Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Kepilu
- Istimewa/ VIVA Banyuwangi
Iyane uga sing kesusu nganteni jawabe isun.
Iyane mung warah dhung atine wis lega bisa nguweni weruh dhung iyane mula welas nang isun.
Aran wong tuwek loro uga padha dhemene.
Weruh kang Jun nari kawin. Sing kathik mungkir maning, emak lan apak setuju dhung isun bisa sesandhingan ambi kang Jun.
Hang aran isun dadi mangmang ambi ati iki.
Isun nganteni ucape kang Ali taping sing ana muni.
Nerima atine kang Jun tapi isun sing duwe ati nang yane.
Lawas wis ana telung ulan kang Ali megawe ana ring kutha liya.
Tambah suwi perhatiyane kang Jun saya nyenengaken ati.
Abot bisa ngelakoni kahanan kaya gedigi.
Isun kudu bisa njuwut keputusan. Sing mungkin kang Jun sun gantung terus-terusan.
Dadine bismillah isun nerima ajakane kang Jun kawinan.
Uni bengi, kang Jun sak keluwarga ampyak-ampyakan nang umah.
Lamaran sun tanpa. Tanggal kawinan wis ditentokaken.
Antarane keluwarga uga wis padha rakete. Semilire angin segara sore iki saya anter, kaya santere ati iki kang wis mapan mapak tekane dina kawinan.
Isun dikagetaken suara kang nyeluk teka kadohan.
Kaya tau rungu suarane sapa. Taping kaya wis lawas suara iki sing ana muni.
Sun tamat-tamataken kalingana kang Ali. “Nur.”
“Kang Ali, lawas sing tau ketemu. Buru mulih ta Kang?”
“Iya Nur, buru mulih isuk mauka. Nur isun duwe oleh-oleh kanggo iro.” Ambi ngelungaken gelang monte manika werno. “Kari repot-repot rika Kang.”
“Gelang iki, padha dene ambi atinisun nang sira. Manika werno, rasane welas kang sun sidhem. Isun dhemen nang sira Nur.” Kemesut rasane ati. Rungu omonge kang Ali kang wis suwi sun anteni. Taping, saikine isun wis duwene wong liya. Sing mungkin sun wurungaken. “Sepurane kang, isun wis duwe bakalan.” Ambi lambe dheredhek isun ngetokaken omong.