Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Keseregep

Ilustrasi penangkapan tersangka oleh polisi
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Budaya, VIVA Banyuwangi –Sing kaya biyasahe, soren iku hawane kari gerah. Daya mendhunge sakat raina katon rata. Naming sing ana udan. Nawi bain iku hang nggarahi hawane gerah. Rasane kaya-kaya arep nguthak kelambi, kerana keringet derodosan sampek kelambi kepus. Paran maning hang nong kelek, katon ketela-tela kadhung kepus. Ambune keringet campur ambi lenga wangi tansaya nggarahi endhas mumet.  

Bullying Diduga Terjadi di SMKN Wongsorejo, Korban Enggan Sekolah

Manuk-manuk cilik hang biyasahe methingkring ring empang uwit pelem ngarepan umahe Man Sainik, soren iku sing katon siji-sijiya.

Mung katon siji loro kupu seliweran miber ring dalan. Sok-sok ya melebu ring umahe Mbok Jaenah hang ana tepak ring ngarep umahe Man Sainik.

Karya Bakti HUT TNI ke 79, ini yang Dilakukan Koramil Wongsorejo

Naming ana hang beda kaya soren-soren biyasahe. Sing tau-tauha ana wong adol bakso surungan hang ider ring kampung kana, soren iku ana bakso mandheg tepak ring sisihe pager umahe Mbok Jaenah.

Hang adol magih enom katon nggantheng. Iyane katon lisuh, kaya-kaya mari ider pirang-pirang kilo adohe.

Petani Desa Bimorejo Lurug Kantor Kontraktor Pelaksana Proyek Rehabilitasi DI Bajulmati

Paman tukang bakso iku ngelempoh ring pinggire lawang umahe Mbok Jaenah.

Wangune iyane katon kepanasen taker topine dikepet-kepetaken ring gulune. Keringet hang kawitan katon deredesan, saya suwi saya katon garing.

Ambi nyedhot udute, tukang bakso iku kaya biyasahe ngentheng mangkoke kanggo nyeluk uwong-uwong hang arep tuku.

Temakaken upayane tukang bakso nggantheng iku sing percuma. Rada suwi katon ana wong lanang hang awake gegel ambi nyelempangaken sarunge mara.

“Kang ... baksone siji bain Kang. Sing kathikan lonthong,” jare wong lanang hang nyelempangaken sarung ring baune.

“Ndamel gorengan ta using Kang?” tukang bakso takon ambi ngelayani.

“Penthol cilik bain,” jawabe. Ambi muluh-muluh, wong lanang hang sarungan iku takon nong tukang bakso.

“Kaya sing tau weruh nong rika ya Kang. Sing tau ider ring kene ta rika Kang?” takone maning.

“Buru dina iki isun ider merene. Biyasahe teka pertelon etan iko, isun lurus ngalor. Taping dina iki isun nyacak ngulon, nawi ana pelanggan anyar. Temakaken temenan ketemu rika hang dadi pelanggan anyar ... he ... he ... he ...” jare tukang bakso munyik ambi nyebulaken welek udute.

Durung entek baksone wong lanang hang nganggo sarung iku, teka kulon katon wong lanang nganggo kelambi putih sarungan lan ketuwan marek nong tukang bakso.

“Kang baksone dibungkus sepuluh Kang,” jare wong hang temakaken RT ring wilayah kono arane Man Baderik.

“Pak RT, enggo paran tuku bakso kari akeh, arep rapat ta?” jare Man Sainik berak-berak teka ngarep umahe.

“Iya Man, iki arep rapat RT. Ngerundhingaken rencana jaga-jagaan ring kampung. Mergane akeh kedadeyan hang nyurigakaken. Akeh lare-lare enom hang golet-golet barang ring epot-epot kembang ring pinggirane gang. Dhung kecaruk uwong, sakkal melayu ngetepeng nunggang sepidhah montore. Maning sepidhah montore perotholan sing ana pelat nomere,” jare Man Baderik.

Weruh diejak gesak gedigu, Man Sainik hang ana ring ngarepan umahe marek nong Pak RT.

“Kaya sing tau weruh ider ring kene rika Kang?” Man Sanik rada curiga ambi tukang bakso hang katon nggantheng lan peraupane rijig iku.

“Enggih Man ... biyasahe teka pertelon niku kulo terus ngaler. Taping dinten niki nyacak ngulon,” jare tukang bakso kaya hang diceritakaken nong wong lanang hang sarungan muko.

“Yee ... mangkane kok kaya sing tau weruh. Kenalaken bain isun RT ring kene. Aran isun Baderik. Sung dungakaken muga-muga laris dagangan rika Kang,” jare Man Baderik ambi ngelungaken picis satus sewu.

“Eh sepuntene sakderenge nggih Man. Niki umahe sinten, kari katon paling apik timbangane umah-umah liyane. Taping kok katon kari sepi. Sing ana hang manggoni ta Man?” jare tukang bakso iku.

Ambi lungguh ring kursi pelastik hang digawa tukang bakso, Man Baderik lan Man Sainik nyeritakaken dhung umah hang paling apik iku umahe Mbok Jaenah. Iyane megawe ring pemerintahan.

Lakine sing ana, embuh nong endi. Naming jare ceritane Mbok Jaenah, lakine mati tepak anake magih umur rong ulan.

“Wektu iku Mbok Jaenah magih manggon ring kutha liya. Durung manggon ring kene. Iyane manggon ring kene sakat anake umur telung taun. Umah iki bengen umahe lurah dhongkol. Uwonge mati, anak-anake wis sing ana hang ring kene. Pungkasane diedol lan dituku ambi Mbok Jaenah,” jare Man Sainik.

“Kadhung soren gedigi Mbok Jaenah magih dereng dugi ta Man? Terus anake teng pundi?” uwong hang nganggo sarung milu urun pitakonan.

Man Sainik ambi mbeneraken lungguhe ring kursi pelastik nerusaken ceritane nong wong loro iku.

Kawitan Mbok Jaenah manggon ring umah iku, anake lanang hang aran Manto magih umur telung taun.

Naming dideleng-deleng cara ndhidhike Mbok Jaenah nong anake seru kerase. Sampek-sampek tangga-tanggane sing mentala.

“Lare magih cilik ... magih sekolah TK, wis ditinggal ring umah dhewekan saben dinane. Sekolah diteraken. Mulih disusul. Marek digu, ditinggal megawe maning sampek soren. Larene ditinggal ring umah dhewekan. Umahe dikunci teka njaba,” jare Man Sainik.

Paran maning tepak wis SD, kadhung Manto memengan sampek Isak sing mulih, langsung dikancingi lawang. Mbok Jaenah sing katene mbukak lawang masiya anake teka.

“Tau sawijine dina, Manto memengan ambi kanca kampunge sampek dalu. Kira-kira setengah sanga larene buru teka. Kepeksa iyane sing bisa melebu umah kerana lawange wis disereg ambi Emake. Man Sainik iki, hang manggon ring ngarep umahe kepeksa ngancane Manto sampek tengah wengi. Mbok Jaenah diceluk-celuk ambi Man Sainik sing semaur. Pungkasane Man Sainik ambi rabine melekan ngancani Manto lunggu ring bentur umahe Man Sainik. Buru tarhim muni Mbok Jaenah mbukak lawang ambi celathu nong anake,” jare Man Baderik.

Temakaken kedadeyan kaya gedigu sing sepisan pindho. Ping kaping-kaping Manto kudu turu ring njaba umahe tandangane mulih kedalon.

Tangga-tangga hang ngandhani dhung ndhidhik anak aja seru-seru kerase, malah dimungsuh.

“Sing disapa, kaya Man Sainik sak keluwargane,” jare Man Baderik.

“Iya Lik, sampek saiki isun dhewek sing ngerti apuwa keluwarganisun dimusuhi. Karep isun kan ngandhani aja keras-keras seru ambi lare cilik, naming iyane salah terima,” jare Man Sainik.

“Saiki Manto iku umur pinten Man?” takon uwong hang sarungan iku.

“Kadhung umure isun sing pati ngerti. Hang jelas, saiki Manto iku sekolah SMA kelas loro. Taping jare tangga-tangga pareke, wis pirang-pirang ulan iki katone kaya wis sing tau sekolah maning. Sakjane larene apik. Ring tangga ya gelem nyapa, sin kaya babone. Masiya ana tangga duwe gawe, kesusahan, sing tau mara,” jare Man Sainik maning.

Sakat Manto melebu SMA, emeh saben dina Manto padu ambi emake. Kadhung wis padu, sing mikir tangga. Berak-berak kaya urip nong alas.

Sithik-sithik ana suwara barang pecah hang dibanting. Embuh piring, lumur, kunci sepidhah montor hang diuncalaken, sepidhah montor hang diterakaken ring lawange pager, sampek suwarane tipi pecah kerana keneng sempak Manto.

“Nawi bain Manto wis mulai wanen ngelawan emake. Bengen iyane dipulasara meneng bain. Saiki iyane wis kerasa gedhe, lan wanen ngelawan emake,” jare Man Baderik nimpali.

Buru bain Man Baderik lan Man Sainik arep pamitan mulih kerana wis emeh Magerib, teka njero umah katon Manto metu ambi nyetater sepidhah montore. Tepak arep mbukak lawang pager, ujug-ujug uwong hang sarungan wis marek nong Manto. Lan sing disangka-sangka, Manto langsung dipiting lan dieret metu teko umahe.

"Sira Manto? Ayo milu nong Polres. Sira engko bisa njelasaken ring Polres," jare pulisi hang nganggo sarung.

Man Baderik lan Man Sainik kelunjuk ndeleng kedadeyan iku. Iyane arep mara nulungi Manto, naming dialangi ambi tukang bakso.

“Geningena Man, Manto iki mula wis dadi DPO ne pulisi. Isun ambi wong iku pulisi hang nyamar. Manto diincer merga dadi pengedhar narkoba,” jare tukang bakso hang temakaken pulisi nyamar.

Sing sepira suwi katon montor Kijang teka kulon ngetanaken lan mandheg tepak ring ngarep umahe Mbok Jaenah.

Uwong hang ngenggo Sarung ngeret Manto melebu montor lan terus melaku.

Buru bain montor hang nguwot Manto ngetanaken, Mbok Jaenah teka ambi nunggang sepidhah montor.

Iyane kaya bingung ndeleng rame-rame ring ngarepan umahe.

Tukang bakso hang nggantheng iku mareki Mbok Jaenah, njelasaken dhung anake ditangkep kerana dicurigai dadi pengedhar narkoba.

“Kadhung rika kepingin jelase, rika saiki langsungo ring polres. Anak rika digawa merana,” jare pulisi hang nyamar dadi tukang bakso iku.