Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Usum Jeruk
- Screen Shot Sosmed/ VIVA Banyuwangi
Budaya, VIVA Banyuwangi –Kari lawas sing tau weruh nang aran uwoh jeruk. Apa ya durung usum. Biyasahe sak dalan-dalan akeh uwong adol.
Katon sak kelerepan ring pikiran nang segere uwoh jeruk iku.
Kaya impen tepak melaku menyang kutho, ring pinggir dalan katon gunungan jeruk ring dhuwur pikep ambi melon hang dirik.
Isun yo sing mang-mang maning, uga minggir mandheg ring ngarepane pikep iku.
Isun takon piro regane jeruk sekilo. Hang adol semaur jare selawe ewu.
Ring batin, “Kari larang seru. Apa kerana magih durung usum yo.” Kerana wis kepingin yo sun tuku bain.
Jeruk sekilo ambi Melon sekilo. Teka umah, emak lungguh ring kursi bale.
Nyawang isun nggawa buntilan, kaya lare cilik seru girange.
“Paran iku Beng?” “Jeruk ambi Melon Mak?” ambi ngelungaken Jeruk sak keresek.
“Ngendi sira tuku iki?” “Niku Mak teng pertelon Giri.” Jeruk dikoncet uga dipangan Emak.
“Beng, jeruk iki kok gabes. Wis sing ana banyune.” “Enggeh ta Mak.
Padahal niku selawe ewu sekilo nggeh.
Heem kari saya getun hun tuku mauka.” Ring liya dina, isun belanja nyang kutha liwat Sukowidi.
Ring pinggir dalan wis dirik pikep kang adol jeruk.
Duweni tulisan Jeruk Madu Banyuwangi regane sepuluh ewu sekilo.
Batinisun “Ye dhung iki usum Jeruk temenan.
Kesok bain wis sing tuku saiki.” Tepak melaku mulih, ring pinggir Tempolong desa Brak ana uwong adol jeruk sak pikep.
Ring kana ketulis Obral Jeruk rega limang ewu sekilo.
Wilih sing kathek engko maning sepeda langsung sun endegaken.
“Kang, Jeruk sekilo ya. Manis ta kok regane kari murah.”
“Jeruk isun iki mbok, sak pikep manis kabeh.
Percaya wis. Taping, radha gabes.” “O gedigu. Iyo wis nyacak sekilo.
Dhung manis kesok tuku maning.” Ambi milih-milih jeruk.
Tepak ditimbang, jeruk pilihan isun mauka disemburaken maning ambi kang adol.
Kerana jare jeruk pilihan isun iku mauka inthing, sing pati ana banyune.
Isun yo paserah wis paran jare kang adol.
Teka umah, jeruk sun gelar nang mejo bale.
Ring kana ana emak lan adon kang langsung mangan jeruk iku.
Padha merinci kabeh, kalingana jeruke kecut.
Heem salah maning isun tuku jeruk. Saiki malem Minggu, sing kathek ngomongaken jeruk maning.
Saiki wayahe mangan Mi Ayam langganan isun nong Sukowidi.
Nunggang sepeda idhing-idhing. Mata nuleh ngiwo nengen.
Nawi ana kang enak. Nawi ana kang apik. Sak dalan-dalan kang ana jeruk maning jeruk maning.
Taping, saikine tulisane ganti regane jeruk wolung ewu sekilo.
Ring salah sijine pikep kang adol jeruk, ana kang rame wong tuku.
Arane bain menungso, isun yo milu kepincut.
Regane mudun, yo sing kari murah ya sing larang.
Milu tuku sulung. Sung iling-iling jare kang adol jeruk limang ewuan mauka kon golet kang anteb.
Iyo wis sun pilih-pilih. Serta gadug umah sun gelar maning kang aran jeruk.
Emak sing ngelirik sithik belokon. Kaya kapok mangan jeruk.
Jeruk sun sigar tengah, sun pangan. Heem kalingana manis.
Berhasil isun milih jeruk iki. Sing mandheg mung sumunu nong pikiran isun iki, magih penasaran ambi jeruk kang limang ewu sekilo.
Dhung bisa milih, pastine bisa ulih kang sing gabes uga manis rasane.
Pokoke kesok sun arep tuku kang limang ewuan.
Bengi ganti isuk. Isun berubah sore. Isun langsung nunggang sepeda menyang wong adol jeruk nang Tempolong desa Brak.
Serta gadug, sepeda Sun jagelang. Jeruk sun timbang-timbang ambi tangan.
Nggoleti endi kang rada anteb. “Nyak Kang, tuku sekilo bain.” “Ojo kang iki mbok, kurang anteb.” “Hop, ojo rika kuntek jeruk iku.
Geningno wis. Paran jare pilihan isun.” “Apuwo mbok?” “Pilihan rika kapan iko, luput kabeh.
Kecut.” “Iya ta Mbok?” “Nyacako lung mbok kang iki kek.” Tangane ambi juwut jeruk uga disigar dadi loro.
Kang selisih diwakaken isun. Durung sampek sun pangan. Sun deleng,
kang adol lambene wis mencep ambi matane ngicer selisih. “Yo gedigu iku wis Kang, jeruk hang sun tuku nang rika kapan iko.
Seger.” “Iyo mbok seger.” Ambi gegel-gegel.
Wong kang adol jeruk iku, suwi-suwi tumungkul ambi ngomong.
Iyane cerita dhung isuk iki mauka, buru bain iyane mandheg markir montor.
Ana kang nyerewat jeruk. Kayane kang nyerewat iku wong kang tuku jerek uni bengi.
“Saben uwong nak tuku mesti sun warah mbok, dhung jeruk isun iki gabes.
Taping wong iku magih arep tuku. Jare iyane dhemen masiyo gabes.
E gok isuk mauko isun diserewat jeruk sak keresek.”
“Iyo kang, hang sabar. Dhung jeruk iki gabes isun percaya.
Kerana dheleng regane bain yo wis murah. Yo gedhigu wis anane. Taping rika warahe nang isun soreko, jeruk sak montor iki manis kabeh.
Kalingana seger. Serang segere keliwat sampek kecut.”
“Yo iku mbok, riko tuku mung sekilo. Isun iki tuku sak pikep. Kelendi terus. Yo Alhamdulillah.”