Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Kepilu
- Istimewa/ VIVA Banyuwangi
Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, VIVA Banyuwangi –Sore iki isun lan Rina kancanisun menyang ring taman Sri Tanjung.
Ngilangaken rasa lelah, ulihe mari megawe sakat isuk.
Ring kadohan katon eseme kang Ali.
Uwong lanang hang sun dhemeni. Mung mesem teka kadohan sing marek uga sing nguweni tandha paran-paran.
Lawas rasa welas ring ati iki sun sidhem kanggo kang Ali.
Wong lanang gantheng, kulite putih, dedege dhuwur, rambute ngandhan uga mancung bacote.
Dhung wis gesah ambi kang Ali, ati iki kerasa dheg-dhegan.
Masiya kang Ali sing tau nguweni tandha dhung iyane uga welas nang isun.
Taping ring sisih liya , ana kang Jun wong lanang cemeng manis kang musti nguweni perhatiyan, sering nakokaken kahanan kelendi saben dinane isun iki.
Dhung pikiran iki wis ebek sampek-sampek sing keneng dienggo mikir maning.
Kang Jun musti ana kanggo ngademi ati iki.
Bukak pikiran, ngilangi lara, ngilangi rasa ngersula.
Taping, ring atinisun sing bisa nerima kang Jun dadi demenan.
Merga ring ati wis ana kang Ali hang dadi impenan.
Sing ana kang weruh isine ati iki. Dina-dina kaya biyasahe, isun megawe kang Ali uga megawe.
Sing nyangka mulih megawe bisa kepapasan ambi kang Ali ring pinggir lurung gedhe.
Ati kemesut. Lambe padha meseme. Keloron gesah sak kuwate ambi melaku mulih.
Umah isun ambi kang Ali adoh-adohan taping yo dalan siji.
Dadi bisa melaku bareng. Taping sak suwene gesah. Sing ana arah-arah hang nduduhaken dhung iyane duwe ati nong isun. Musti gedigu anane.
Bengi iki, kang Jun mengan nong umah.
Emak lan Apak uga wis kenal apik ambi kang Jun merga wis ping kaping iyane mengan merene.
Ulihe muter-muter ko gesah, Kang Jun lamat-lamat bukak cerita.
Dhung iyane duwe ati nang isun. Sing mung isun kang rungu.
Emak Apak uga milu rungu. Taping isun sing bisa semaur saiki. Isun mung mesem.
Nyawang kang Jun kang rekasa bisa ngetokaken paran kang ana ring atine.
Iyane uga sing kesusu nganteni jawabe isun.
Iyane mung warah dhung atine wis lega bisa nguweni weruh dhung iyane mula welas nang isun.
Aran wong tuwek loro uga padha dhemene.
Weruh kang Jun nari kawin. Sing kathik mungkir maning, emak lan apak setuju dhung isun bisa sesandhingan ambi kang Jun.
Hang aran isun dadi mangmang ambi ati iki.
Isun nganteni ucape kang Ali taping sing ana muni.
Nerima atine kang Jun tapi isun sing duwe ati nang yane.
Lawas wis ana telung ulan kang Ali megawe ana ring kutha liya.
Tambah suwi perhatiyane kang Jun saya nyenengaken ati.
Abot bisa ngelakoni kahanan kaya gedigi.
Isun kudu bisa njuwut keputusan. Sing mungkin kang Jun sun gantung terus-terusan.
Dadine bismillah isun nerima ajakane kang Jun kawinan.
Uni bengi, kang Jun sak keluwarga ampyak-ampyakan nang umah.
Lamaran sun tanpa. Tanggal kawinan wis ditentokaken.
Antarane keluwarga uga wis padha rakete. Semilire angin segara sore iki saya anter, kaya santere ati iki kang wis mapan mapak tekane dina kawinan.
Isun dikagetaken suara kang nyeluk teka kadohan.
Kaya tau rungu suarane sapa. Taping kaya wis lawas suara iki sing ana muni.
Sun tamat-tamataken kalingana kang Ali. “Nur.”
“Kang Ali, lawas sing tau ketemu. Buru mulih ta Kang?”
“Iya Nur, buru mulih isuk mauka. Nur isun duwe oleh-oleh kanggo iro.” Ambi ngelungaken gelang monte manika werno. “Kari repot-repot rika Kang.”
“Gelang iki, padha dene ambi atinisun nang sira. Manika werno, rasane welas kang sun sidhem. Isun dhemen nang sira Nur.” Kemesut rasane ati. Rungu omonge kang Ali kang wis suwi sun anteni. Taping, saikine isun wis duwene wong liya. Sing mungkin sun wurungaken. “Sepurane kang, isun wis duwe bakalan.” Ambi lambe dheredhek isun ngetokaken omong.