Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Sing Nyana

Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Sing Nyana
Sumber :
  • Anton Heri Laksana/ VIVA Banyuwangi

Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, VIVA Banyuwangi –Nia keranta-ranta nyawang poto iyane keloron ambi Dimas. Uwong lanang kang dadi demenane.

img_title Bau Menyengat Limbah SPPG Bajulmati Resahkan Warga Wongsorejo

Eluh sing bisa diendekaken kerana magih katon ring mata dhonge iyane ngeculaken nggenggeman tangan Dimas hang arep menyang nang Pulau seberang.

Semilire angin ring dermaga ngademi dina pisahe Nia lan Dimas sore iki.

img_title Best Goal Keeper Nuswantara Cup U12 2026 Disabet Line Up Diklat Persema Malang, Dastant!

Dimas pamit nang Nia arep mulih nang pulau cilik ring sekitare Lombok.

“Aja rika tangisi lakunisun iki. Isun menyang sambang wong tuwek ring pulau. Sedelo musti balik merini maning.”

img_title Inilah Nama Anggota DPRD di Jatim yang Positif Narkoba Jenis Sabu & Ekstasi

Nia sing semaur, iyane mung manggut ambi ngempet iluh makene sing mili.

“Isun berangkat nggawa janji. Semunu uga rika, mugi bisa njaga welas hang ana ring ati sampek tekane isun.”

Sing sampek nunggu kapal melaku ninggalaken dermaga, Nia mulih nggawa angenan.

Wayah bengi, Nia sing bisa turu nganteni kabar wis gadug endi lakune kapal hang ditunggangi Dimas.

Ambi deleng berita-berita hang ana ring hape. Derijine Nia mandheg nggingser layare hape kerana weruh ana berita kang rame yaiku keleme kapal hang nuju nang pulau Lombok.

Atine Nia jemedhut, tangan metu gemeter kerana namataken video keleme kapal hang rupane percis kaya kang ditunggangi Dimas.

Ketimbang ati tambah sing karuan, iyane nggoleti nomere Dimas uga ditelepon.

Taping telepone mung memanggil. Terahir dideleng telung jam kepungkur.

Nia mung bisa mikir apik. Mugi duduk kapal hang ditunggangi Dimas.

Dhung mulo iyo, mugi diparingi selamet. Sewengi jampleng Nia sing turu. Terus-terusan nelepon nomere Dimas.

Taping sampek wayah wis ganti isuk, magih bain sing keneng ditelepon.

Nia uga menthelengi kabar hang ana ring hape, sampek Tim SAR teka nyelametaken sekabehe uwong hang ana ring kapal iku.

Naming, kabar kang pungkasan muni dhung sekabehe penumpang lan awak kapal sing ana kang bisa diselametaken kerana antere arus lan gelombang laut.

Tangise Nia pecah rungu kabar hang gedigu mauko. Dina wis ganti dina.

Ulan uga ganti Ulan. Sing ana maning eseme Dimas sing ana maning gesahe Dimas.

Halaman Selanjutnya
img_title