Cerpen Bahasa Using Banyuwangi: Kecaruk Maning

Warga miskin dapat bantuan bedah rumah
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Budaya, VIVA Banyuwangi

Perkuat Usaha Anak Muda, Banyuwangi Kembali Gelar Jagoan Bisnis

Penulis: Oyek Setro

Isuk iku Saperik lungguh dhewekan nong ngarep umahe. Umah hang mung gedhung separo iku madhep ngalor. Ring latare ana uwit pelem hang magih durung tau uwoh. Umah iku dienggoni ambi rabi lan anake telu. Ring ngarep umahe katon dalanan desa hang magih durung diaspal. Elore dalan katon sawah hang wis wayahe panen. Ring sisih kulone sawah ana tegalan hang biyasah dienggo njanggol dongkar. Biyasahe dhongkar iku momot wong-wong hang arep nong pasar, uga lare-lare hang arep mangkat sekolah.

Razia di Terminal Sri Tanjung Antisipasi Laka Angkutan Umum

 

Sing kaya biyasahe, isuk iku Saperik katon kantru-kantru. Kaya-kaya ana hangdipikiraken. Matane katon mentheleng ngadhep ngulon, taping sing ana hang disawang. Ring kulon mung katon lare-lare nganteni dongkar arep mangkat sekolah.

Orangtua Wajib Waspada, Pengguna Obat Daftar G Kalangan Remaja Cukup Tinggi

 

Embuh paran hang dideleng, mara-mara Saperik munyik dhewek. Rabine Saperik hang aran Misini, tepak ngendoh wedang kopi weruh lakine munyik-munyik dhewek. “Ana paran rika munyik-munyik dhewek Kang. Paran hang rika deleng?” takone Misini ambi ngendoh wedang kopi lakine ring meja.

 

Wangune Saperik mata walangen, sampek sing kerungu gok rabine takon. Iyane magih tetep munyak-munyik dhewek. Kaya-kaya ana hang lucu ring atine.

 

“Kang...aja munyak-munyik dhewek, engkota ana uwong hang weruh, didakwa edanrika,” celathune Misini.

 

Kerungu celathune rabine, sakkal Saperik njegog. “Paran Dik. Isun iki mauko ndelenglare-lare sekolah enget jaman isun magih sekolah,” jawabe Saperik ambi nyeruput wedang kopine.

 

Ambi ngendoh baki ring kursi, Misini milu lungguh gesah ambi lakine ring bentur umahe. Misini kepingin weruh paran hang nggarahi lakine munyak-munyik dhewek.

 

“Setuhune paran sih Kang hang nggarahi rika munyak-munyik dhewek iki muko?” takone Misini ambi lungguh ring kursi.

 

Ambi magih ngempet guyu, Saperik cerita nong rabine dhung bengen wayah sekolah SMA, ana cerita lucu. Salah sijine kancane sekolah hang aran Selamet, tau diuyuhi jaran.

 

“Bengen iku isun sak kancaan mulih sekolah mesthi nunggang dhongkar. Wis ana dhongkar hang dadi langganane. Masiya dhongkar iku wis nguwot lare, dhung kecaruk ambi golongan isun, sakkal hang diuwot kongkon mudhun. Isun sak kancaan dikongkon munggah,” jare Saperik ngawali cerita nong rabine.

 

Sak wijine dina, Saperik ambi kancan-kancane mulih sekolah nunggang dhongkar langganane. Hang aran Selamet lungguh ngarep ambi nyacak belajar nyetir dhongkar. Pas marek ngeliwati perapatan, jaran wadon hang narik dhongkar katon kaya-kaya arep mandheg.

 

Ambi Selamet tali lise ditarik-tarik, karepe jaran iku geningena melayu lancar maning kaya sedurunge.

 

Kalingana paran hang dikarepaken Selamet sing kewujud. Jaran wadon iku sangsaya mondhag-mandheg melayune. Buntute katon ngangkat-ngangkat mendhuwur. “Sakjane kala iku kusir dhongkare wis ngandhani Selamet gok rada minggir lungguhe. Naming Selamet sing ngerti paran karepe,” jare Saperik ambi ngempet guyu.

 

Temakaken jaran wadon iku sing kuwat maning ngempet nguyuh. Iyane nguyuh sak pole, lan muncrat memburi tepak ring awake Selamet. Untung bain kala iku dhongkar wis gadug gang umahe Selamet. Ambi ngempet ambune uyuh lan geblese seragam sekolah, Selamet mudhun teka dhongkar. Iyane melaku melebu gang umahe kaya robot kabotan awak.

 

“Pungkasane isun lan kanca-kanca pada cekakakan ndeleng Selamet melaku kaya wong kepet,” jare Saperik ambi ngakak maning.

 

Marek cerita Selamet hang diuyuhi jaran, Saperik katon balik mata walangen maning. Hang wadon tambah bingung maning. “Indahne apuwa Kang Saperik iki gok kantru-kantru maning. Mangka buru bain munyak-munyik cerita dhung kancane diuyuhi jaran,” Misini mbatin.

 

Sing weruha dina iku Saperik ulih undhangan teka kancan-kancane acara reuni sak angkatan. Naming iyane magih durung tegel kadhung kecaruk kancan-kancane maning. Iyane isin ndeleng kancan-kancane wis padha sugih-sugih.

Ana hang dadi dokter, pengacara, anggota dewan, pedagang, pegawe bang lan liya-liyane. Sedheng iyane mung dadi buruh tani hang asile sing sepira. Dienggo madhang sak keluwarga bain kadhang sing cukup.

Utange magi keleleran ring endi-endi. Untung bain rabine bisa dagang ring pasar. Paran bain diedol, molai janganan, tahu, tempe, bumbu-bumbu pawon lan liya-liyane. Dadi keperluwan sedinane bisa dicukupi ambi asile dagang.

 

“Isun isin dhung kecaruk ambi kanca-kanca Dik. Kanca-kacan wis padha dadi uwong kabeh, isun magih gedigi-gedigi bain. Dienggo madhang bain isun magih nunut nong rika.

 

Paran hang sun jawab dhung kanca-kanca takon penggaweyan isun,” jare Saperik ambi rada mberebes mili.

 

Setemene Saperik kepingin kecaruk maning ambi kancan-kancane hang wis 40 taun sing kecaruk. Iyane wis mbayangaken kelendi senenge kecaruk ambi kanca SMA bengen.

 

Nawi bain cerita-cerita lucu hang bengen-bengen diceritakaken maning. Kelendi wayah sekolah melincur ring sawah-sawahan parek sekolahan. Kecandhak guru, sakkal kepelayon.

 

Melayu keciran ring galengan, sampek ana hang kebelandur kecebur ring sawah. Pungkasane kelambi seragame kotor kabeh.

 

“Acarane kapan iku Kang?” takon Misini ngagetaken.

 

“Ya dina iki, jam wolu ring rumah makan mburine rumah sakit,” Saperik njelasaken nong rabine.

 

Weruh praupane Saperik katon ngenes, Misini ngupaya ngibur lakine supaya sing usah dipikir seru-seru. “Kadhung kepingin kecaruk kan bisa teka nong umahe dhewek-dhewek, dadi sing kecaruk ambi kabeh kanca geningena sing isin,” jare Misini maning ambi ninggal lakine melebu umah nutukaken olah-olah ring pawon.

 

Sing kerasa emeh petang jam Saperik kantru-kantru ring bentur umahe. Iyane magih ngenget-ngenget kedadeyan kala magih sekolah bengen. Sampek-sampek Saperik sing weruh ana rombongan montor mandheg ring ngarepan umahe.

 

“Assalamu’alaikum ... Rik kelendi kabare. Kari katon tuwek sira saiki Rik!” jare Selamet hang tau diuyuhi jaran melebu umahe Saperik.

 

Kerungu suwarane Selamet, sakkal Saperik kelunjuk. Paran maning iyane ndeleng puluhan kancane padha milu melebu nong umahe hang magih gedhung separuh iku.

Kanca lanang wadon tumplek blek dadi siji nong umahe Saperik hang cilik. Pungkasane ya rada umpel-umpelan. Saperik katon bingung. Antarane seneng ambi isin dadi siji ring atine Saperik.

 

Saperik arep ngadek nyeluk rabine, taping sing ulih ambi kancan-kancane. “Wis sing usah repot-repot. Isun kabeh iki mara merene kerana sira sing bisa teka reuni. Pungkasane kabeh mupakat, marek reuni nyambangi sira,” jare Ahmad hang saiki katon bunder.

 

Buru bain Ahmad maek ngomong, Sofyan ambi Mardi melebu ngotong-ngotong beras sak karung ambi kerdhus siji.

 

“Iki wujud kepedulian kancanira kabeh Rik. Kabeh kancanira mikir kondisi ekonominira. Sing usah isin. Iki kabeh sedekahe kanca-kanca nong sira sak keluwarga. Tulung diterima,” jare Ahmad maning.

 

Sakkal Saperik mberebes mili, iluhe sing kerasa temetes ring pipine. Marek nerima bantuan iku, Saperik sakkal meluk Ahmad sak kencenge ambi mbesesegen ngempet tangis.