Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Kembange Ati

Ilustrasi sebuah ungkapan cinta
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Rasa girang dirasakaken Suryo lan Rodiyah. Saben dina saya gedhe welas asihe.

Ambi ngenteni tanggal dina kawinan teka. Kurang sak ulan kawinan Suryo kadheman lan dirumat ring Rumah Sakit Mojokerto.

Iyane keneng penyakit batu ginjal. Seminggu dirumat nyang Rumah Sakit, kahanane Suryo saya apik, lan dhokter ngijini muleh.

Kerana adoh-adohan mbok Rodiyah mung bisa komunikasi lewat hp.

“Dhik, isun wis waras. Kesok sun gancangi ngurusi surat-surat kanggo nikahane awak dhewek.” “Kang dhung magih durung enak temenan, sing usah kari kesusu. Damakena kesehatane rika sulung. Nikahan sing bakal wurung.” Mbok Rodiyah semaur ngelus-ngelus atine Suryo. “Sing dhik, isun wis waras.” Tegese Suryo.

Mbok Rodiyah sing bisa nyegah niatane Suryo. Iyane mung dhungo mugi diparingi kelancaran. Dina kawinan marek-marekaken.

Sing kerasa wis kurang seminggu. Suryo telpon nyang mbok Rodiyah ngabari dhung surat-surat wis beres kabeh.