Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Ngerandhu Ati

Ilustrasi Ngerandhu Ati
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, VIVA Banyuwangi –Saben dalu Saleh sing bisa turu. Mata merem tapi ati lan pikiran ngelayung. Ngerasakaken awak kang saya nggering-geringaken karena penyakit kencing manis.

Menikmati Kembali Festival Ngopi Sepuluh Ewu Banyuwangi

Sakat buru kawin sampek duwe anak telu, iyane uwong kang ngayomi keluwarga.

Nguwani nafkah kang sakmajate nang rabine. Urip seng tau nemu alangan.

Banyuwangi Jadi Tuan Rumah Olimpiade Sains dan Matematika Asia

Taping, saikine bida. Gusti Pengeran nguwani cobaan liwat kesehatane iyane.

Saikine Saleh sing bisa megawe maning. Kerana awak kerasa lesuh uga sikil linu dhung gawe melaku.

Penuh Tradisi, Cara Desa Adat Kemiren Banyuwangi Rayakan Hari Jadinya

Bengi iki, kaya biyasahe Saleh magih sing enak turu. Iyane nyawang Tutik, rabine kang turu nang sisihe.

Rasa welas ring ati tambah gedhi kerana sak suweni Saleh kadheman Tutik kang ganteni golet picis.

Dodolan sega pecel ring pinggir lurung. Tutik uga sing ngersula ambi kahanan kang ana.

Saben dina, wayah subuh. Tutik nyepak-nyepakaken dodolane.

Dhung wis mari,iyane mangkat dodol ring pinggir lurung ngarepe Rumah Sakit Belambangan.

Sing adoh teka umahe. Sakat srengenge durung jumbul sampek panase mangkat kerasa ring awak.

Sega pecele Tutik magih wutuh. Sing ana kang tuku. Embuh apuwa dina iki katon sepi.

Ambi nyawang sega sak termos, pikirane Tutik ngelayung.

Inget sakat bengen, iyane sing tau kurang. Paran-paran kecukupan.

Taping saikine, mung golet pangan kanggo uwong sak umah kerasa sara temenan.

Sing kerasa eluh temetes ring pipine. Ring kadhohan, Saleh uga nyawang rabine kang metenggengen nganteni uwong tuku.

Abot rasane ati dheleng kahanan kang gedigu mauko. Idhing-idhing ana wong wadhon tuwek nganggo kelambi kothor ngingsoran jarit melaku mareki dodolane Tutik.

Kayane wong iku elom. Embuh ngomong paran nang Tutik. Uga Tutik ngelungaken pincukan sega.

Tambah suwi ati saya sing karuan, Saleh melaku mulih. Ring umah, Saleh sing bisa ngalakoni paran-paran.

Iyane mung bisa lungguh lan lumah-lumah nganteni tekane Tutik. Sing kari suwi, Tutik teka nggawa dodolane.

“Assalamualaikum.” Tutik uluk salam uga lungguh ring sisihe Saleh.

“Walaikumsalam.” Saleh nggenggem tangane Tutik.

“Sepurane isun Dhik. Sing bisa nyukupi kaya bengen.” Ambi berebes iluh.

“Aja ngomong gedigu kang. Aran wong umah-umah mesti ana cobane. Awak dhewek kudu kuwat ngelakoni. Rika yo kudu semangat makene cepet aron. Masiyo isun mung bisa golet picis cukup mung dipangan. Isun sing paran-paran. Isun ridho kang.”

“Dhik, kelendi dodolane mau. Garus ta?”

“Alhamdulillah kang, masiyo sithik kudu disukuri.”

Batine Tutik kerasa-rasa kerana dodolan kisuk iki yo sing ana ulihe.

Taping, iyane sing kepingin nambahi pikiran lakine.

“Tok tok tok.” Abane uwong thothok-thothok lawang.

Tutik nyawang menjaba.

“Sapa yo?” Ambi ngicer-ngicer nulih nang lawang.

“Isun Tut, Anik keriwul.” “Ya, Allah Nik, lawas sing tau ketemu.”

“Iya wis, Isun weruh sira mau kaya dodolan sega pecel. Isun njaluk tolong, kesok isun gawekno sego pecel satus bungkus yo. Kerana ana rewang megawe teka nang umah.”

“Alhamdulillah, umahiro nong endi Nik?”

“Siro iki, iku ngarepan gapuro. Isun buru bain pindhah. Kadine siro sing weruh yo. Iyo wis, sun anteni kesok yo.” “Iyo, Nik. Kesuwun sedhurunge ya.”