Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Kembange Ati

Ilustrasi sebuah ungkapan cinta
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Gaya Hidup, VIVA Banyuwangi –Sing kerasa wayah wis mangkat bengi. Mbok Rodiyah magih bain metenggengen nyang bale umah.

Lahan Pertanian Mengering Akibat Pasokan Air Terhenti, Begini Saran Kades Bajulmati Achmad Thoha

“Mak, ayok melebu.” Ajak Marmah nyang emake.

Mbok Rodiyah manggon keloron ambi anake wadon kang magih umur wolung taun. Kerana wis telung taun pisah-pisahan ambi lakine.

Bullying Diduga Terjadi di SMKN Wongsorejo, Korban Enggan Sekolah

Dina-dina dilakoni dhewekan. Golet sandang pangan dhewek. Ngerumat lan nggedekaken anak dhewek.

Masiyo bapake Marmah kadang yo nguwani nafkah kanggo anake kala enget.

Karya Bakti HUT TNI ke 79, ini yang Dilakukan Koramil Wongsorejo

Liya dina, mbok Rodiyah duweni demenan kang bisa nambani pahite urip.

Uwong lanang kang gati nang Marmah lan iyane. Podho-podho ditinggal pasangan.

Lan podho-podho tau rasane lara ati. Arane Suryo saka Mojokerto.

Iyane nyang Banyuwangi duweni tugas saka pegaweane. Wis ulan-ulanan mbok Rodiyah lan Suryo madhokaken ati.

Sampek nyang wayahe Suryo bener-bener arep ndadekaken Rodiyah dadi rabine.

Suryo kang wis kenal apik ambi keluwargane mbok Rodiyah, yo nguweni lampu ijo kanggo hubungane keloron.

“Pak kula lan dhik Rodiyah pun sami-sami cocok. Kerana niku kulo kepingin ngelamar dhik Rodiyah.” Ucape Suryo nyang bapake Rodiyah hang ana ring pelanca.

Sing bisa tangi kerana lara struk. Bapake Rodiyah mung manggut ambi netesaken iluh nyang pipine.

“Sakniki kula kawiti Mengke keluwarga dugi dhung acara nikahan.” Suryo negesaken. “iyo lik.” Semaure bapake Rodiyah ambi pelat.

Rasa girang dirasakaken Suryo lan Rodiyah. Saben dina saya gedhe welas asihe.

Ambi ngenteni tanggal dina kawinan teka. Kurang sak ulan kawinan Suryo kadheman lan dirumat ring Rumah Sakit Mojokerto.

Iyane keneng penyakit batu ginjal. Seminggu dirumat nyang Rumah Sakit, kahanane Suryo saya apik, lan dhokter ngijini muleh.

Kerana adoh-adohan mbok Rodiyah mung bisa komunikasi lewat hp.

“Dhik, isun wis waras. Kesok sun gancangi ngurusi surat-surat kanggo nikahane awak dhewek.” “Kang dhung magih durung enak temenan, sing usah kari kesusu. Damakena kesehatane rika sulung. Nikahan sing bakal wurung.” Mbok Rodiyah semaur ngelus-ngelus atine Suryo. “Sing dhik, isun wis waras.” Tegese Suryo.

Mbok Rodiyah sing bisa nyegah niatane Suryo. Iyane mung dhungo mugi diparingi kelancaran. Dina kawinan marek-marekaken.

Sing kerasa wis kurang seminggu. Suryo telpon nyang mbok Rodiyah ngabari dhung surat-surat wis beres kabeh.

Lan saikine iyane berangkat menyang Banyuwangi nunggang sepur. Atine mbok Rodiyah saya bungah.

Wong lanang impenan bakal dadi sanding. Bayangan-bayangan indah kemeliwer nyang pikirane.

Jam nduduhaken ring angka telu wayah soren. Wis telung jam suwene Suryo nunggang kereta. HPne mbok Rodiyah muni ana kang nelpon. Dideleng nomere Suryo. Ambi girang ati mbok Rodiyah nyapa.

“Assalamualaikum kang.” “Walaikumsalaam. Ibu kami pihak kepolisian mau menanyakan apakah anda mengenal bapak Suryo. Ini adalah nomer terakhir yang dihubungi bapak Suryo.”

“Iya Pak, ada apa dengan Suryo?.” “Mohon maaf ibu, kami menemukan bapak Suryo meninggal di Kereta Api.” “Innalillahi wainnailaihi rijiun. Kang Suryo apuwa rika kang?. Bapak… Emak… Suryo sing ana umur nyang kereta.” Jerite mbok Rodiyah nyang wong tuwane.

“Innalillahi wainnailaihi rijiun.” Wong tuweke Rodiyah mung bisa semaur.

“Mak, Rodiyah pingin deleng Kang Suryo kanggo kang pungkasan. Kelendi carane. Sapa ngateraken Mak?.

“Emak sing bisa ngateraken ya beng. Apak iro sing bisa ditinggal dhewekan. Maningna saiki magih jaman Covid, sing kabeh uwong bisa nunggang sepur sak wayah-wayah. Ihlaseno ya beng, liya dina siro mestine bisa moro merana.” Emake Rodiyah ngerih-ngerih.

Rasa kaget lan getun mulet dadi siji. Gudho saka pengeran sing bisa diungkiri.

Bayangan urip bareng mung dadi angen-angen. Mbok Rodiyah saikine mung bisa nyawangi potrek kenangan ambi Suryo kembange ati.