Cerpen Bahasa Using, Judul: Jerangkong

Ilustrasi Jrangkrong
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Budaya, VIVA Banyuwangi –Penulis: Oyek Setro

PKB Laris Didekati Kandidat Bacabup untuk Maju di Pilkada Banyuwangi

Kedadeyan lare lanang dipelindhes etrek ring dalan ngarep kuburan magih santer dadi omongan warga. Paran maning saben dalu uwong-uwong hang manggon ring pinggiran kuburan ngaku dikerungoni suwara lare nangis.

Merga lare hang matek kerana endhase meledhos iku dikubur ring kuburan iku. Pas ring buritan umahe Man Baderik hang urip dhewekan.

GP Ansor dan Banser Ambil Andil di Kontestasi Pilkada Banyuwangi

Man Baderik iki dhudha tuwek hang urip dhewekan. Iyane umah-umah ambi ruwahe rabine selawe taun lawase, sing diuwani momongan.

Sampek rabine dijuwut ambi hang Kuwasa kerana lara, ya tetep sing duwe momongan. Mulane saiki Man Baderik mung urip dhewekan ring umah asile ambi ruwahe bengen.

Ali Ruchi Daftar ke PKB untuk Pilkada Banyuwangi: Amanah dari Para Tokoh dan Kyai

Masiya Man Baderik wis tuwek, umure wis emeh pitungpuluh taun, iyane magih katon seger. Otot-otote hang bengen dienggo pacul-pacul ring sawah, magih katon keker.

Mung matane katon rada lamur. Untune kari siji loro mung nong ngarep thok. Masiya gedigu, Man Baderik magih sing bisa ninggal kebiyasaan ngudud.

Iyane kenal udud sakat magih lancing. Paran maning udude keretek. Mangka watuke kaya-kaya sing ana elete.

Halaman Selanjutnya
img_title