Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Lilin Lan Lintang

Ilustrasi gemerlap bintang di langit
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, VIVA Banyuwangi –“Puuueeeeeeem.” Abane klakson kapal kegawa silire angin ring segara. Lamat-lamat Kapal gedhe iku meripit ring dermaga Pelabuhan Ketapang.

Wayah wis mangkat surub. Ring cagak Pelabuhan, katon lare lanang cilik lungguh sedhengkul mandhengi tekane kapal kang meripit ring dermaga.

Dikancani kothak cilik hang isi sikat, susut lan semir sepatu.

Ujik, lare cilik kang magih sekolah kelas loro SD iku, wis nanggung abote urip.

Apake pamit menyang Surabaya golet penggawean sakat Ujik magih bayi.

Taping seperene sing ana kabare. Kadine, Emake mung bisa buruh umbah-umbah kanggo nguripi anake loro, Ujik lan Kosim.

Kosim anak penggarep. Umure rong taun lebih tuwek teka adhike.