Cerpen using, Judul: Pecel Pitik

Ilustrasi menangkap ayam liar
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Budaya, VIVA Banyuwangi –Penulis: Oyek Setro

Polri Tetapkan Aturan Baru untuk Calon Penumpang Pelabuhan Ketapang Banyuwangi Jelang WWF Bali

Ndeleng pitik seliweran ring pelataran umah, ngecrat-ngecrot nembelek sak enake, nggarahi Man Bandik murang-muring. Wis pingkaping-kaping Man Bandik ngerijigi tembelek ring bentur umahe. Paran maning kadhung hang metu tembelek lincung. Ambune sing bisa ilang masiya wis dirijigi. Kudu diepel ambi Lisol geningena sing mambu.

Man Bandik urip ring kampungan. Iyane pangsiyunan pegawe pabrik kertas. Rabine wis telung taun iki ninggal kerana keneng covid. Ring umah iku iyane mung urip ambi anake aran Manto hang wis lancing. Lare hang sing pernah suwi-suwi ring umah. Saben dinanemung keluyuran ambi kancan-kancane. Gulakane Man Bandik dhewek hang kudu rijig-rijig umah saben dinane.

Kuota PPS di 69 Wilayah Belum Terpenuhi, KPU Banyuwangi Lakukan Ini

“Indhane pitike sapa iki yuh. Nembelek sak enake ring umahe uwong. Sing dikandhang ta ambi hang duwe? Paling-paling iki pitike Man Saleh,” celathune Man Bandik ambi ngepel tembelek lincung hang ana ring bentur umahe isuk iku.

Mula ana salah siji tanggane Man Bandik yaiku Man Saleh hang ngopeni pitik. Maning sing sithik hang diopeni. Kadhung sepuluh bain lebih. Kabeh pitik kampung hang diumbar sing digawekaken kandhang. Saben dalu turune nangkring ring empange wit pelem hang ana ring buritan umahe. Taping kadhung raina, keleleran ring umahe tanggan-tanggane.Salah sijine hang kulina seliweran ring umahe Man Bandik.

Pelaku Ekraf Banyuwangi Digelontori Kredit Iklan 15 Ribu USD?

Wis ping kaping-kaping Man Saleh diceluk ambi Pak RT kerana pitike nembelek ring umahe tanggan-tanggane. Karepe Pak RT, Man Saleh dikongkon nggawe kandhang sak anane, geningena pitike sing keleleran ring umahe tanggane. Sing ngotori umahe tanggane.

“Iyo wis, engko kadhung ana rejeki arep sun gawekaken kandhang geningena sing keleleran ring endi-endi,” jare Man Saleh kala diceluk ambi Pak RT.

Halaman Selanjutnya
img_title