Cerpen Bahasa Using, Judul: Jerangkong

Ilustrasi Jrangkrong
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Taping iyane magih sing bisa ninggal. “Kadhung sing ngudud, rasane cangkem kaya pait,” gedigu alasane kadhung diwarah kancane.

Hilang 20 Jam, Jasad MA Ditemukan di Dam 5 Bajulmati

Paran bain hang digesahaken uwong-uwong perkara jerangkonge lare hang kepelindhes etrek, sing bisa nggawe Man Baderik keweden.

Tangga-tanggane kabeh ngaku wis tau ditemoni ambi jerangkonge lare iku. Ana hang kecaruk papasan ring pinggir dalan kuburan. Ana uga hang mung kerungu suwarane lare nangis lan liya-liyane.

DPRD Banyuwangi Gelar Paripurna Umumkan Penetapan Ipuk-Mujiono Sebagai Bupati-Wakil Bupati Terpilih

“Soren dalu isun ditemoni jerangkonge lare iku ya. Iyane semendhen ring pagere kuburan, endhase katon penyet lan getihe temetes terus. Sakkal isun kepelayon,” jare Man Mardi.

“Kadhung isun mung kerungu suwarane lare nangis. Mung sing weruh nangise nong endi. Sun goleti ring kiwa umah, kerungune kaya ring tengen umah. Serta sun parani ring tengen umah, suwara tangise pindhah ring kiwa umah. Suwi-suwi isun wedi dhewek. Lakinisun pas lembur ring kantore, isun mung turu ambi anakisun hang cilik,” jare Bik Anik nempali ceritane Man Mardi.

Makan Bergizi Gratis di Banyuwangi Telah Jangkau 28 Sekolah

Cerita-cerita hang kaya gedigu sing nggawe Man Baderik ciut nyaline. Iyane magih tetep patheng sembayang tahajud.

Saben jam telu subuh, iyane mesthi tangi lan sembayang tahajud. Iku dilakoni sing tau elet. Mangka kuburane lare hang kepelindhes etrek iku pas ring buritan umahe.

Kira-kira telung meter teko sumure Man Baderik, mung keledan gedheg sesek hang dienggo pager.

Halaman Selanjutnya
img_title