Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Pacet Singidan

Ilustrasi binatang jenis pacet
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, VIVA Banyuwangi –Gemericike banyu mili ring Kali Bendo isuk iki, kerasa ngadhemi pikiran. Isun lan anak-anak Isun, Jainik ambi Ropik ngerekep awak ring ilen-ilene banyu iki. Seru girange nyawang Jainik, anak isun kang penggarep ciblung lan sembur-semburan banyu ambi adhike.

Saya suwi saya kerasa adhem sampek nong belung-belung. Sunare srengenge ana ring dhuwur endhas.

Lambe disawang saya tambah biru. Kulit deriji tangan wis mangkat kesut.

Taping semunu muka sing dirasakaken lare-lare. Ropik anak isun kang cilik magih umur telung taun ngerekep seng keneng dientas.

“Ayok, lare padha mentaso. Kesok maning. Delengen lambeniro wis padha biru. Iki andhuke, mari digu enggonen kelambine ambiyo caring.” Nyawang lalare wis padha caring, Isun peruput-peruput penganggone lalare kang teles ring njero keresek cemeng.

Uga muleh nunggang sepedha udhud ketelon. Dina ganti dina sing kerasa wis seminggu kelakon.

Arep ngajak lalare memengan nyang banyu Kali Bendo maning, taping mangsa wis mangkat rendheng.

Dhung nyang Kali Bendo biyasahe banyu kethuh kerana sering belaburan.

Ring tengenisun Ropik ngedimpel meluk isun. Sun rasakaken awake kaya anget.

Sun peluk uga sun pangku. Saya suwi awake saya manas-manasaken.

Sun njuwut obat lan sun ombekaken. Sun gindhong lan Sun kusuki bun-bunane.

Sun kemuli makene keringeten. Wis telung dina, Ropik magih durung adhem. Sun kepiran, mesti ana kang salah ambi awake.

Dhung mung panas biyasa, mustine mari ngumbe obat awake bisa adhem.

Sing mikir kesuwen-suwen. Sun gawa Ropik menyang Rumah Sakit.

Adheme angin dhalu iki, sing sun rasakaken. Sun terajang bain makene gancang gadhuk Rumah Sakit.

Ring UGD, Ropik uga diperiksa lan dijuwut getihe. Mastekaken ana penyakit paran nong awake.

Ambi nganteni ulihe periksa. Ring bacote Ropik katon mili getih seger. Isun sakal kaget gupuh nyeluk perawat kang ana.

“Dhok! Tolong apuwo anak isun iki. Gok mili getih teka bacote.”

Sekala iku dhokter lan perawat milu gupuh ngerumat Ropik.

“Bu, deleng asile laboratorium, anak riko iki keneng Demam Berdarah. Kadine kudu rawat inap ring kene."

Sing bisa muni paran-paran maning, isun mung bisa paserah milu paran jare dhokter.

Makene Ropik gancang aron. Impus dipasang ring tangan tengene Ropik.

Obat disuntikaken liwat impus. Sing kari suwi, awake Ropik mangkat adhem.

Ropik uga bisa turu angeler. Isuk iki, isun ngucap sukur Alhamdulillah, Ropik uga katon cenger.

Doyan mangan. Radha soren, perawat mara. Ambi nggawa asile periksane dhokter isuk iki.

“Bu, asile periksane dhokter, kerana HB ring awake Ropik sing mudhun. Ropik bisa mulih dina iki.”

Atinisun girang, Ropik wis aron. Bisa mulih dina iki. Taping, isun yo mangmang.

Dhung lara Demam Berdarah biyasahe HB musti mudhun, apuwo kok HBne Ropik sing paran-paran.

Timbang tuwas kesuwen, sun urusi administrasi makene gancang mulih.

Teka umah, Ropik sing kaya lare mari kademan. Iyane umeg kaya biyasahe.

Memengan lan geridhoan ambi kakange. Sing kerasa, banget-bangete memengan montor-montoran ambi kakange.

Getih seger mili maning saka bacote. Awake uga milu panas.

“Mak, apuwo bacote Ropik!”

Jainik melung seru kuwate. Isun berejak, Ropik sun gendhong lan sun poset getih kang mili saka bacote.

Sun gawa maning Ropik nyang Rumah Sakit.

“Dhok, apuwa anak isun iki. Asile periksa wis sing ana penyakite. Naming apuwo gok bisa mili getih gedigi?" Isun ngomong ambi gemeter.

Dhokter lan perawat uga meriksa Ropik. Diwani obat ngedhukaken panas saka dalan buri. Seng kari suwi, panase uga mudhun.

“Bu, anak rika kudune diperiksakaken lebih intensif nyang Rumah Sakit Jember. Makene katon penyakite. Ring kene wis diperiksa uga diobati sing ngasilaken paran-paran. Rika gawa nyang Jember bain.”

Rungu kalimah kang gedigu teka dhokter, ati lan pikiran sing karuan.

Cangkem sing bisa muni paran-paran. Isun mulih gawa Ropik menyang umah emak isuk.

Ring pelataran umahe Emak, isun sing bisa nguwati maning.

Isun sakal melung nyeluk Emak ambi geruh-geruh.

“Emaaak.”

“Paran siro iki Tus, ana paran.”Emak melayu saka njeru umah marani isun.

Ropik digindhong Emak lan Isun digadhang Apak.

Lungguh ring pelonco bale umah. Isun cerita kabeh kahanan kang ana.

Ring sisih isun, Emak mangku Ropik ambi dungo-dungo.

“Tik, tolong juwuteno bawang abang lan suruh ring pawon. Bebeken adhahono lepekan.” Perintahe emak ning Yatik adhik isun.

“Nggeh Mak” Sing kari suwi, bebekan bawang abang lan suruh sak lepek wis digawa Yatik.

“Niki Mak.” Ambi ngelungaken lepekan isi bawang abang lan suruh. Sekala iku bebekan bawang abang lan suruh ditemplekakak ring bun-bunane Ropik.

“Paringana seger waras gusti, putunisun iki.” Ambi ngusap bun-bunane Ropik.

Ropik kang magih dhurung teteh ko ngomong mung bisa ngeringik. Lamat-lamat, Ropik mentheleng nyawang embahe.

“Eeee.. eeee..” Ropik nudhing bacote.

“Apuwo lik, apuwo bacote.” Dipasdhek-pasdhekaken ambi embahe.

Gok ana cemeng-cemeng ring njero bacote.

“Tik, ana parane ring bacote lare iki Tik. Kelendi njuwute iki.”

Isun sakal melencat deleng bacote Ropik. Sun cothet sing keneng.

Ropik saya nangis keleteran. Yatik kepelayon ring umahe Wak Saleh mantri suntik sebelah umah.

Njaluk tulung meriksa Ropik. Wak Saleh teka banjur ngurupi senter cilik ring bacote Ropik.

Nganggo cepitan cilik, idhing-idhing dilebokaken ring bacote Ropik. Diorot, kaya kewan cemeng dawa metu teko bacote Ropik.

“Astagfirullo, iki pacet Tik ana ring njerone bacot anak iro.”

“Ya Alloh, endhane ulihe ngerekep ring banyu Kali Bendo kapan iko yo.” Sekabehe uwong kang nulih padha jengah.