Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Anak Kemunjilan

Gadis desa sedang beraktifitas
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Cerpen Bahasa Using, VIVA Banyuwangi –Man Usik ambi Bik Siti soren iku katon mata walangen. Iyane keloron mikiraken anak kemunjilane wadon hang minggat teko umahe. Wis limang taun sing ana kabare. Mangka anak kemunjilane hang aran Rodiyah iku anak hang paling disayang ambi Man Usik.

Penguatan dan Integrasi Basis Data Daerah, Pondasi Pembangunan Banyuwangi

Naming kerana paling disayang, pungkasane larene rada aleman, diewel sithik bain wis ngambul. Rodiyah duwe kakang arane Samsul.

Samsul wis sing urip sak umah ambi apak lan emake. Kerana iyane wis umah-umah dhewek.

Dikelola Kemenhut, TN Alas Purwo Kenakan Tarif Nol Rupiah bagi Umat Hindu yang Beribadah di Pura Luhur Giri Salaka

Iyane manggon ring kutha liya ambi rabine lan anak-anake.

Limang taun kepungkur, Man Usik hang megawene tukang sampah kerungu kabar teka sekolaha, dhung Rodiyah hang wis kelas 2 SMA pirang-pirang dina sing melebu.

Tapanuli Utara: Menelusuri Kekayaan Tradisi, Tari, dan Ritual Budaya yang Memukau

Mangka saben dina Rodiyah berangkat sekolah. Pungkasane tepak Rodiyah mulih sekolah, ditakoni ambi Man Usik. Taping Rodiyah sing ngaku dhung melincur.

Man Usik ngamuk Rodiyah diewel. Kerana diewel gedigu, Rodiyah dina iku uga minggat teka umahe. Ana hang ngomong Rodiyah minggat nong Bali.

Sakat minggat iku sampek limang taun iki Man Usik lan Bik Siti magih durung tau weruh kelendi kahanane Rodiyah.            

Ambi ngumbe wedang kopi lang nyamil gedhang goreng ring bentur umahe. Man Usik lan Bik Siti nggesahaken Rodiyah.            

“Kelendi kabare Rodiyah yo Kang. Wis limang taun sing ana kabar. Magih urip ta kelendi lare iku?” jare Bik Siti ambi rada mberebes mili.    

“Hus...aja ngomong sak enake. Omongan rika iku bisa dadi dunga. Anakhira iku pinter. Masiya ring negarane uwong, insa allah bisa urip. Muga-muga bain sing salah dalan,” jare Man Usik ambi nyedhot udute hang wis kari uthise.            

Ring njaba umah katon dherem, kaya-kaya arep udan. Hawane wis ngangkat kerasa adhem. Mendhung sangsaya peteng.

Mara-mara udan kaya kemesok teko ndhuwuran. Derese keliwat-liwat.

Sampek-sampek sing patiya suwi, dalan ring ngarep umahe Man Usik katon banjir.            

Lare-lare cilik katon dhemen ana udan hang deres kaya gedigu. Kabeh padha metu udan-udanan.

Kecek banyu udan ring dalan-dalan ngarepan umah Man Usik.

“Ati-ati Lik kadhung pelayon, engko ta kebelandur. Dalane lunyu keneng udan,” jare Man Usik ngaruh-ngaruhi lare-lare cilik hang padha udan-udanan.

Ambi ndelengi lare-lare cilik hang muyab ambi udan-udanan, Man Usik katon ana montor werno cemeng mandheg pas ring ngarepan umahe.

Man Usik rada kelunjuk, kira-kira sapa hang mandheg ring ngarep umahe. Kadhung dhayohe, sing mungkin. Endhane tukang sampah dhayohe nggawa montor apik kaya gedigu.              

Man Usik magih mata walangen mikiraken sapa hang nggawa montor iku, sing weruha ring ngarepane ana lare wadon ayu sungkem ring pangkuwane Man Usik ambi nangis.

Man Usik magih kelunjuk, “sapa lare wadon hang ayu iki gok mara-mara sungken nong isun?” jare Man Usik ring njero atine.            

“Pak sepuntene sing kathah. Kula Rodiyah, anak rika,” jare lare wadon ayu iku ambi nangis ring pangkuwane Man Usik.

Kerungu aran Rodiyah, sakkal Man Usik meluk nyeluk rabine.

“Dik ... dik ... anak rika teka Dik. Iki Rodiyah wis teka,” jare Man usik ambi berak-berak nong rabine.

Teka pawon Bik Siti mung semaur, “aja ngimpi ta Kang. Isun ngerti, rika kangen ambi anakrika iku. Wis ta, dungakno bain geningna Rodiya selamet ring negarane uwong”.         

Pasangan pengantin Jepang

Photo :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi
   

“Isun sing ngimpi Dik, iki bener-bener Rodiyah anak rika. Merinia ta delengen, anak rika tambah ayu gedigi ya Dik,” jare Man Usik ambi terus meluk Rodiyah.

Bik Siti hang ring pawon agage metu rada kepelayon matani lakine.

Iyane kelunjuk ndeleng lakine meluk lare wadon ayu hang rambute semiran rada coklat.

Tepak wis parek ring lakine, buru Bik Siti milu nangis. Temakaken paran hang diomong lakine bener.

Rodiyah hang wis limang taun sing mulih, dina iki mulih.

Malahan mulihe Rodiyah ambi nunggang montor apik. Iku hang nggawe tambah bungahe atine Bik Siti lan Man Usik.            

“Pak...isun mulih ambi lakinisun Pak. Iki lakinisun, asli teka Jepang,” jare Rodiyah ngenalaken lare lanang nggantheng hang bareng ambi Rodiyah.  

“Sepurane Pak .. Mak, isun nekah sing warah-warah ambi emak lan apak. Isun wis nekah ulih setahun iki. Marek nekah isun langsung diboyong ring Jepang. Iki isun buru mulih teka Jepang, kangen ambi apak lan emak,” jare Rodiyah.

Lakine Rodiyah mung mesam-mesem bain. Temakaken mulihe Rodiyah mula arep mulyakaken wong tuweke.

Iyane wis niat arep nggawekaken umah wong tuweke, hang sampek saiki magih ngontrak.

Teka Bali, iyane wis ngubungi makelar-makelar umah. Dina iku iyane arep ndeleng umah hang arep dituku kanggo emak lan apake.            

Kerungu Rodiyah niat arep nukokaken umah iyane, Man usik lan Bik Siti sangsaya nangis. Iyane terenyuh weruh kekarepane anak kemunjilane.            

“Sira ulih picis teka endi arep nukokaken emak lan apak umah. Paran maning umahe gedhe kaya gedigi,” jare Bik Siti ambi nyekel gambar umah hang arep dituku.            

“Wis ta apak lan emak sig usah mikir macem-macem. Kabeh iki hang nukokaken lakinisun. Iyane pengusaha ring Jepang,” jare Rodiyah.

Man Usik lan Bik Siti sakkal bareng-bareng nyalami tangane mantune hang putih.

Sing kaya kulit tangane Man usik lan Bik Siti hang cemeng lan kotor.

Lakine Rodiyah ambi nyalami mertuwane iku mung bisa manthuk-manthuk bain.

Kerana iyane sing ngerti paran hang digesahaken anak ambi apak iku. Hang penting, iyane mulih ring kuthane rabine perlu nukokaken umah mertuwane.              

Isuk iku hawane rada adhem. Bik Siti hang wis biyasah tangi subuh lan tandang gawe buruh umbah-umbah, dina iku rada bingung ring umah hang anyar.

Kerana ambi Rodiyah, Bik Siti wis sing ulih buruh umbah-umbah maning.

Lan Man Usik sing ulih dadi tukang sampah maning. Kabeh keperluwane Man usik lan Bik Siti dicukupi ambi Rodiyah.

Kadhung Rodiyah pas ring Jepang, ya arep dikirim picise lewat bang.

Kaya biyasahe, Bik Siti arep olah-olah dienggo sarapan isuk.

Taping iyane sing bisa olah-olah ambi kompor gas. Iyane wedi kaya cerita-cerita jare kompor gas meledhos.

Pungkasane iyane njaluk tulung lakine dikongkon nggawe bengahan ring sisihe garasi montor.            

Bik Siti puput-puput kayu hang ana ring mburi umah arep dienggo olah-olah ring bengahan.            

“Dik, iku bengahane wis marek. Rika wis ulih kayu ta?” takone Man Usik nong rabine.            

“Wis Kang, iki mau isun puput-puput ring mburi umah ana kayu-kayu lan jajang-jajang bekas mbangun umah iki bengen. Sak wetara iki kenang dienggo olah-olah dina iki. Engkisuk ya kudu tuku kayu ring toko sebelah,” jare Bik Siti.

Kira-kira jam setengah pitu, Rodiyah tangi lan arep adus. Iyane ndeleng emake ring pawon, wis olah-olah tas durung.

Temakaken ring pawon katon bersih. Kompor gs ya magih durung diurupaken. Pungkasane Rodiyah celuk-celuk emake.            

“Mak ... mak ... rika nong endi?” Rodiyah celuk-celuk teko pawon.            

Bik Siti hang kerungu kadhung iyane diceluk Rodiyah sakkal semaur, “isun nang kena Yah. Isun olah-olah dienggo sarapan isuk iki,” jarene.            

Rodiyah rada bingung. Emake olah-olah, taping ring pawon kok sing ana sapa-sapa. Endahne olah-olah ring endi. “Rika olah-olah ring endi Mak?” Rodiyah takon.            

“Iki ring njaba. Ring bengahan hang buru bain digawekaken apakhira,” jare Bik Siti.

“Masa allah Mak, kok rika olah-olah ring bengahan. Kan ring pawon wis hun cukupi ambi kompor gas. Terus enggo paran kompor gas iku Mak?” jare Rodiyah.

“Isun sing wani olah-olah nganggo kompor gas. Wedi meledhos kaya nag tipi-tipi iku kok,” jarene.  

Kerungu pengakuwane emake hang kaya gedigu, Rodiyah mesem. Iyane maklum dhung emake wedi olah-olah nganggo kompor gas.

Jalaran sak lawase urip, emake sing tau olah-olah ring kompor gas. Paran maning ring berita tipi-tipi akeh kompor gas hang meledhos.          

Tungku memasak tradisional

Photo :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi
  

“Mak, kadhung nganggone bener, kompor gas iku ya sing meledhos Mak. Engko ta hun ajari nganggone geningena sing olah-olah ring bengahan. Maning dideleng tangga teparo kelendi, umah apik-apik ring sisihe garasi ana bengahane,” jare Rodiyah.