Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Masinis Cilik
- Anton Heri Laksana/ VIVA Banyuwangi
Budaya, VIVA Banyuwangi – Penulis: Oyek Setro
Lare cilik iku arane Mardi. Sakat raina wis ngabragi apake diajak ndeleng sepur. Mangka sepur hang arep dideleng buru liwat ring pangklang soren. Mesti bain apake ya sing gelem. Apake raina iku magih nerusaken penggaweyane hang durung tutug. Karepe apake, Mardi dikongkon turu sulung, engko soren dhung wis wayahe sepur liwat digugah. Apake nak arep nutugaken penggaweyane terus sembayang Asar sulung.
Mardi kaya-kaya sing keneng dieluk maning. Iyane terus maksa apake budhal ndeleng sepur hang magih sejam maning liwate. Pungkasane apake ngalah lan ngendoh penggaweyane, timbangane engko Mardi ngamuk. Jalaran ngamuke Mardi iku elek. Paran hang ana ring ngarepe mata mesthi bain dibanting.
“Ayo wis budhal, tapi sira kudu janji engko mulih langsung sinau lan engkisuk sekolah. Kadhung sira sulaya, apak sing arepe ngeteraken sira ndeleng sepur maning. Kelendi?” jare apake Mardi hang aran Man Samsul ambi ganti kelambi.
“Iya, isun janji arep sianu lan sekolah engkisuk,” jawabe Mardi hang wis nganggo seragam masinis lengkap sak sepatune.
Mula sakat rong taun iki Mardi saben ndeleng sepur mesthi nganggo seragam masinis lengkap. Ana logo KAI ne, ana arane dhewek ring dada tengene, nganggo pangkat ring kiwa tengen pundhake, uga nganggo dhasi. Wis pokoke ngeplek kaya masinis temenanan digu. Seragam masinis iku ditukokaken ambi emake ring on line.
Pungkasane tepak gadug ring pangklang sepur, petugas pangklange semaur kadhung sepure magih suwi tekane. Taping Mardi kaya sing perduli. Iyane tetep ngadeg ring pinggire ril ambi menthelengi ril sepur hang arah ngalor. Matane tajem, kaya matane manuk gagak hang ngincer mangsane. Iyane mantep nganteni sepur hang arep liwat ring kana.
Matane terus mandengi ril sepur sampek ring pucuke ril hang meleguk katon kaya nembus umah-umahe uwong. Merga serngenge magih nyentrong, Mardi katon kaya ndeleng rile metu weleke. “Pak, apuwa rile kok kaya melek gedigu yuh. Maning kaya meliguk-meliguk sing kenceng,” takone Mardi nong apake hang magih gesah ambi Kang Hartono petugas pangklang.
“Di, kadhung sira patheng sekolah, mesthi bain ngerti apuwa gok kaya gedigu. Jare ilmu pengetahuan, iku arane fata morgana. Iku kedadeyan kerana rile keneng panas serngenge. Dadi kadhung dideleng teka kadohan ya kaya melek lan meliguk-meliguk,” jare apake njelasaken nong Mardi.
Sing sepira suwi apake Mardi dikagetaken ambi suwara cengkleng-cengkleng pertanda sepur wis ucul teka stasiun sedurunge pos pangklang. Kira-kira sepuluh menit, Kang Hartono mulai nutup pangklang kerana sepur wis emeh gadug.
“He jerangkong ... kepingin matek ta. Wis weruh pangklang ditutup, arep nderobos bain ya. Wis bosen mangan sega tempong ta,” suwarane wong hang nunggang sepidhah montor ring pinggire pangklang mberaki lare enom hang nderobos pangklang sepur.
Kerungu suwara rame gedigu, Kang Hartono kelunjuk. Iyane agage metu teka pos lan ngabragi lare enom hang ana ring njerone kalangan pangklang sepur. “Lik cepet metuwa Lik, ketempong bacote sepur sing dadi uwong sira. Kadhung ana paran-paran, isun hang keneng uwel. Sira enak, kari mbungkus lawon bain terus digelundhungaken,” celathune Kang Hartono.
Weruh petugas pangklang muring-muring, lare enom hang goncengan ambi dhemenane iku njaluk sepura. Ambi munyik kemisinen, iyane nuntun sepidhahe metu nyelundup teka pangklang. Sing sepira suwi suwara bele sepur kerungu. Mardi hang ana ring ngarepe pos ngadeg sisihe Kang Hartono. Kaya petuga temenanan iyane ngangkat tangan tengene lan hormat ring masinis. Wangune masinise katon ndeleng ana lare cilik nganggo seragam kaya iyane ring ngarepe pos. Pungkasane masinis hang ana ring sepur munyik ambi ngacungaken jempole. Weruh gedigu Mardi seru girange. “Pak ... Apak ... isun diuweni jempol gedigi ambi masinise,” ambi nduduhaken jempol tengene nong apake. “Masinines munyik nong isun Pak.”
Apake mung munyik ambi ngomong, “mangkane, kadhung sira kepingin kaya masinis iku, sira ya kudu pantheng sekolah. Kadhung sing gelem sekolah, kelendi arep bisa dadi masinis.”
Mardi kaya mikir jeru ambi omongane apake. Iyane thenger-thenger dhewek lungguh ring teritise pos pangklang. Nawi bain iyane kerasa dhung selawase iki iyane wis sing tau melebu sekolah. Iyane kaya aras-arasen sekolah. Iyane mikir kelendi bisa dadi masinis dhung iyane sing tau sekolah. Sing tau ulih pelajaran liyan-liyane kejaba mung maca lan itung hang diajari emake ring umah. Mangka kadhung dadi masinis mesthi bain kudu ngerti lebih teka maca lan ngitung bain.
Mardi terus mikir lan mata walangen ambi ndeleng ril ring ngarepe pos pangklang. Embuh kerana paran, ujug-ujug iyane nyagahi paran hang dijaluk apake. “Iya wis Pak, mangkat engkisuk isun sekolah maning. Taping isun sing dilereni kan ambi Bu Guru ring sekolah. Isun wis pirang-pirang ulan sing tau melebu. Isun janji nong Apak, arep patheng sinau, geningena bisa dadi masinis kaya hang muko. Isun arep nukokaken apak montor, geningena sing sepidhahan terus. Geningena sing keneng udan,” jare Mardi teges.
“Ya gedigu arane anake Apak. Acake sakat bengen sira patheng sekolah, saiki sira wis pinter kaya kancan-kancanira. Mangkane kadhung wis janji sing ulih sulaya maning,” jare Man Samsul ambi ngajak Mardi mulih. “Engkisuk mulih sekolah ndeleng sepur maning ambi apak.”