Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Sing Nyana

Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Sing Nyana
Sumber :
  • Anton Heri Laksana/ VIVA Banyuwangi

Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, VIVA Banyuwangi –Nia keranta-ranta nyawang poto iyane keloron ambi Dimas. Uwong lanang kang dadi demenane.

Eluh sing bisa diendekaken kerana magih katon ring mata dhonge iyane ngeculaken nggenggeman tangan Dimas hang arep menyang nang Pulau seberang.

Semilire angin ring dermaga ngademi dina pisahe Nia lan Dimas sore iki.

Dimas pamit nang Nia arep mulih nang pulau cilik ring sekitare Lombok.

“Aja rika tangisi lakunisun iki. Isun menyang sambang wong tuwek ring pulau. Sedelo musti balik merini maning.”

Nia sing semaur, iyane mung manggut ambi ngempet iluh makene sing mili.

“Isun berangkat nggawa janji. Semunu uga rika, mugi bisa njaga welas hang ana ring ati sampek tekane isun.”