Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Kembange Ati
- Istimewa/ VIVA Banyuwangi
Sing kerasa wis kurang seminggu. Suryo telpon nyang mbok Rodiyah ngabari dhung surat-surat wis beres kabeh.
Lan saikine iyane berangkat menyang Banyuwangi nunggang sepur. Atine mbok Rodiyah saya bungah.
Wong lanang impenan bakal dadi sanding. Bayangan-bayangan indah kemeliwer nyang pikirane.
Jam nduduhaken ring angka telu wayah soren. Wis telung jam suwene Suryo nunggang kereta. HPne mbok Rodiyah muni ana kang nelpon. Dideleng nomere Suryo. Ambi girang ati mbok Rodiyah nyapa.
“Assalamualaikum kang.” “Walaikumsalaam. Ibu kami pihak kepolisian mau menanyakan apakah anda mengenal bapak Suryo. Ini adalah nomer terakhir yang dihubungi bapak Suryo.”
“Iya Pak, ada apa dengan Suryo?.” “Mohon maaf ibu, kami menemukan bapak Suryo meninggal di Kereta Api.” “Innalillahi wainnailaihi rijiun. Kang Suryo apuwa rika kang?. Bapak… Emak… Suryo sing ana umur nyang kereta.” Jerite mbok Rodiyah nyang wong tuwane.
“Innalillahi wainnailaihi rijiun.” Wong tuweke Rodiyah mung bisa semaur.
“Mak, Rodiyah pingin deleng Kang Suryo kanggo kang pungkasan. Kelendi carane. Sapa ngateraken Mak?.
“Emak sing bisa ngateraken ya beng. Apak iro sing bisa ditinggal dhewekan. Maningna saiki magih jaman Covid, sing kabeh uwong bisa nunggang sepur sak wayah-wayah. Ihlaseno ya beng, liya dina siro mestine bisa moro merana.” Emake Rodiyah ngerih-ngerih.
Rasa kaget lan getun mulet dadi siji. Gudho saka pengeran sing bisa diungkiri.
Bayangan urip bareng mung dadi angen-angen. Mbok Rodiyah saikine mung bisa nyawangi potrek kenangan ambi Suryo kembange ati.