Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Lilin Lan Lintang

Ilustrasi gemerlap bintang di langit
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, VIVA Banyuwangi –“Puuueeeeeeem.” Abane klakson kapal kegawa silire angin ring segara. Lamat-lamat Kapal gedhe iku meripit ring dermaga Pelabuhan Ketapang.

Mantan TKI Banyuwangi Sukses Usaha Susu Kambing Perah

Wayah wis mangkat surub. Ring cagak Pelabuhan, katon lare lanang cilik lungguh sedhengkul mandhengi tekane kapal kang meripit ring dermaga.

Dikancani kothak cilik hang isi sikat, susut lan semir sepatu.

Mahasiswa dan Akademisi Perkuat Jejaring Geopark di Banyuwangi

Ujik, lare cilik kang magih sekolah kelas loro SD iku, wis nanggung abote urip.

Apake pamit menyang Surabaya golet penggawean sakat Ujik magih bayi.

Rumah Kontrakan 28 WNA Cina Dikontrak Melalui Pihak Ketiga

Taping seperene sing ana kabare. Kadine, Emake mung bisa buruh umbah-umbah kanggo nguripi anake loro, Ujik lan Kosim.

Kosim anak penggarep. Umure rong taun lebih tuwek teka adhike.

Kosim larene penter lan patheng sekolah. Iyane musti dadi juarane kelas. Taping awake ampis.

Sithik-sithik kadheman. Kosim lan Ujik rukun sak duluran.

Saben dina emake sing waleh marahi dhung sak duluran kudu rukun.

Kekurangane dulur kudu bisa nerima. Sapa-sapa kang kuwat iku kang njunjung.

Dina iki, Kosim melaku sekolah, nganggo sepatu kang suwek. Iyane sing isin kerana yo sing ana maning.

Weruh kahanan kang gedigu, Ujik sing kolu. Iyane dhuweni niatan dhung engko nyemir sepatu ulihe radha akeh, arep dienggo nukokaken sepatu kakange.

Wayah mangkat soren, kaya biyasae sedurunge berangkat nyemir sepatu, Iyane pamit nang emake makene rejeki lancar.

Ambi ngambung tangane emak, Ujik njaluk dunga.

“Mugi duweni rejeki kang akeh yo Mak. Ujik berangkat.” Pamite Ujik.

Emake mung manthuk ambi ngelus endhase anake, ngempet banyu mata makne sing mili.

Kerana umahe Ujik ring Bulusan, iyane melaku idhing-idhing menyang Pelabuhan Ketapang.

Gadhuk Pelabuhan, Ujik mara nang akehe uwong kang lungguh ring kursi tunggu.

Nawak-nawakaken jasa semir sepatu. Rasa sungkan lan isin kebuwang.

Iyane wis tatag ambi penggawean iku. Sak akehe uwong kang ana.

Mung siji kang gelem sepatune disemir. Ujik sing ngersula, iyane ngucap sukur ring pengeran kerana wis duweni rejeki masiyo mung sithik.

Ambi nganteni penumpang teka. Ring kulon katon uwong nganggo sepatu pantopel lungguh ring kursi tunggu.

Ilustrasi tukang semir sepatu anak

Photo :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Sing kakean mikir, Ujik sekala iku mara nyang uwong iku. Ujik uluk salam uga nawani ngerjigi sepatune.

Taping kerana uwong iku serius deleng hp, iyane seng rungu.

Ujik marek, uga nyekel sepatune, uwong iku kaget lan ngiplas tangan Ujik ambi sikile sampek kothak wadahe semir mencelat lan isine dhedhekan.

Uwonge muring weruh kelakuane Ujik. Ujik seru kagete.

Iyane nelangsa ambi mberebes banyu mata. Njuwuti sikat lan semir kang dhedhekan.

Taping rasa nelangsa sithik-sithik iyane buwang. Iyane golet maning uwong kang gelem disemir sepatune.

Kuasane Alloh, akeh uwong kang gelem disemir sepatu. Lan picis ulihe nyemir dina iki radha akeh cukup dhung dienggo nukokaken sepatu kakange.

Ring umah, Kosim nguweni rasa girang nang emake. Dhung iyane, menang lomba Olimpiade Matematika.

Kesok arep diajak njuwut hadiyahe nong Pendopo. Rungu kabar teka Kosim, Emak ngucap sukur marang pengeran kang wis maringi anak kang bisa nyenengaken atine wong tuwek.

Ring lawang umah katon Ujik kang buru mulih teka nyemir. Kelambine katon kothor.

Taping, esemane wera. Ring tangan kiwone, gowo keresek cemeng isi sepatu kanggo kakange. Iyane ngelungaken ambi mesem.

“Iki kanggo riko kang.” “Paran iki, isun sing tau jaluk paran-paran.” Ambi nyekel keresek cemeng kang dielungno Ujik.

“Sepatun riko wis seng keneng dienggo, iki sun tukokno kang anyar.” Emak meluk anake loro seru singsete.

Ambi nangis iyane ngomong, “Ujik, dadiyo lilin kang terus madangi, Kosim dadiyo lintang kang murub ana duwuran. Padha-padha madangi masiyo bida carane.”