Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Belabur

Ilustrasi bencana banjir
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, VIVA Banyuwangi –Sakat isun srengenge katon padhang. Sing ana tandha-tandha arep udan. Mega uga katon putih rijig sing ana kelawune. Mbok Saniyah hang manggon ring pinggir banyu magih umek ambi kelambi-kelambi suwek hang kudu dibecikaken.

Masiyo sikil aboh kerana weteng wis melaku wolung ulan.

Mbok Saniyah manggon pinggir banyu ring tanahe Pengairan sakat limang taun kepungkur.

Kerana wis sing ana pilihan maning. Ketimbang bayar umah kontrakan kang saya suwi saya larang.

Iyane milih panggonan kang bisa dipanggoni taping yo murah bayare. Kali gedhe buri umahe iku sing mili banyu.

Mung dhung wayah banyu kali gedhe, DAM ditutup lan diilekaken merono.

Paran maning dhung mangkat belaburan.

Angger belabur teka, abane watu kali kang gemelothak kegawa banyu dadi iringane Mbok Saniyah.

Atine kemesar, rasa wedi mesti ana. Kerana banyu belabur musti nampes nyang sikil-sikilane umahe.

Dhung mari belabur, lakine musti nata watu maning ring buri umahe kerana watu kang wis ana milu kenter ambi belabur.

Ring kulon umahe ana sasak kang buru bain dibecikaken.

Wis lawas sasak iku rontog. Jare uwong, bengen sasak iku rubuh kerana keneng belabur gedhe.

Belabur kang duweni tandha wong mertapa wis wayah mudun nyang laut. Merupa ula gedhe kang kegawa banyu belabur.

Ring kana ulane ngadheg jejeg kaya uwit kelapa.

Kerana gedhene banyu lan ula kang ngadeg iku gawe sasak kulon umah roboh.

Taping kabeh iku mung cerita. Saikine sasak iku wis dibecikaken. Bisa digawe liwatan.

Bedhug-bedhug langit ring kulon katon peteng.

Biyasahe dhung kahanane gedigu musti ring kulon udan.

Taping ring sekitare umah Mbok Saniyah sing katon arep udan.

Panas metheklak. Banget-bangete jahit kelambi. Ana suwara wong padha berik-berik.

“Belabur….Belabur.” Mbok Saniyah sing gupuh. Kerana wis keseringen kali buri umahe mulo panggonan buangane banyu belabur.

Sak gedhe-gedhene yo sing kira ngerontogaken umah.

“Belabur…Belabur. Yah metuwo sira teka umah.

Iki belabur gedhe. Iku mauko wong kulon nyejo ngabari dhung belabur iki keliwat gedhene.” Ucape mbok Jum tangga kulon umahe.

Mbok Saniyah jenggirat metu. Deleng buri umahe magih durung ana banyu mili.

Taping wis akeh uwong ring dhuwure sasak kulon umahe. Kepingin weruh gedhene banyu belabur.

Lamat-lamat banyu belabur mangkat teka.

Banyu kang mili cilik lan kening berubah dadi ketuh lan saya gedhe-gedhekaken.

Banyu saya suwi saya munggah. Mbok Saniyah bingung kerana nang umah dhewekan.

Lakine magih megawe nyithak bata. Adoh saka umahe.

Mbok Jum lan kang Saleh lakine gupuh ngabani Mbok Saniyah makene ngetokaken barang-barang kang ana ring jero umahe.

Kerana dideleng banyu wis mangkat munggah.

Dhung dideleng lakune, banyu belabur iku nggerus lemah buri umahe mbok Saniyah.

Kadine umah iku musti kegowo banyu belabur.

“Ayo kang, cepet dijunjung mesin jahit iki. Tembok buri iki kaya arep rontog.” Ucape mbok Jum ambi nggotong mesin jahit keloron ambi kang lanang.

Mbok Saniyah mung bisa berebes banyu mata ambi nyawang umahe kang wis diiteri banyu belabur.

“Keretek… keretek… bluuung.” Tembok buri umahe rontog kegerus bayu belabur.

“Ya Allah… Ya Allah…” jerita uwong-uwong kang padha dhileng kahanan iku. Mbok Saniyah kang meteng wolung ulan mangkat lemes.

Lakine teka melayu kepungun-pungun saka kadhohan. Sakal mondhong rabine.

“Kang, umahe kang. Umahe.” “Iyo dhik. Menengo wis. Menengo.” Sing kari suwi, belabur wis mangkat sudho. Banyu wis mudun.

Umah junjungan katon padhang. Tembok buri rontog kegawa banyu.