Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Man Bandik Cemeng
- Istimewa/ VIVA Banyuwangi
Cerpen Bahasa Using, VIVA Banyuwangi –Umure saiki wis emeh suwidak taun. Naming wong lanang hang ring kampunge diceluk Man Bandik cemeng iku magih katon seger. Kadhung uwong hang sing tau kenal, pungkasane ngira Man Bandik magih umur 45 taun.
Merga awake magih keker, melakune magih sagah, untune magih wutuh, matane uga magih tangar.
Iyane mung urip dhewekan ring umah gedheg cilik pinggir pesisir.
Sedina-dina iyane mbukak warung kopi ambi gorengan kanggo nyiyapi uwong-uwong hang arep budhal nggolet iwak ring segara. Saben-saben uwong hang arep budhal golet iwak, mesthi sangu gorengan ambi kopine Man Bandik.
“Man gorengane Man rongpuluh ewu. Ambi kopine sak teremos,” jare Kang Munip ambi nyepak-nyepakaken pancinge.
“Budhal ambi sapa sira Nip?” Man Bandik takon ambi ngudheg wedang kopi pesenane Kang Munip.
“Mung keloron Man, ambi Ja’i. Karepe ketelon ambi Mardi.
Sing weruha iki mau sun susul, Mardi kadheman,” jare Kang Munip.
Ambi ngelungaken pesenane Kang Munip, Man Bandik pesen kadhung ulih iwak Kerapu, arep dituku.
Pirang-pirang dina iki iyane kepingin mangan Kerapu. Wis pesen nong uwong-uwong hang budhal mancing sing tau ana.
“Pirang-pirang dina iki mula sepi iwak Man. Engko kadhung ulih Kerapu hung gaw nong warung rika,” janjinya Munip.
Bengen magih enome, Man Bandik diwedeni uwong. Iyane kesuwur pereman pasar hang ilmu kanuragane sing ana hang bisa nandhingi. Jare ceritane wong-wong, iyane duwe ilmu kebel.
Sing mempan dibacuk. Saben tukar ambi preman liyane, Man Bandik sing tau asor.
Taping Man Bandik sing tau mulasara musuhe.
Kadhang musuhe malahan ditulung. Pungkasane akeh musuh-musuhe hang wis dikalahaken sakteruse malah dadi muride.
Saiki iku mung dadi cerita lawas hang mula arep dilalekaken ambi Man Bandik.
Iyane kepingin dadi wong biyasah hang sing diwedeni uwong.
Mangkane sakat umur seket taun, Man Bandik metu teka pasar lan leren dadi pereman.
Teka pasar kutha, iyane nyisih ring pinggir pesisir mbukak warung kopi lan gorengan geningena sing ana hang kenal sapa setemene iyane.
Iyane kepingin urip setuhune. Sing kepingin tukar-tukar kaya bengen maning Man Bandik bengen tau duwe rabi arane Bik Sapiyah.
Uwonge cilik ayu lan apik wateke. Bik Sapiyah seru sing senenge kadhung ndeleng Man Bandik dadi pereman ring pasar.
Emeh saben dina Bik Sapiyah celathu nong lakine supaya leren dadi pereman.
“Kang, rika iku dadi pereman paran hang digoleti. Kadhung mung golet sega sepiring kanggo madhang rika lan isun, sing bisa ta leren dadi pereman. Dadi pereman iku sing berkah Kang. Mangkane Hang Kuwasa sampek saiki magih durung nguweni momongan nong rika ambi isun,” celathune Bik Sapiyah.
Pungkasane paran hang diomongaken rabine terus dienget ambi Man Bandik.
Suwi-suwi Man Bandik kaya males metu ring pasar maning.
Paran maning rabine katon mulai isi. Iyane seru girange kerungu dhung rabine wis telat telung minggu.
Iyane kepingin ngerumat rabine supaya sing kekeselen.
Namin Hang Kuwasa duwe cerita liya.
Paran hang diangen-angen Man Bandik, temakaken magih durung bisa diwujudaken ambi Hang Kuwasa.
Pas Bik Sapiyah mbobot limang ulan, iyane ketabrak sepidhah montor pas arep belanja ring pasar.
Mesthi bain wong pasar kelunjuk, paran maning hang ketabrak iku rabine pereman pasar hang paling diwedeni.
Merga pendarahan hang deres, pungkasane jabang bayi hang ana ring wetenge Bik Sapiyah mberojol lan sing bisa diselametaken.
Bik Sapiyah dhewek uga nututi anake kerana kentekan getih. Sakat kedadeyan iku, Man Bandik janji sing arepe nerusaken dadi pereman pasar.
Iyane arep urip setuhune kaya uwong-uwong biyasah.
Naming kadhung magih ring kutha, arane Man Bandik magih dikenal ambi kanca lan musuhe.
Pungkasane iyane pindhah minggir ring pinggir pesisir geningena sing ana hang kenal.
Man Bandik nggawe umah gedheg cilik ring pinggir pesisir, ring tanah hang bengen tau dituku kala magih dadi pereman.
Dienggo kebutuhan uripe sedina-dina, Man Bandik nyacak mbukak warung kopi ambi gorengan kanggo nyiyapi uwong-uwong hang arep budhal mancing ring segara.
Sewijine dina, isuk-isuk serngenge buru bain untup-untup ring wetan. Teka kadohan katon ana wong loro arep ngedhunaken perahu.
Katone wong loro iku arep budhal mancing keloron.
Naming, durung sampek perahune mudhun ring banyu segara, iyane dicegat ambi wong papat hang awake keker.
Man Bandik hang buru bain mbukak warunge, mung bisa ndeleng teka kadohan.
Naming iyane kaya kenal ambi wong loro hang arep budhal mancing iku.
Weruh wong loro iku kaya tukar padu ambi wong papat, Man Bandik marek.
Sing weruha wong loro iku Munip ambi Ja’i hang biyasah langganan gorengan ambi kopi nong warunge.
“He...sulung-sulung ta, ana paran iki?” Man Bandik takon ambi melayu marek nong uwong-uwong iku.
“Rika aja milu-milu Man. Iki urusan isun ambi Munip. Iyane duwe utang wis emeh setengah taun sing mbayar-mbayar. Saben ditagih semaya kadhung ulih iwak pancingan akeh,” jare wong lanang hang paling gedhe.
“Temenan ta Nip?” Man Bandik nakoni Munip.
“Enggeh Man. Taping utange iku mung kari bungahe. Pokoke pun kula bayar lunas. Kula arep ngelunasi bungahe niku ngenteni ulihe iwak pancingan iki. Rika dhewek ngerti kan, pirang-pirang minggu iki ulihe iwak pancingan sithik. Diadol mung cukup dienggo madhang bain,” jare Munip ambi rada keweden.
Ambi rada marek nong uwong hang awake gedhe iku, Man Bandik cerita sak anane kahanane Munip.
Mula pirang-pirang minggu iki ulihe Munip mancing mung sithik.
Dienggo madhang keluwargane bain durung karuwan cukup.
“Paran hang diomongaken Munip iku bener Kang. Iyane mula wis usaha golet iwak, naming ulihe mula sithik-sithik. Sing ana hang bisa dijuwut kanggo mbayar bunga nong rika. Ya njaluk tulung bain hang sabar. Mesthi Munip sing arepe lali mbayar bungahe,” jare Man Bandik.
Wong hang gedhe awake iku tetep ngotot njaluk Munip mbayar bungahe dina iku.
Kadhung sing bisa mbayar, kepeksa jukunge Munip arep dijuwut dienggo jaminan.
Mesthi bain Munip sing gelem. Iyane terus mertahanaken jukunge. Kadhung sing ana jukung iku, kelendi iyane arep golet iwak maning ring segara.
Pungkasane iyane sing duwe pengasilan saben dinane.
Pas wong hang awake gedhe iku arep njuwut jukunge Munip, Man Bandik sakkal narik tangane uwong iku hang ambi kancan-kancane diceluk Martok.
Weruh Man Bandik nyegah iyane njuwut jukunge Munip, sakkal Martok kalap.
Iyane nyerang Man Bandik. Naming dudu Man Bandik kadhung mung ngelawan wong siji bain asor.
Man Bandik narik sikil tengene memburi lan barengan tangan tengene ngantem pas janggute Martok. Sakkal Martok muncal lan kemurep ring pasir sing bisa tangi maning.
Weruh Martok sing bisa tangi, kancane hang telu arep ngerubut Man Bandik.
Naming teka kadohan ana suwarane wong lanang hang nyegah wong telu muko.
“Sulung...sulung mandego sulung. Aja diterusaken,” jare wong lanang hang nganggo topi lan tasemak cemeng iku.
Pas parek nong panggone wong-wong padu iku, uwong hang nganggo topi iku marek nong Man Bandik.
“Man, sepurane anak buah isun sing weruh nong rika,” jare ambi salaman nong Man Bandik.
Wong-wong hang ana ring kana padha kelunjuk.
Kabeh padha bingung kok Man Bandik bisa dikenal ambi uwong iku.
Pungkasane uwong-uwong hang nagih muko mulih bareng ambi uwong hang nganggo topi.
Kerana Munip ambi Ja’i magih bingung, pungkasane Man Bandik cerita kadhung uwong hang nganggo topi iku bekas muride bengen pas iyane magih dadi pereman pasar.
“Taping njaluk tulung, aja sampek cerita iki nyebar ring wong-wong kene. Isun kepingin uwong-uwong sing weruh dhung isun bekas pereman pasar. Isun kepingin urip setuhune kaya sira-sira kabeh,” jare Man Bandik.