Cerpen Using, Judul: Umah Singid

Ilustrasi rumah hantu
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Budaya, VIVA Banyuwangi – Penulis: Oyek Setro

img_title Best Goal Keeper Nuswantara Cup U12 2026 Disabet Line Up Diklat Persema Malang, Dastant!

Umah iku ngadeg ring pekarangan ambane 370 meter persegi, ring ndesa pinggir pesisir. Kiwa tengene magih akeh wit kelopo hang dhuwure kaya-kaya arep ngerangge langit. Umahe katon gedhe, payone katon dhuwur.

Iku hang nggarahi umahe kerasa adhem ambekanea usum panas. Umah gedhe iku diwatesi ambi pager wesi ukir-ukiran. Lawang pagere selorogan.

img_title Inilah Nama Anggota DPRD di Jatim yang Positif Narkoba Jenis Sabu & Ekstasi

Ring pojok mburi umah ana sumur hang dienggo nyukupi kebutuhan banyu keluwarganhun. Apakhun sing dhemen ambi banyu ledheng. Dalihe, dhung nganggo banyu ledheng jare mambu kaporit.

Ring pinggir teras umah, pas ngisore cendhela kamar ngarep, digawe kolam iwak hang keneng dienggo pethetan. Kolam iku hun wangun kerana saran teka kancanhun.

img_title Satpol PP Banyuwangi Tegaskan Proyek Eks Tambak PT SAA di Wongsorejo Ilegal, SIUP Mati Sejak 2018

“Miturut fengsui, ring ngarep umahira kudu ana unsur banyu. Lagotane kelairanhira taun jaran,” jare kancanhun hang dhemen sinau ilmu-ilmu metafisik.

Umah iku bengene tinggalane wong tuwekhun. Apakhun, Pak Sumardi, ninggal sakdurunge umah iku marek.

Isun hang dadi siji-sijine anake apak, kerana apak mung duwe anak siji, ihtiyar nerusaken mangun umah iku kaya amanate apak sakdurunge ninggal ring rumah sakit.

Emak nurut bain paran jare isun. Buru bain umah marek, emak nyusul apak nemoni Hang Kuwasa. Iyane ninggal isun sak keluwarga, sakuwise dirumat ring rumah sakit Surabaya sakulan suwine.

Stroke hang wis njuwut emak teka isun lan putune loro hang lucu-lucu. Pungkasane isun mung urip ambi rabi lan anak loro ring umah anyar iku.

Sakjane ana cerita hang unik ring lemah hang hunedegi umah iku. Pas ring tengahe, ana wit kelapa hang merujuke sing umum.

Uwit iku merujuk ngempang kaya uwit pelem. Empange ana telu. Masiya dhuwure uwit kelapa iku mung hing sampek rong meter, gelugune wis sak pukange wong tuwek.

Kawitan arep ngedegaken umah ring lemah iku, apak ambi tukange wis engkel-engkelan perkara uwit kelapa iku.

Karepe apak uwit iku ditegor bain, kerana ngganggu modhel umah hang wis digambar. Taping Kang Soyo hang nukangi umah iku, ngarepi sing usah ditegor.

Lamuna ditegor, ya kudu dikawiti ambi selametan geningena sing ana paran- paran.

Kerana apak sing percaya ambi hang gedigonan, pungkasane tetep ditegor sing kathikan nganggo selametan.

Sakjane ana rasa wedi ring atine tukang iku. Naming iyane mung tukang, hang duwe lemah lebih kuwasa timbangane iyane. Ambi rada enjit-enjiten, Kang Soyo ambi kancan-kancane negor uwit iku.

“Muga alah sing ana paran-paran. Sing usah percaya ambi hang gedigonan. Percayaa bain ambi Hang Kuwasa,” jawabe apak kala iku. Pungkasane Kang Soyo ngelaksanakaken kekarepane apak.

Temakaken paran hang dirasakaken ambi Kang Soyo, uga dirasakaken ambi tangga teparo. Akeh tangga hang nyesel deleng uwit kelapa iku ditegor sing kathikan diselameti sulung.

Malahan akeh hang ngubung-ngubungaken matine apak lan larane emak sampek temekane pati iku, kerana negor uwit kelapa.

Taping isun sing kepingin katut paran hang dipercaya ambi tangga-tangga. Isun percaya kadhung kabeh iku wis pesthine Hang Kuwasa.

Telung taun suwene isun sak keluwarga manggoni umah iku. Sak lawase iku, isun sing tau nemoni kedadeyan paran-paran.

Kabeh melaku wajar. Ambekanea akeh tangga ngaku ngerasakaken hal ganjil. Wayah samarwulu, sing ana uwong siji-sijiya hang wanen liwat ring pinggir umah.

Kabeh lebih milih dalan muter hang pungkasane lebih adoh. Nujoni isun buru mulih megawe, pas samarwulu, isun dikagetaken ambi suwara lare cilik jerit-jerit keweden.

Anake tangga hang wis umur pitung taun iku jerit-jerit pas ring pinggir umah. Kerungu anake njerit seketane, emake metu lan marani.

“Isun mau kebelet nguyuh. Kerana wedi ngompol, langsung bain isun nguyuh ring pager umah iki. Pas isun ndhangak, sing weruha ring ndhuwur gentheng ana wong wadon rambut dawa medhongkrong,” ceritane lare cilik iku pucet ambi meluk emake.

Taping hang nggarahi lebih ngagetaken maning, temakaken wong wadon hang rambute dawa mauko magih tetep katon medhongkrong ring gentheng.

Sakkal lare iku digendhong lan digawa mulih. Cerita wong wadon rambut dawa ring ndhuwur gentheng iku cepet nyebar sak desa.

Pungkasane umah isun dianggep umah singid. Umah hang akeh cubane, akeh jerangkonge. Nujoni penggaweyan isun bangkrut, sampek kabeh hang sunduweni sun adol, molai

montor, sepidhah montor, kebonan, kabeh diubung-ubungaken ambi uwit kelapa hang ditegor.

Kabeh sangkal hang sun rasakaken, diubungaken ambi perkara negor uwit kelapa. Sampek-sampek isun hang kangelan ngadol umah iku, uga diubungaken ambi uwit kelapa.

“Sing usah nyalahaken uwit kelapa. Geningena kabeh uwong ngomong paran bain, rika sing usah percaya hang kaya gedigonan. Iku sirik. Kabeh hang sun alami, iku murni kesalahanhun dhewek. Sepurane hang gedhe kadhung kabeh hang rika lan isun duweni kepeksa kudu diadol. Muga alah kita bisa ngadeg maning, kadhung kita iklas lan tetep terus usaha,” sun dhem-dhemi atinrabinisun hang rada nelangsa.

Suwi-suwi rabinisun bisa nerima kasunyatan. Ngono uga anak isun loro hang magih lungguh ring bangku SD.

Anak isun kelunjuk ndeleng ekonomine apake sangsaya mrihatinaken. Ajaa tuku memengan, kanggo mangan sedina-dina bain kala-kala sing ana hang dipangan.

Taping rabinisun mula wong wadon hang kuwat. Iyane tetep usaha kelendi carane anake sing patiya nelangsa.

---

Setaun lawase isun sak keluwarga urip ring umah kontrakan hang gedhine sing ana seperipite umah hang bengen.

Masiya umahe sing gedhe, naming katon rijig lan asri. Temakaken ring umah hang anyar iku, anakisun ulih kanca-kanca akeh hang apik-apik.

Mergane iyane bisa cepet ngelalekaken masalahe bengen. Ring umah iku, isun ngawali usaha anyar. Isun nekad mbukak loundry.

Isun ngawiti usaha ambi ngelayani marani ring umahe pelanggan. Temakaken kadhung dilakoni kanthi temenanan lan sing lali ndunga, ya bisa melaku apik.

Sing butuh wektu suwi, usahanhun melaku banter. Suwi-suwi wis akeh cabang usahanhun ring endi-endi.

“Byek ... Kang Tono saiki mbuka usaha loundry? Katone kok rame usahane Kang.

Cabange ana ring endi-endi yuh,” jare salah sijine tangganhun bengen pas kecaruk ring kantor bang.

 “Alhamdulillah ...,” jawabhun.

Pungkasane isun lan iyane gesah ngalor ngidul sampek perkara hang bengen-bengen. Temakaken umah hang wis sun adol bengen iku sampek saiki magih kesuwur umah singid.

Umah iku saiki kosong sing ana hang manggoni. Uwong hang nuku mung nganggoni rong ulan. Seteruse ditinggal lan kosong sing kerumat.

Aran suket dhuwure wis emeh padha ambi dhuwure lare umur limang taun.

“Umah rika iku saiki kosong Kang. Hang manggoni sing kerasan. Iyane mung

manggon sak ulan. Jarene ping kaping-kaping diedeni cuba,” jarene maning ambi

nambahaken gog umah iku wis ditawak-tawakaken, taping sing ana hang wani nuku.

Saikine umah iku bener-bener kaya umah singid. Bangunane sing kerumat. Suket-suket ring pelataran umah sing tau ana hang mbereseni.

Tembok njaba umah katon lumuten. Kaca-kaca cendhela akeh hang wis pecah, sing tau diganti ambi hang duwe.

Sawang-sawang ring pojokan payon umah, pating gelantung kaya selambu. Hang lebih ngenesaken maning, pager wesi hang bengen sun wangun ngentekaken picis sing sithik iku, saiki ana hang ilang.

Embuh sapa malinge hang nekad nggotong pager wesi pirang-pirangane meter dawane iku. Kari tembok-tembok thok hang wis lumuten.

Ngerti ceritane umah hang bengen sun wangun kanthi sara, saiki sing kerumat, sing kerasa iluh temetes.

Isun magih enget pesene apak kala iku. Isun dikongkon nerusaken mangun umah iku. Teka asil mupakate ambi rabinisun, pungkasane umah hang jare singid iku sun tuku maning.

Isun ya beja ulih rega ring ngisore kala sun adol bengen. Hang duwe saiki jare sing betah manggon ring umah iku.

Pungkasane saiki umah singid iku mbalik kemeromong maning kaya bengen. Ring bucu-bucu sun uwani damar hang padhang.

Masiya gedigu, tangga teparo magih wedi liwat ring sisihe umah dhung wayah samarwulu.