Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Apes

Ilustrasi suami istri dorong motor mogok
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, VIVA Banyuwangi –Abang kuninge langit sore iki, barengi ati kang sulaya. Nyawang Kang Mansur hang lumah-lumah ana ring pelanca bale umah.

Pesona Budaya Kota Langsa: Mozaik Keberagaman di Ujung Timur Aceh

Kaya sing duwe pikiran, kelendi kesok iki apa magih ana kang didang apa using.

Apa magih ana kang dienggo nguweni sangune anak sekolah apa sing.

Keindahan Beragam Pakaian Adat Kota Banda Aceh: Warisan Budaya yang Mempesona

Bisane mung mecegrek, ana kang dipangan ya milu mangan.

Seng ana, ya golet dhewek ya dipangan dhewek.

Menyelami Tradisi dan Budaya Banda Aceh: Keindahan Tari, Ritual, dan Kearifan Lokal yang Mengagumkan

Heem kelendi endani lakinisun iki. Aranisun Sariyatik.

Wis umah-umah ambi Kang Mansur suwene 35 taun. Urip katon sing ana ubahe.

Dudu kerana isun kurang sukur nang Pengeran.

Taping yo sun rasakaken, urip ambi Kang Mansur mung bisa cukup dipangan.

Masiyo ta hang golet picis kadang yo isun.

Dhung Kang Mansur wis muni lara boyok, iku berarti Iyane wis sing melaku megawe.

Mergane picis ulihe megawe engsoren musti bisa dienggo belanja rong dina.

Kerana kahanan iku muko, Isun yo kudu bisa golet picis, masiyo ta mung buruh nyithak kerupuk utawa dhung kongan yo adol pecelan ring umah.

Bang bang wetan wis gemantung. Isun wis mangkat nyepak-nyepakaken bahan-bahan kanggone olah lonthong.

Godhong sun suweki lan sun kusuti. Uga beras sun lebokaken ring jerone godhong kang wis diculepi semat.

Sun etap ring panci uga sun wani banyu rada akeh.

Idhing-idhing Kang Mansur tangi turu metu teka kamar.

Marek nyang bengahan lan nyethik geni. Dhung wayang kang gedigu, Isun yo welas.

“Kang engko rada padhang, ayok nyang Pasar Banyuwangi.” Ajak Isun.

Kang Mansur mung manggut sing semaur. Lonthong wis mangkat mateng.

Sun entas lan sun jejer ring irig. Srengenge wis katon padhang.

Isun arep berangkat menyang pasar.

Sun dheleng kang Mansur lumah-lumah ring pelanca bale umah.

“Ayok Kang berangkat.” “Iya dhik.” Ambi ngadek melaku ngetokaken sepeda motor tuwek.

“Heeerrrr.” Suwarane sepedae Holik keponakan Isun teka.

“Lik, nyilih sepedae yo, ngeteraken bibik iro nyang Pasar.” Ucape Kang Mansur.

“Nggeh niki.” Isun kaya sing enak ati.

Apuwa kang Mansur gok sing nganggo sepedae dhewek.

Apa kerana sepedae tuwek. Apa kerana kepingin gelis gadug kerana sepedae Holik anyar.

Embuh wis sing sun pikir. Isun milu bain gonceng. Hang penting bisa gadug pasar.

Sing suwi, Isun nyang pasar tuku paran-paran bain kang dienggo adol pecelan.

Kang Mansur nunggu nyang pinggir dalan makene sing bayar parker. Isun mara lan ngajak mulih.

“Mari wis dhik?” “Iya Kang, ayok mulih.”

Sepeda diuripi uga malaku mulih ngeliwati dalan kang muka berangkate.

Sepeda anyar sing ana abane. Kari enak sekok manyun sing kerasa dhung keneng jugelangan.

Gadug ring perapatan Sukowidi, sepeda melaku endut-endutan.

Ye kalingana bensine entek. Sun elungaken picis limalas ewu nang Kang Mansur kanggo tuku bensin.

“Nyak Kang Picise, sun anteni kene ya. Goleto bensin wis.” Ambi ngelungaken picis nang Kang Mansur.

Ulihe kari suwi, isun ngadeg pinggir dalan nganteni Kang Mansur sing ana teka.

Sun sawang ring burinisun ana warung rada melebu sithik semeter setengah paling.

Yo isun milu lungguh nang kono. Nyawang gedhang goreng anget-angetan cemepak ring piring.

Wetengisun muni, idu sun eleg, gorokan garing.

“Mbok, kopi secingkir yo.” Metune Isun marung, ngombe kopi uga mangan gedhang goreng.

Sak suwine nganteni Kang Mansur golet bensin.

Saya suwi sun rasak-rasakaken, kok Kang Mansur iki sing teka-teka nyang endi parane wong iki yo.

“Tuku bensin ta kesirep.” Batinisun.

Kalingana, Kang Mansur iki deleng isun nang panggonan sun ngadeg muko sing ana.

Iyane mulih, gok nyongko isun melaku idhing-idhingan.

Serta gadug umah, anak isun warah dhung Emak magih durung mulih.

Iyane bingung, balik maning goleti Isun.

Taping, nganggo sepedahe dhewek kerana sepedahe Holik arep dienggo menyang.

Sak dalan-dalan Kang Mansur celathu entek.

Sing weruha kecaruk Isun nang pinggir dalan. Kerana isun wis melaku idhing-idhingan.

“Nyang endi bain sira iki dhik. Sun tulih nang panggonan muko sing ana.”

“Isun lungguh nang warung Kang, ngenteni Rika. Kok sing Riko goleti ring kono. Perlu mulih.” “Yo jarenisun Riko melaku ta nunut uwong mulih.”

Sing kari adoh, sepedha tuwek iki mulai grok-grokan. Kalingana bensine uga entek.

“Apuwo sepedah iki Kang?” “Sulung sun deleng, kayane bensine entek.”

“Terus kelendi Kang, isun sing duwe picis maning. Iki mung ana petang ewu. Karine tuku kopi ambi gedhang goreng muko.”

“Haa, kelendi yo. Ring kene sing ana kang adol bensin literan. Anane wis botolan. Dhung picise sing ana, Yo ayok disurung bain dhik.”

Kari gedigi urip ambi Riko iki kang. Nemu bain apes.