Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Sega Jum'at
- Istimewa/ VIVA Banyuwangi
Cerpen Bahasa Using, VIVA Banyuwangi –Arane Sumarni. Ring kampunge lebih kejuluk ambi aran Mak Marni. Umure wis mangkat suwidak. Iyane randhane pegawe pabrik kertas.
Anake mung siji, wadon arane Sinta hang megawe ring kutha. Saikine Mak Mar mung urip dhewekan ring umah sedherhana tinggalane lakine ring kampung.
Kanggo nyukupi kebutuhan sedinane, Mak Mar adol gorengan ring ngarep umahe. Ana gedhang goreng, tahuk isi, saberang goreng, tempe gembos lan ote-ote.
Sak liyane iku uga ulih kiriman picis hang sing sepira teka Sinta.
Masiya umure wis suwidak, Mak Mar magih katon telikas. Nawi bain kerana Mak Mar wis biyasah megawe abot.
Jare uwong-uwong kampunge, dhung wis megawe, Mak Mar sing weruh wayah. Iyane mesthi ngelakoni penggaweyane sampek marek. Hing tau Mak mar megawe mung setengah-setengah.
Dhung dina Jum’at, Mak Mar perei adol gorengan. Iyane nerima pesenan sega bungkus kanggo sedhekah dina Jum’at.
Asile pesenan sega bungkus iku cukup kanggo nambah kebutuhane Mak Mar sedina-dina.
Kaya dina-dina Jum’at sak durunge, subuh iku hawane kerasa adhem seru sampek kaya-kaya ngeremet belung.
Ebun ngelayang-ngelayang ring ndhuwur gentheng umah. Wernane putih sampek ngalangi mata kanggo ndeleng.
Damar-damar ring dalan-dalan kampung magih katon murub. Nerangi dalan-dalan makadham.
Manuk-manuk cilik katon magih males arep metu teka sisihe. Iyane kabeh katon magih kerasa ngantuk sak uwise sewengi kadhemen keneng udan deres. Suwarane adan Subuh magih kerungu teka masjid.
Adheme hawa Subuh iku sing nggarahi Mak Mar murungaken niate arep belanja nong pasar.
Jaket rajutan werna ijo hang diuweni anak siji-sijine iku, paceke ngemuli awake hang kuru.
Jaket iku sing tau lali mesthi dienggo kadhung nong pasar. Keranjang ebeg cilik iku uga sing tau kelalen. Sepira bain akeh belanjane Mak Mar, keranjang cilik iku mesthi dicangking.
Ambi nunggang sepidhah pancal tuwek merek Phoenix, Mak Mar budhal nong pasar. Suwarane sepidhah hang kreyot-kreyot iku wis sing asing ring kupinge tangga-tanggane. Suwara iku pertandha kadhung Mak Mar mangkat budhal nong pasar.
Sepidhah pancal iku duwene lakine sak wayah magih megawe ring pabrik. Wis emeh telung taun iki lakine mulih ring pangkuwane Hang Kuwasa, jalaran lara ginjel.
Mung setengah ulan lakine Mak Mar dirawat ring rumah sakit, aju dipundhut ambi Hang Kuwasa. Sakat iku Mak Mar kudu moncat-mancit dhewekan kanggo nguripi awake dhewek, sak liyane kiriman teka anake hang megawe ring salon kutha.
Sak joke ana korona, saben dina Jum’at Mak Mar sing ngelayani gorengan maning. Mak Mar nerima pesenan sega bungkus kanggo Jum’at berkah, hang pungkasan dikenal ambi uwong-uwong ambi aran sega Jum’at.
Sega bungkus iku pesenane uwong-uwong hang arep disedhekahaken kanggo wong hang mulih teka Jum’atan ring masjid kampung.
“Wis arep mangkat belanja Mak? Akeh ta pesenane?” Bik Ratih tangga sebelah umahe takon isuk iku.
“Alhamdulillah ... Jum’at iki sing kaya Jum’at sak durunge. Maklum ana warga anyar hang arep sedhekah rada akeh,” jare Mak Mar ambi mancal sepidhahe liwat ngarep umahe Bik Ratih.
“Rejeki iku arane Mak ... amening ring dalan Mak,” jare Bik Ratih ambi terus melebu ring njero umahe.
Sing sepira suwi, Mak Mar wis gadug ring pasar. Jarak teka umahe sampek ring pasar kira-kira mung sekiloan.
Ambi nunggang sepidhah pancal, mung butuh wektu limolas menit. Kaya gedigu dilakoni Mak Mar saben dinane.
Mula Mak Mar ngelayani pesenan sega Jum’at sapa bain hang merlukaken. Para warga kampung hang arep sedhekah dina Jum’at, emeh kabeh mesthi pesen sega bungkus nong Mak Mar.
Sak bungkus mung diregani limang ewu. Saben dina Jum’at, pesenan sega bungkuse Mak Mar bisa sampek pitung puluh bungkus. Malahan dina Jum’at iku Mak Mar nerima pesenan sampek satus seket bungkus.
Masakane daya mung sedherhana bain. Naming ring tangane wong wadon kuru hang pinter olah-olah iku dadi kerasa enak seru.
Masiya mung isine tahu bumbu rujak, mi hun, pelecing pitik lan sambel, kerasa enak. Sing kalah dhung dibandhingaken ambi sega-sega teka restoran. Enake olah-olahane Mak Mar mula wis kesuwur ring warga kampung.
Sakat pirus korona terus nyerang, sedhekah sega Jum’at dadi tradhisi ring masjid kampunge Mak Mar.
Kawitan mung warga-warga hang sugih mgumpulaken sega bungkus dienggo mbantu warga hang ekonomine kurang. Kaya tukang becak, tukang sampah lan pegawe-pegawe kasar ring kampung.
Temakaken kebiyasaan hang apik iku terus melaku. Saben dina warga hang arep sedhekah tambah akeh.
Akehe sega bungkus hang disedhekahaken nggawe takmir masjid ngerencanakaken dhung sega iku dibagikaken nong wong-wong hang mulih sembayang Jum’at. Sakat iku, Mak Mar molai nerima pesenan sega bungkus saben dina Jum’at.
“Dhung arep pesen sega bungkus kanggo sega Jum’at, langsung bain nong Mak Mar. Umahe parek ambi kuburan Bik. Segane enak, punel, olah-olahane uga enak. Regane mung limang ewu sak bungkus,” jare salah sijine warga.
Promosi emak-emak hang ngerasa sekaken ndeleng ekonomine Mak Mar, temakaken ya cukup ampuh.
Sing mung siji loro wong hang pesen sega bungkuse Mak Mar. Emeh kabeh warga hang arep sedhekah sega Jum’at, mesthi pesen nong Mak Mar.
Ana hang pesen mung rong bungkus, limag bungkus, sepuluh bungkus, malah ana hang sampek pesen seket bungkus.
Bik Ratih, tanggane Mak Mar, hang paling getol meromosikaken sego bungkuse Mak Mar.
Emeh saben emak-emak hang arep sedhekah sega bungkus, mesthi digiring nong umahe Mak Mar.
“Sekaken Mak Mar, iyane randa, mung ana siji anake hang nyukupi kebutuhan uripe. Muga-muga bain ambi akehe pesenan sega bungkus iki bisa ngenthengaken ekonomine Mak Mar hang uga keneng pengaruhe korona,” jare Bik Ratih ring njero ati.
Kulinane pembagian sega Jum’at ring masjid kampung, temakaken nggawa pengaruh apik. Lare-lare cilik padha seneng teka ring masjid saben dina Jum’at. Masiya kawitan mung nganteni sega bungkus.
“Nawi bain kawitan mula nganteni sega bungkus. Taping iki cara hang apik kanggo narik lare-lare cilik teka ring masjid. Insa allah engko iyane kabeh sing kate mikiraken sega bungkus maning. Iyane kabeh molai bener-bener ngelaksanakaken ibadah,” jare ustad Selamet hang ngajar ngaji ring TPQ masjid.
Naming sing sithik warga hang ngarepaken sega Jum’at diendhegi. Kerana ndeleng lare-lare cilik padha rebutan sega. Lare-lare iku kaya-kaya sing merdhulikaken uwong-uwong hang magih durung marek sembayang.
Pungkasane muncul setuju lan sing setuju. Ana hang ngarepaken diendhegi, ana hang njaluk diterusaken.
“Kadhung diendhegi, hang kawitan lare-lare cilik bisa mbalik males teka ring masjid maning. Hang kepindho, bisa mateni rejekine uwong-uwong hang pegaweyane adol sega bungkus kaya Mak Mar,” jare salah sijine pengurus takmir.
Isuk iku pasar katon rame. Dalanan hang lejek kerana marek udak suwengi, nggarahi uwong kudu rada ati-ati. Keliru njangkah sithik bain, bisa kebelandur.
Padhete dalan melebu pasar tambah katon kerana akehe welija hang melebu metu pasar. Iyane kabeh uber-uberan ambu wektu kanggo nggolet dagangan. Kasep keliling, iyane bisa kelangan pelanggan.
Sedheng pirang-pirangane wong adol woh-wohan kaya-kaya sing mikiraken larangane Satpol PP hang sing ulih adol ring sisih-sisihe dalam melebu pasar. Pungkasane dalan melebu pasar katon tambah ciut lan nderawasi kanggone wong-wong hang nunggang kendaraan.
Kalingana subuh iku ramene pasar kecamatan tambah katon ring pelawangan melebu pasar. Para pedagang lan hang tuku padha-padha dikagetaken ambi akehe warga hang kumpul ring lawang melebu pasar. Sangsaya suwi uwong-uwong sangsaya rame.
Pungkasane dalam melebu pasar dadi macet. Akeh pedagang lan hang tuku sing bisa melebu pasar. Dalan melebu pasar ketutup nggerumbule uwong-uwong hang kepingin weruh ana kedadeyan paran. Suwarane hang padha takon-takonan tambah nggawe rame suwasana ring pasar.
“Ana paran rame-rame. Ana jamberet ta?” wong adol jajanan takon nong gerumbulane uwong-uwong.
“Kebelahen Kang. Emak-emak ketabrak sepidhah montor,” jare lare enom hang adol woh-wohan ring pareke dalan melebu pasar.
“Sapa hang nabrak?” takone maning.
“Lare enom hang seneng kebut-kebutan ring dalanan Kang. Mau pas liwat ring ngarep lawang pasar, papasan ambi welija. Sakkal lare iku mbanting setire ngiwa. Temakaken ring kiwane ana emak-emak hang nunggang sepidhah pancal. Sing ayal maning emak-emak iku keterak lan mental,” jarene.
“Ya gedigu iku pokal gawene lare nom-noman saiki. Sing mikir belahi. Iyo dhung iyane dhewek hang belahi, sing paran-paran. Aju kaya saiki, hang dadi wadal emak-emak hang sing ngerti paran-paran. Wis sing nganggo helem, nyeput maning. Sing mikir ta gok iki ring pasar,” jare embah-embah hang adol janganan ambi muter sisike.
Ring tengahe nggerumbule uwong-uwong, katon emak-emak nganggo jaket rajut werna ijo nggelimpang ring lurung.
Werna jakete wis katon sing ijo maning. Ring kana kene katon abang getih. Ring sekitare emak-emak iku katon getih mbelambang.
Kaya-kayane getih iku metu teka endhas sisih mburi. Jare uwong-uwong hang nyekseni kedadeyan, emak-emak iku temeblug ngantem watu ring pinggir lurung.
Ring sekitare emak-emak iku katon sepidhah pancal tuwek wis ringsek. Ring sisihe ana tas ebeg sak isi belanjaane.
Ring sisih liyane, katon sepidhah montor perotholan gemelethak. Ana lare enom ketidhihan sepidhah montor. Iyane nggereng kelaran. Getih mili ring lengen lan sikil tengene.
“Ya Allah ... Mak Mar. Innalillahi wainnailaihirojiun. Iki tangganisun. Iyane hang adol gorengan lan sega bungkus ring kampung isun. Sekaken yuh, lakine wis sing ana. Anake mung siji, saiki megawe ring kutha,” jare Mbok Marni hang temakaken tangga kampunge korban.
Sakkal Mbok Marni njuwut hp ne ngubungi ustad Selamet. Iyane ngabaraken dhung Mak Mar matek kerana ketabrak sepidhah montor ring pasar. Mayite sakkal digawa nong rumah sakit sak uwise diperiksa ambi pulisi hang pas liwat ring pasar.
“Innalillahi wainnailaihirojiun. Saiki mayite ana ring endi Mbok?” ustad Selamet takon.
“Wis digawa nong rumah sakit Pak Ustad,” jarene.
“Dhung gedigu, isun nak ngabari anake hang ana ring kutha. Nuju isun duwe nomer hp ne. Uwong-uwong ya sun jaluki tulung nyiyapaken ring umahe. Isun langsung nong rumah sakit bain,” jare ustad hang ngerangkep dadi Ketua Takmir Masjid.
Kabar Mak Mar mati ketabrak sepidhah montor ring pasar cepet nyebar. Emeh kabeh warga kampung ngerasa sekaken. Mak Mar hang dikenal apik atine, sedherhana, temakaken sing dawa umure. Iyane kudu nemoni ajal kerana sikap ugal-ugalan lare enom hang nunggang sepidhah montor.
“Isuk muko, pas mangkat nong pasar kecaruk isun ring ngarep umah. Malahan iyane ngomong dhung dina iku pesenan sega bungkuse tambah akeh. Ana warga anyar hang mesen rada akeh dienggo sega Jum’at,” jare Bik Ratih njelasaken nong uwong-uwong hang layat.
“He ... dina iki sing ana sega Jum’at. Mak Mar mati ketabrak sepidhah montor ring pasar,” jare lare-lare cilik ambi pelayon ngandhani kancan-kancane.