Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul : Kuwung

Regu gerak jalan pelajar SDN 1 Bajulmati Wongsorejo
Sumber :
  • Anton Heri Laksana/ VIVA Banyuwangi

Cerpen Bahasa Using, VIVA Banyuwangi

Reni lare cilik kang patheng sinau lan tandang gawe . Ngerewangi emake mulung kopi asile kebonane dhewek.

Saben dina melaku sekolah ambi rasa girang kerana iyane mula dhemen kadhung diuweni piwulang ambi guru-gurune.

Sing ana kang bisa ngalahi.

Dhung ngitung cepet.

Tulisane uga apik.

Sing mungkir dhung musti dadi juara ring kelase.

Taun iki, Reni wis munggah nyang kelas lima.

Sekolah buru bain mangkat.

Mari pereian dawa telung minggu kerana unggah-unggahan kelas.

Taping ana kang bida saka perawakane Reni.

Iyane dhung melaku katon kaya rada dingkik selisih.

Apuwa yuh? Pirang-pirang taun sekolah, iyane sing tau kadheman.

Gok iki ana kang bida saka sikile.

Tepak salaman ambi Bu Us, tangane Reni sing dieculaken.

Bu Us nyawang sikile Reni. “Beng, apuwa dhung melaku kok dingkik? Lara ta sikile?”

“Enggeh Bu, lara dhung digawe melaku kaya biyasahe. Mangkane sun gawe dingkik.”

“Kriiiiing...” bel tanda melebu sekolah wis muni.

Kabeh lare-lare pada baris nyang ngarepe kelase dhewek-dhewek aju melebu kelas.

Pirang-pirang dina Bu Us nduweni ati seng enak nyawang kahanane Reni kang kaya gedigu.

Mangkane iyane kepingin kecaruk ambi wong tuweke Reni.

Mulih sekolah iki, Bu Us njujug umahe Reni.

Ring kana iyane diweruhi ambi Emake Reni dhung nyang sikile Reni saikine njumbul pentholan. 

Kahanan iku mau wis diobataken nyang dhokter, taping dhokter warah dhung pentholan kang ana ring sikile Reni mau muko dioperasi, bisa nggawe jantunge Reni sing kuwat.

Kadine keluwarga sing bisa paran-paran mung pasrah paran anane.

Dileng Reni magih kuwat nahan lara sikile dung digawe melaku.

Dina-dina dilakoni biyasah-biyasah bain, sampek gaduk nyang tekane ulan Agustus.

Ulan kang dianten-anteni lare sekolah kerana sak ulan empet mesti digawe perayaan kemerdhekaan negara iki.

Akeh lomba-lomba kang dianakaken ring sekolah, ring tingkat kecamatan ambi kabupaten.

Kaya taun-taun kang sulung.

Hang paling dianteni lare-lare yaiku lomba gerak jalan. Kerana paran? Kerana panggonan sekolahane Reni adoh saka kutha, seng ana waktu maning dhung sing ana acara lomba gerak jalan iki bisa mudun nyang kutha.

Guru olah raga wis siyap milih murid endi kang pantes lan kuwat diajak lomba gerak jalan.

Iyane ngetokaken rong tim gerak jalan. Sak tim lanang lan sak tim wadon.

Akehe lare sak tim ana sewelas.

Ring pemilihan iku mau Reni sing kepilih kerana pak Guru ngeman kahanane Reni.

Pak Guru wedi dhung ana paran-paran ambi iyane.

Wis kurang rong puluh dina, lomba tingkat Kabupaten dianakaken.

Lare-lare saben istirahat musti latihan gerak jalan muteri kampung.

Reni mung bisa nyawang kancan-kancane teka teras kelas.

Katon teka matane dhung iyane kepingin milu.

Ring sela-selane dina mapak tekane lomba gerak jalan. Ring sekolahe Reni uga nganakaken lomba-lomba kanggo mengeti dina kemerdhekaan Indonesia.

Ring kana ana lomba balap karung, mangan kerupuk, oper sarung lan lomba ngelebokaken benang nong edom.

Reni seru girange bisa milu nyang lomba-lomba iku. Saiki teka nyang dina lombane gerak jalan.

Isuk iki, lare-lare kang milu gerak jalan dikumpulaken kanggo diuweni kaos kang padha.

Wernane abang.

“Lare-lare, engko kumpul nyang sekolahan jam sewelas. Mangkate gerak jalan jam siji. Aja sampek ana kang kesingsal. Mergane tim lanang diuweni nomer 112 lan wadon nomer 123,” wekase Pak Guru.

“Siyap!” jawabe lare-lare kari teges.

Bapak lan Bu Guru nganteni tekane lare-lare.

Sing kari suwi, silir lare pada teka. Diitung-itung kok kurang siji lare wadone. “Sapa kang durung teka iki?” takon Pak Guru. “Ani Pak. Katone mau ngelu,” semaure Lia. Guru-guru pada bingung. Sapa kang bisa ngganteni kerana itungane wis cukup. 

Serepan mung siji.

Dhung ana paran-paran kelendi.

Mara-mara njumbul ring lawang emake Reni.

Iyane warah dung Reni nangis mesesegen, seru kepingine milu gerak jalan. Masiyo mung dadi serepan. Guru-guru padha tuli-tulian.

Sing ana pilihan maning dadi ngijini Reni milu.

Kabeh wis siyap ngawal lare-lare berangkat nyang panggonan pemberangkatan.

Pak Lisin guru Olah raga ngetap barisane lare-lare miturut nomere.

Guru-guru uga bagi tugas, sapa-sapa kang ngawal tim lanang lan tim wadon.

Kerana tim lanang lan wadon selisih sepuluh nomer.

Uga ana guru kang diuweni tugas nggawa serepe lare.

Kanggo ngganteni lare kang sing kuwat melaku. “Persiyapan, nomer urut 123. Maju jalan!” ambi ngangkat bendhera panitiya mberangkataken tim wadon. “Go..!” ucape lare-lare serempak ambi ngawiti melaku. Bu Us kang melaku sulung nunggang sepidha dhewekan wis ngadhang ring pinggir dalan kanggo ngetutaken tim wadon. Edheng-edheng Pak Lisin mareki Bu Us. “Bu, gawanen lare iki ya. Isun nak ngetutaken tim lanang,” wekase Pak Lisin. Bu Us mung bisa manthuk sing muni paran-paran.

Iyane kaget nyawang lare kang dititipaken nyang iyane iku Reni.

Sak dalan-dalan Bu Us ndunga muga-muga tim wadon kuwat kabeh.

Aja ana kang diganteni.

Naming, bida ambi kang ana ring batine Reni.

Iyane ngarep bisa milu melaku ana ring jerone tim iku.

Limang kilometer wis dilakoni tim wadon.

Magih kesisa 3 kilometer maning.

Bu Us ngadhang tim wadon ana ring ngarepe kantor Pemda.

Reni lan iyane lungguh ring pinggir dalan nganteni tekane tim wadon. “Beng, dhung kancane sing ana kang gelem diganteni, aja ngersula ya?” ambi mesem Bu Us ngomong nyang Reni. Reni mung mungkruk sing semaur. Teka kadohan katon tim kaos abang melaku kari sagah. Saya suwi saya marek-marekaken. Gadug nyang ngarepane Bu Us, lare kang baris mburi dhewek sekala iku melayu marek Bu Us kang lungguh ring pinggir dalan. “Sing kuwat, isun Bu!” ambi ndelusup lungguh nyang sebelah tengene Bu Us. Bu Us kaget ndeleng lare kang ujug-ujug lungguh nyang sisihe. Lan tambah jengah maning ndeleng Reni kang sekala iku melayu melebu nyang barisan ngganteni lare iki muka. Sing kerasa iluh temetes ring pipine Bu Us.

Sak dawane dalan Bu Us nyawang Reni kang seru girange bisa milu gerak jalan.

Pungkasane gadug ring panggonan finish.

Sak buyare lare gerak jalan Bu Us sakkal meluk Reni kuwat-kuwat. “Dadiya lare kang kuwat, sehat lair lan batin yo Beng. Makne bisa dadi kuwung kaya ring ndhuwuran.”