Cerpen Bahasa Using, Judul: Jerangkong
- Istimewa/ VIVA Banyuwangi
“Halah ... paling sira kerungon-kerungonen bain. Paran maning saben dalu sira mabuk. Wong mabuk iku sing bisa dipercaya omonge,” jare Man Baderik ambi ngemil sawi godhog hang magih katon panas.
“Sing percaya ... masiya isun mabuk, isun magih sadar lan kerungu paran-paran. Isun sing semaput,” jare Atim mempeng.
“Nong endi sira kerungu ana suwara jerangkonge lare lanang iku Tim. Aja-aja iku suwarane kancanira dhewek,” tambah Man Mardi.
“Isun sing kerungu suwarana lare iku. Taping jerangkonge lare lanang iku ngeret-ngeret lawang pagere Man Jalik, tanggane Man Baderik. Suwara kemeriyete lawang pager iku jelas ring kuping isun,” jare Atim ambi tangi lan milu njuwut sawi godhog.
Wong loro mung bisa ndomblong ngerungokaken gesahe Atim hang magih kepengaruh minuman.
Antarane percaya lan using. Ketang hang gesah lare mabuk. Omongane ngalor ngidul siang ana junterunge.
“Wis Tim ... aja ngomong bain. Wis nggelintinga kana geningena mumete ilang. Gesah ngelantur sing kakaruan,” jare Man Baderik.
Weruh hang diajak gesak katon sing percaya, Atim sangsaya mempeng. Iyane ngaku mula kerungu suwara pager lawange Man Jalik muni kerana dieret ambi jerangkonge lare lanang iku.