Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Apes

Ilustrasi suami istri dorong motor mogok
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Dhung Kang Mansur wis muni lara boyok, iku berarti Iyane wis sing melaku megawe.

Mergane picis ulihe megawe engsoren musti bisa dienggo belanja rong dina.

Kerana kahanan iku muko, Isun yo kudu bisa golet picis, masiyo ta mung buruh nyithak kerupuk utawa dhung kongan yo adol pecelan ring umah.

Bang bang wetan wis gemantung. Isun wis mangkat nyepak-nyepakaken bahan-bahan kanggone olah lonthong.

Godhong sun suweki lan sun kusuti. Uga beras sun lebokaken ring jerone godhong kang wis diculepi semat.

Sun etap ring panci uga sun wani banyu rada akeh.

Idhing-idhing Kang Mansur tangi turu metu teka kamar.

Marek nyang bengahan lan nyethik geni. Dhung wayang kang gedigu, Isun yo welas.

“Kang engko rada padhang, ayok nyang Pasar Banyuwangi.” Ajak Isun.

Kang Mansur mung manggut sing semaur. Lonthong wis mangkat mateng.