Cerpen Bahasa Using, Judul: Jerangkong

Ilustrasi Jrangkrong
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

“Isun sing tau ditemoni paran-paran. Kabeh iku kerana pikirane dhewek-dhewek. Kadhung durung-durung wis mikir ditemoni, yo mesthi bain keweden sulung. Lan rasa wedi iku hang nggarahi jerangkong bisa wujud ring ngarepane,” gedigu jare Man Baderik nalika gesah ambi Man Mardi.

Cerpen Bahasa Using Banyuwangi: Kecaruk Maning

Man Mardi hang diajak gesah tetep nggecah. Iyane ngaku sedurunge sing ana rasa paran-paran. Sing ana rasa wedi, sing ana pikiran perkara lare hang kepelindhes etrek.

Pas iyane melaku dhewek ring pinggir pager kuburan, ujug-ujug katon lare lanang sendhen ring pager kuburan ambi nyekeli endhase hang penyet.

Cerita UMKM asal Banyuwangi Mendapat Apresiasi dari Chef asal Mesir

“Sapa hang sing kaget ndeleng kaya gedigu. Paran maning getihe magih katon tetesan,” jare Man Mardi ambi nyeruput kopine teko lumur hang ana ring pejagan.

Banget-bangete Man Mardi ambi Man Baderik gesah perkara jerangkonge lare lanang hang kepelindhes etrek, ujug-ujug teka Atim hang duyan mabuk.

Cepy Mancing Mania: Banyuwangi Selalu Suguhkan Sensasi Luar Biasa

Iyane melaku serendengan ngabeti mumete endhas kerana ombenan. Sing kathikan pamitan, iyane njuwut lumur hang ana ring pejagan lan nyerupuk kopine Man Mardi hang wis emeh entek iku.

“Tim ... mabuk ya mabuk ... taping pamita sulung dhung arep njaluk kopi. Aja kopine kancane diseruput bain,” jare Man Mardi rada ngersula.

“Rika kabeh nggesahaken jerangkonge lare hang kepelindhes etrek iku. Mula bener, lare iku ndadi lan ngganggu uwong-uwong kene. Isun bain ping kaping-kaping ditemoni. Mung ana suwarane taping sing ana wujude,” jare Atim ambi kilah-kilah ring pejagan.

Halaman Selanjutnya
img_title