Cerpen using, Judul: Pecel Pitik
- Istimewa/ VIVA Banyuwangi
Budaya, VIVA Banyuwangi –Penulis: Oyek Setro
Ndeleng pitik seliweran ring pelataran umah, ngecrat-ngecrot nembelek sak enake, nggarahi Man Bandik murang-muring. Wis pingkaping-kaping Man Bandik ngerijigi tembelek ring bentur umahe. Paran maning kadhung hang metu tembelek lincung. Ambune sing bisa ilang masiya wis dirijigi. Kudu diepel ambi Lisol geningena sing mambu.
Man Bandik urip ring kampungan. Iyane pangsiyunan pegawe pabrik kertas. Rabine wis telung taun iki ninggal kerana keneng covid. Ring umah iku iyane mung urip ambi anake aran Manto hang wis lancing. Lare hang sing pernah suwi-suwi ring umah. Saben dinanemung keluyuran ambi kancan-kancane. Gulakane Man Bandik dhewek hang kudu rijig-rijig umah saben dinane.
“Indhane pitike sapa iki yuh. Nembelek sak enake ring umahe uwong. Sing dikandhang ta ambi hang duwe? Paling-paling iki pitike Man Saleh,” celathune Man Bandik ambi ngepel tembelek lincung hang ana ring bentur umahe isuk iku.
Mula ana salah siji tanggane Man Bandik yaiku Man Saleh hang ngopeni pitik. Maning sing sithik hang diopeni. Kadhung sepuluh bain lebih. Kabeh pitik kampung hang diumbar sing digawekaken kandhang. Saben dalu turune nangkring ring empange wit pelem hang ana ring buritan umahe. Taping kadhung raina, keleleran ring umahe tanggan-tanggane.Salah sijine hang kulina seliweran ring umahe Man Bandik.
Wis ping kaping-kaping Man Saleh diceluk ambi Pak RT kerana pitike nembelek ring umahe tanggan-tanggane. Karepe Pak RT, Man Saleh dikongkon nggawe kandhang sak anane, geningena pitike sing keleleran ring umahe tanggane. Sing ngotori umahe tanggane.
“Iyo wis, engko kadhung ana rejeki arep sun gawekaken kandhang geningena sing keleleran ring endi-endi,” jare Man Saleh kala diceluk ambi Pak RT.
Kalingana sampek pirang-pirangane ulan sak uwise, Man Saleh magih durung nggawe kandhang. Pitike magih tetep keleleran ring umahe tanggan-tanggane. Magih tetep kemecrot merana-merene.
Temakaken sing Man Bandik bain hang kemerungsung atine ndeleng pitike Man Saleh hang nembelek rana-rene. Mbok Jaenah hang umahe pas ring ngarepe umahe Man Saleh, uga murang-muring. Tau pitike Man Saleh dibentuk watu ambi Mbok Jaenah merga nyucuki rengginange hang buru bain dipepe.
“Sing tau diuwani pakan ta sira Tik. Dadi rengginange uwong dicucuki sak enake. Munggane isun makani sira ta?” celathune Mbok Jaenah ambi nyincing tapihe.
Mbok Raudah uga tau digawe muring ambi kelakuwane pitik babone Man Saleh. Mbok Raudah hang umahe ana ring kiwane umahe Man Saleh, kala iku arep mepe pemeanhang buru bain diumbah ring banyu.
Buru bain iyane ngendoh temba isi pemean teles, ujug-ujug pitik babone Man Saleh selamberan lan menclok ring ndhuwure temba. Pungkasane pemean hang magih teles iku kotor maning. Pecake sikile pitik ngecap ring kelambi putih hang ana ring ndhuwur dhewek.
“Mula pitik kurang ajar iki. Njaluk dibeleh ta sira Tik. Nawi hun dadekaken pecel pitik sira engko yuh,” jare Mbok Raudah hang mula kulina dadi tukang masak dhung ana wong iwuh.
Kerana Man Saleh kaya-kaya sing nggatekaken paran hang dijaluk Pak RT, pungkasane tanggan-tanggane sangsaya bangkel. Mbok Jaenah sak lakine, Mbok Raudah sak lakine, uga Man Bandik rembugan, kadhung ana pitike Man Saleh hang magih seliweran, arep dibeleh lan diolah. Engko asil olahane arep diedum ring tangga-tangga. Sing kelalen uga Man Saleh hang duwe pitik.
“Sing usah ngomong sapa-sapa wis Mbok, kadhung ana pitike Man Saleh, didelekep bain. Engko geningena lakinisun hang mbeleh. Lan isun hang ngolah. Rika bagian ngeteri tangga-tangga dhung wis mateng. Aja lali Man Saleh uga diteri,” jare Mbok Raudah hangdidhukung ambi liyane.
Durung leren uwong-uwong rembugan, pitik babone Man Saleh melebu ring pekarangan umahe Man Bandik. Kaya biyasahe, pitik iku nembelek ring bentur umahe Man Bandik. Weruh pitik babon nembelek, Man Bandik ambi lakine Mbok Jaenah agage nggolet jagung pipilan. Ndilalah lakine Mbok Jaenah buru bain panen jagung. Iyane njuwut sak genggem pipilan jagung hang wis garing, disemburaken molai latar sampek melebu umahe Man Bandik.
Pitik babon hang sing ngerti kadhung arep dijebag iku, kaya-kaya diuwani pakan. Iyane nyucuki siji-siji jagung pipilan iku. Sing kerasa terus melebu ring umahe Man Bandik. Ring njero umah, Man Bandik wis siyap ndelekep pitik iku. Sing kariya sara, pungkasane pitik iku keneng didelekep.
“Wis Mbok Raudah kongkon nyepakaken bumbu-bumbune, pitik iki geningena dibeleh ambi lakine Mbok Raudah. Taping aja dibeleh ring kene, engko Man Saleh kerungu,”jare Man Bandik.
Sing sepira suwi, Man Bandik ambi lakine Mbok Raudah wis nyangking pitik babonhang buru bain dibeleh. Getihe magih temetesan ring lemah. Mbok Raudah temakaken wis nggodhog banyu dienggo mbubuti wulune pitik mauko.
“Kang pitike lebokno ring panci hang ana ring ndhuwure kompor. Engko wulune bubutana. Isun nak nyiyapaken bumbu-bumbune,” jare Mbok Raudah hang ditulungi Mbok Jaenah.
Wong-wong wadon padha iwuh ring pawon, Man Bandik ambi lakine Mbok Jaenah lan Mbok Raudah, gesah enak ring umahe Mbok Raudah. Ketelon gesah kaya-kaya sing ana kedadeyan paran-paran.
Wayah soren, Mbok Raudah wis marek olah-olah. Bara wong wadon loro iku wis madhahi pecel pitik enem piring. Sakuwise Magrib, Mbok Jaenah ambi Mbok Raudah ater-ater pecel pitik ring tangga-tangga. Sing lali uga ring Man Saleh.
“Selametan paran iki Mbok, kok mara-mara ater-ater. Kari sing ngerti isun ya. Kadhung ngerti kan isun milu melabot,” jare mantune Man Saleh hang aran Mbok Tutik.
“Sing ana selametan paran-paran Mbok. Sangking bain iki mauka lakinisun ulih rejeki lan kepingin edum-edum ring tangga-tangga,” jawabe Mbok Raudah ambi munyik sithik.
---
Isuk iku hawane kerasa adhem temenan. Nawi bain kerana mambengi suwengi muput udan kemerecek sing mari-mari. Dalanan ring ngarepan umahe Man Saleh katon kepus pecake udan mambengi. Godhong-godhong pelem ring mburi umahe Man Saleh magih katon netesaken banyu pecake udan.
Man Saleh hang biyasa isuk tangi nguwani pakan pitike, metu liwat lawang mburi. Iyane nyeluki pitike ambi nggawa pakan ring omplong pecake jajan. Kerungu suwarane Man Saleh, pitik-pitik hang padha temingkring ring gagang uwit pelem, temencok mudhun. Kabeh padha ngerubung Man Saleh hang katon nggawa omplong isi pakan.
Ambi makani pitike, Man Saleh sing tau lali ngitungi pitike. Mara-mara iyane kelunjuk. Kaya-kaya pitike kurang siji.
“Tik...sira sing weruh pitik babon hang biyasa temingkring ring gagang pelen cedhek cendhelnira iki. Kok sing katon iki yuh?” takone Man Saleh ambi nyeluki mantune.
“Sing weruh Pak. Mambengi sing mulih ta pitik iku Pak?” pitakone Tutik nong mertuwane.
“Ya sing ngerti isun Tik. Biyasahe kan sing kathikan digoleti wis mulih dhewek lan temingkring ring uwit iki. Tapi iki kok sing ana. Cobak selabaro nong tangga-tangga, nawi bain ana hang weruh,” Man Saleh ngongkon Tutik.
Ambi rada mecucut, Tutik metu lan selabar ring tangga-tangga nawi ana hang weruh pitik babon. Hang dijujug sulung umahe Mbok Jaenah hang pas ana ring ngarep umahe Man Saleh.
“Mbok isun arep selabar Mbok. Sing weruh pitik babon werna cemeng. Pitike apak sing ana yuh,” jare Mbok Tutik nong Mbok Jaenah.
Ambi rada munyik-munyik sithik, Mbok Jaenah semaur. “Tik, mambengi sira ulih ater-ater pecel pitik kan. Yaiku pitike apakhira hang diolah ambi uwong-uwong. Mergane pitik iku nembelek ring endi-endi. Apakhira dikongkon ngandhang ambi Pak RT, kaya-kaya sing nggatekaken”.
Mbok Tutik pungkasane milu munyik kerungu semaure Mbok Jaenah. Temakaken Mbok Tutik uga sing dhemen apake ngerumat pitik taping sing gelem ngandhang. Pungkasane ngerugekaken tanggan-tanggane.
“Sing ana hang weruh Pak. Nawi bain pitike kepaling soren Pak. Soren dalu kan udan suwengi, nawi bain sing bisa mulih,” semaure Mbok Tutik ambi nyangking umbah-umbahan melaku ring banyu.