Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Kanca Parek

Ilustrasi wanita usai menjalani kemotheraphy
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Cerpen Bahasa Using, VIVA Banyuwangi –Rasane sepur iki melakune kaya kari sendhet. Sakat muka sing gadug-gadug. Mangka Mbok Paini wis sing serantan kepingin weruh kahanane kancane hang nyandhang lara ring Malang.

Perkuat Usaha Anak Muda, Banyuwangi Kembali Gelar Jagoan Bisnis

Kancane hang aran Mbok Ririn iku mula kanca pareke sakat sekolah SMP bengen. Sampek kaya dulur dhewek. Kabeh keluwargane wis kenal apik ambi keluwargane Mbok Paini. Naming saiki wis pisah kutha. Iyane kawin ambi pulisi hang ditugasaken megawe ring Malang.

Seminggu kepungkur, iyane oleh kabar dhung kanca pareke iku keneng lara paru-paru. Wis pirang-pirang ulan iyane melebu metu rumah sakit. Emeh seminggu sepisan kancane hang aran Mbok Ririn disedhot paru-parune.

Razia di Terminal Sri Tanjung Antisipasi Laka Angkutan Umum

Saben nyedhot, paling using ngetokaken banyu seliter sampek seliter setengah. Kadhung sing disedhot, banyune ngebeki paru-parune lan Mbok Ririn kangelan ambegan.            

Kabar hang kaya gedigu nggarahi Mbok Paini pirang-pirang dina sing bisa turu. Iyane terus-terusan nilpuni kancane hang bolak-balik melebu metu rumah sakit.

Orangtua Wajib Waspada, Pengguna Obat Daftar G Kalangan Remaja Cukup Tinggi

“Paran hang sira rasakaken Rin,” takon Mbok Paini kala nilpun Mbok Ririn sak ulan kepungkur.  “Kadhung sing disedhot banyu hang ana ring paru-parunisun, isun kangelan ambegan. Kaya wong keneng sesek. Dienggo omong-omongan sedhilut bain wis kongos-kongos kaya wong marek pelayon pirang-pirang kilo adohe. Taping kadhung wis disedhot, ambegan plong maning,” jare Mbok Ririn ambi kilah-kilah ring pelanca rumah sakit.            

“Mangkane aja ngomong bain wis. Liwat WA bain, geningena sing kangelan ambegan,” jare Mbok Paini nong kancane.            

Omongane kancane sakulan kepungur lewat tilpun iku magih terus dienget-enget. Suwarane sepur sing bisa mbuyaraken pikirane nong kancane hang terus-terusan digerogoti lelara. Sampek-sampek ring njero sepur iyane mung bisa mata walangen. Pikirane terus ana ring kancane.            

“Arep mudhun ring endi Mbok,” jare lare lanang hang lungguh ring sisihe.            

Mbok Paini katon magih mata walangen. Sing sadar gog ditakoni lare lanang hang lungguh ring sisihe. Sampek-sampek lare lanang iku manenaken nggutit Mbok Paini ambi takon maning.            

Mbok Paini katon kelunjuk lan njaluk sepura dhung sing nggatekaken pitakone lare iku.            

“Sepurane Kang, isun sing kerungu,” jare Mbok Paini.            

“Rika arep mudhun nong endi?” jare lare lanang iku takon maning.            

“Isun arep nong Malang Kang. Rika dhewek mudhun endi?” “Padha Mbok. Isun ya arep nong Malang,” jawabe lare lanang muko.            

Pungkasane keloron padha kenalan. Lare lanang iku arane Kang Saparik. Asale teka Tukangkayu. Wis telung taun iki iyane megawe dadi satpam ring salah sijine perumahan ring Dinoyo Malang.

Iyane buru bain mulih kerana wong tuweke sampek umur. Wong tuweke hang mung kari siji, yaiku emake, seminggu kepungkur dijuwut Hang Kuwasa.            

“Lara paran emak rika Kang?” takone Mbok Paini.            

“Ya sing lara Mbok. Mula umure wis tuwek. Wis emeh 80 taun. Iyane ring Tukangkayu urip ambi adikisun. Kadhung apak wis emeh limang taun iki sing ana. Kadhung apak mula kerana lara jantung,” Kang Saparik njelenterehaken kahanan keluwargane.            

“Isun milu bela sungkawa yo Kang. Muga-muga emak rika husnul khotimah,” jare Mbok Paini.            

“Terima Mbok. Oh ya Mbok, sakat muko sun deleng-deleng kaya ana hang rika pikiraken yuh?” takone Kang Saparik.            

Mbok Paini magih bingung arep njawab pitakone Kang Saparik. Iyane magih mamang arep nyeritakaken kancane hang lara paru-paru. Serta dipikir-pikir rada suwi, pungkasane Mbok Paini nyeritakaken paran hang dipikir. Kelendi iyane mikir kanca pareke hang saiki dirawat ring rumah sakit kerana keneng paru-paru.

“Muga-muga bain Mbok, kancanrika gancang aron,” jare Kang Saparik.            

Banget-bangete Mbok Paini jagongan ambi Kang Saparik ring sepur, ujug-ujug kerungu suwarane hp ne muni. Mbok Paini sakkal njuwut hp ne hang ana ring njero etase. Hp diuripaken lan dideleng ana wa teka nomer hang aran Mbok Ririn. Sakala iku atine Mbok Paini kemesut.

“Ana kabar paran iki?” jare Mbok Paini ring njero ati. Ambi rada gemeter, Mbok Paini mbuka wa hang teka Mbok Ririn. Dhonge wa wis kebuka, Mbok Paini njerit seketane.            

“Innalilahi wa innalillahi rajiun. Isun arep merono Rin, apuwa sira ninggal isun,” jare Mbok Paini ambi nangis.

Kang Saparik hang wis emeh turu kesirep, sakkal jenggirat kaget. “Apuwa Mbok?” takone ambi ngucek-ngucek matane.              

Mbok Paini magih terus nangis, sing bisa njawab pitakone Kang Saparik. Iyane mung ngelungaken hp ne hang magih mbukak wa teka nomere Mbok Ririn. Temakaken wa iku teka anake Mbok Ririn hang aran Dewi. Anake Mbok Ririn ngabaraken dhung emake wis sing ana umur. Matine ring rumah sakit.

“Innalillahi wa innalillahi rajiun,” jare Kang Saparik.  

Marek gedigu, hp iku muni maning. Tetep teka nomere Mbok Ririn. Isine fotone Mbok Ririn hang wis sing ana umur. Magih ring pelancane rumah sakit.            

“Rin ... kulit hira kok belang-belang cemeng kaya gedigi Rin. Rambut hira kok digundhuli maning. Mangka sak ulan kepungkur magih bersih. Apuwa iki Rin?” takone Mbok Paini ring njero atine dhewek.            

Kerana sing serantan kepingin weruh ceritane gok kancane iku sampek sing ana umur, Mbok Paini ngebel anake Mbok Ririn. Suwi tilpune Mbok Paini sing dijawab-jawab ambi anake Mbok Ririn. Taping Mbok Paini terus ngebel, pungkasane diangkat ambi Dewi.

“Kelendi ceritane emakhira Wik?” Mbok Paini takon.  

Temakaken wis rong minggu Mbok Ririn melebu rumah sakit maning. Melebu hang pungkasan iki buru ditemokaken gok ring paru-parune Mbok Ririn ana kangkere. Pungkasane dokter nyaranaken dikemo.

“Taping Hang Kuwasa duwe karep liya. Emak dijuwut maning. Nawi bain iki hang lebih apik kanggone emak. Apak ambi isun lan adhik-adhik wis iklas. Isun sekaken ndeleng emang pirang-pirang ulan kesiksa ambi larane,” jare Dewi ambi mesesegen.            

“Iya wis Wik, kadhung ulih ngubure antenana isun ya. Isun saiki wis gadug Bangil. Kari sithik bain gadug Malang,” penjaluke Mbok Paini ring Dewi. “Enggih Bik. Niki tasik ngurus administrasi teng rumah sakit,” jawabe Dewi ring tilpun.            

Mbok Paini magih terus nangis ring ndhuwur sepur. Wong-wong hang ana ring sisih-sisihe padha takon.  

“Kancane hang ana ring Malang sampek umur. Mbok iki arep nong Malang nyambang kancane hang dirawat ring rumah sakit. Temakaken sing ketututan.

Kesulungan kancane dijuwut ambi Hang Kuwasa,” Kang Saparik njelasaken nong uwong-uwong.            

“Wis Mbok, sing usah ditangisi maning. Nawi bain iki wis takdire kancan rika. Dungakaken bain muga-muga kabeh kesalahane disepura ambi Hang Kuwasa. Muga-muga bain husnul khotimah,” jare Kang Saparik ngedhem-ngedhem atine Mbok Paini.