kerana dhonge pengajian, iyane ngaku pas wayah megawe. Iyane sing bisa teka,” jare Mbok Santi mbelani awake dhewek.

 

Tandangane kelakuwane Mbok Sapinah hang sing tau gelem kumpul-kumpul ambi tangga teparo, pungkasane wong hang umah-umbah ring banyu dadi tukar padu. Hang siji nyalahaken sijine. Ana hang mbelani awake dhewek lan sing gelem disalahaken. Ana uga hang mbelani Mbok Sapinah hang mula megawe saben dina.

 

“Kapan-kapan maning aja gelem mbok kadhung dijaluki tulung kaya gedigu. Dhung bisa, iyane kongkon teka makene kenal ambi tangga teparo. Indane wis mangon setaun sing ana hang kenal siji-sijiya tanggane. Hang dikenal mung Mbok Santi bain yuh,” celathune Mbok Surti.

 

“Dhung urip ring kampungan ya kudu bisa kumpul lan guyub ambi wong kampung. Aja pilih-pilih kanca. Ana paran-paran masa kancane hang adoh hang mara sulung. Mesthine ya tangga pareke iki hang mara sulung,” Mbok Marni nyaut ambi tangane terus ngucek gombalan hang katon kothor seru.

 

---

 

Serngenge soren iku katon wis arep mingslep ring kulonan. Wernane abang-abang rada kuning. Dideleng-deleng kaya lukisan abstrak ring langit. Paran maning ring tengahe katon manuk-manuk cilik ampyak-ampyakan. Katon kaya wis mangkat nggoleti umahe dhewek-dhewek. Arep meremaken matane sakuwise sedina golet pangan ambi kancan-kancane.

 

Suwasanane katon sepi. Paran maning lare-lare cilik wis padha arep melaku ngaji ring langgar. Wong-wong tuwek uga arep sembayang ring langgar. Suwarane cenggeret wis molai saut-sautan ambi suwarane kodhok. Wayah samarwulu kaya gedigu, uwong-uwong hang sing sembayang, lebih milih ndhekem ring jero umah.

 

Pas Man Bandik metu teka umahe arep sembayang ring langgar. Iyane dikagetaken ambi suwarane wong wadon berak-berak njaluk tulung. Sakkal Man Bandik mandheg lan nggoleti asale suwara iku. Sing weruha suwara iku asale teka mburi umah Mbok Sapinah.

 

Sekala iku Man Bandik melebu menek lan mencolot liwat lawang pager hang diselot teka njero. Sarunge dicincing lan diiket ring mburi boyoke. Emane pager umahe Man Bandik hang disewa Mbok Sapinah sing sepira dhuwur. Pungkasane Man Bandik sing kangelan menek pager wesi iku.

 

Pas ring mburi umah, Man Bandik katon tangan tengene Mbok Sapinah nyekeli endhase. Pas ring ndhuwur endhase wis temancep lading pawon hang lincip. Tangan kiwone magih tetep nyekeli genter.

 

“Apuwa mbok. Samarwulu gedigi rika ana paran nggawa-nggawa genter ambi lading iki,” jare Man Bandik ambi usaha njabut lading hang temancep persis ring tengah endhase Mbok Sapinah. Ladhing kecabut, sekala iku getih derodosan mili ring endhase Mbok Sapinah. Man Bandik cepet-cepet nggawa Mbok Sapinah melebu umah lan nggolet kapas dienggo nutupi tatu endhase.

 

Serta Mbok Sapinah wis mulih teka rumah sakit, umahe katon rame tangga teparo hang kepingin weruh ceritane apuwa gok Mbok Sapinah keneng lading endhase. Taping ana uga tanggane hang nyukuraken Mbok Sapinah hang sing gelem serawung ambi tangga teparo.

 

Temakaken Mbok Sapinah nggawa-nggawa genter ring mburi umahe arep njuwut gedhang hang wis mateng. Karepe gedhang iku diundhuh ambi lading hang dipuket ring pucuke genter. Kerana gedhange rada atos, pungkasane lading hang ring pucuke genter coplok teka puketane. Lading iku tembluk pas pucuke ngadhep mengingsor. Mbok Sapinah hang ana ring ngingsor sing sempat endhoh. Ahire lading iku temancep pas ring tengah endhase.

 

“Dhung kaya gedigi sapa hang repot, ya tetep tangga pareke hang repot. Masa kancane hang adoh-adoh hang mara sulung. Mesthine sing usah ditulungi uwong kaya gedigu iku, geningena ngerti dhung serawung ambi tangga iku penting,” celathu rabine Man Bandik.