Cerpen Bahasa Using Banyuwangi: Layangan Pedhot
- Istimewa/ VIVA Banyuwangi
Budaya, VIVA Banyuwangi –Penulis: Oyek Setro
Buru bain marek rendheng, saiki molai mangsa ketiga. Panase serngenge kaya-kaya melethekaken endhas. Biyasahe ganti mangsa kaya gedigi, akeh uwong hang sing kuwat.
Akeh uwong hang lara watuk pilek, gorokan, panas lan liya-liyane. Naming mangsa ketiga iki mula hang dianten-anteni ambi lare cilik-cilik. Wayah mangsa rendheng, lare-lare cilik sing bisa memengan layangan. Pas mangsa ketiga gedigi, layangan wis mangkat muluk ring endi-endi.
Lapangan desa hang biyasahe mung diebeki lare memengan tembung, saiki diebeki lare memengan layangan. Molai lare-lare cilik hang memengan layangan buntutan, sampek wong-wong tuwek hang memengan layangan bendhetan. Kabeh campur dadi siji ngebeki lapangan desa.
Ana uga lare-lare hang nggawa ganjur dawa hang pucuke diuwani sangkrah diengguh ngerebut layangan hang wis pedhot. Dhung ana layangan pedhot, sing kathikan dikongkon, lare-lare iku melayu nguber ambi ngetheng-ngetheng ganjur.
“Hin ana layangan pedhot Hin, ngelamuk ngulon. Ayo yara gancang mumpung durung ana hang nguber,” jare Rosid ngajak kancane, Solihin ambi melayu nguber layangan hang pedhot. Hang diajak, sing kathik mikir maning, ngeplas milu nguber layangan hang pedhot.
Ring awang-awang katon layangan kop-kopan ngelamuk ngulon. Bolake katon ngelewer rada dawa. Lare loro terus nguber sing katon ana lare liya hang nguber. Layangan terus ngelamuk ngulon melebu kalangan kuburan. Rosid ambi Solihin sing gelem nyerah. Iyane keloron takal-takalan menek pager kuburan.
“Ayo Hin, mumpung sing ana hang weruh. Sing ana hang nguber maning. Mesthi awake dhewek hang ulih iki,” jare Rosid ambi menek pager kuburan. Serta lare loro iku mudhun teka pager kuburan, iyane kabeh melongo. Ring njero kuburan temakaken wis akeh lare-lare hang ngadhang layangan pedhot iku ambi nggawa ganjur.
“Najis ... temakaken wis akeh hang ngadhang ring kene Sid. Percuma awake dhewek pelayon sakat teko lapangan muko,” jare Solihin katon lesu.
Lare loro pungkasane balik maning nong lapangan ambi rada ngersula. Solihin nyalahaken Rosid hang ngomong dhung sing ana hang nguber maning kejaba iyane keloron.
“Perandane jare sing ana hang nguber, temakaken wis akeh hang ngadhang ring kuburan. Sira kelendi sih Sid,” jare Solihin rada muring.
“Yo isun masa weruh Hin dhung ring kuburan wis akeh lare hang ngadhang. Tepak layangane pedhot ring lapangan, sing katon ana lare liya hang nguber kejaba awak dhewek.
Tanggo hun ya sing ana hang weruh, temakaken kalah set ambi lare-lare liyane,” jawab Rosid sing kalah sugal.
Pungkasane lare keloron mangu-mangu maning ring lapangan ambi sithik-sithik ndeleng mendhuwur nawi ana layangan pedhot maning. Ring lapangan magih rame lare memengan layangan. Tepak Rosid ndeleng mendhuwur, Rosid ngeweruhi ana layangan bendhetan hang mageh pulet ring ndhuwuran.
“Ayo Hin hang endi hang pedhot,” jare Rosid ngajak bedhekan kancane. “Isun mbedhek hang abang, hang gambar sawi-sawian hang pedhot. Glinyerane katone kaya kurang,” jare Solihin ambi ndhangak-ndhangak ndeleng layangan bendhetan.
Buru bain Solihin mingkem, layangan abang hang gambar sawi-sawian pedhot. Layangan iku ngelamuk ngulon maning kaya layangan pedhot sedurunge. Taping kerana bendhetane layangan iku rada dhuwur, dadi ngelamuke rada adoh teka lapangan. Ngeliwati kuburan hang ana ring kulone lapangan.
Solihin ambi Rosid sakkal nguber layangan hang pedhot ikut. Sing mung Solihin ambi Rosid bain hang nguber, magih ana lare-lare liyane hang nguber uga nggawa ganjur dawa-dawa.
Aran lare nguber layangan pedhot, matane sing tulih-tulih maning. Matane terus nulihe layangan hang ngelamuk ring ndhuwuran. Iyane sing kathik nulih dalan hang arep diliwati. Hang penting, iyane bisa gadhug nyulungi kanca liyan-liyane. Gedigu uga Solihin ambi Rosid. Keloron ketepengan melayu sing tulih-tulih dalan.
Tepak metu teka gang desa, lare loro muko melayu ngulon nyeberang dalan sing kathikan tulah-tulih sulung. Sing weruho, teka elor ana sepidhah montor melayu banter.
Weruh ana lare loro ngagetakan melayu metu teka gang nyeberang dalan, hang nunggang sepidhah kelunjuk.
Sakkal sepidhah montor ngerim seketane. Kerana jarake wis parek, erime sepidhah montor muko sing nutut. Solihin hang ana ring ngarepe Rosid sakkal mental ditabrak sepidhah montor.
Solihin melesat kira-kira rong meter lan endhase ngantem pinggirane trotoar. Pungkasane endhase bucur. Getih deleweran ring endhase. Solihin katon melungker ring aspalan semaput.
Hang nunggang sepidhah montor keseret sepidhahe sampek kira-kira limang meter. Sikil ambi tangan tengene babras. Untung bain nganggo helem, kadhung using, embuh kelendi hang aran endhas iku. Ndeleng heleme babras ring sisih tengene.
Mari nabrak, lare enom hang nunggang sepidhah katon metenggengen. Iyane mung bisa lungguh ring aspalan. Arep ngadeg sing bisa. Aran sepidhah magih nggelethak ring sisihe. Sepion wis sing ana, tugel. Thothok ngarep pecah sak kaca lampu ngarepe. Wangune kebanting ring aspalan sakdurunge nyeret hang nunggang.
“Anake Man Jalik ketabrak sepidhah montor! Iku larene hang nabrak!” jare Man Sukir hang dodolan ring pingir dalan.
Kerungu Man Sukir berak-berak dhung anake Man Jalik ketabrak sepidhah montor, sakkal uwong-uwong metu teka umahe dhewek-dhewek. Kabeh padha arep nyeret hang nabrak. Untung bain Pak Rt metu lan ngamanaken lare hang nabrak.
“Sulung ... sulung ta, aja nggawe sak karepe dhewek. Kabeh iku ana ukume, sing ulih sak enake dhewek ngakimi uwong. Ditakoni sulung kelendi ceritane iki,” jare Pak Rt ambi nulung lare hang nunggang sepidhah ngadeg.
Man Sukir hang weruh kedadeyane cerita gog Solihin ambi Rosid iku mula melayu nyeberang dalan sing tulah-tulih. Sing weruho teka elor ana sepidhah montor.
“Sepidhah montor iku mula wis ngerim, naming sing nutut, pungkasane ngantem Solihin hang ana ring ngarep dhewek,” jare Man Sukir.
Man Jalik hang kerungu dhung anake ketabrak sepidhah montor, sakkal njenggirat melayu nong lurung. Man Jalik ambi methentheng nggoleti sapa hang nabrak anake.
“Endi hang nabrak anakisun!” jare Man Jalik.
“Engko bain diurus sapa hang nabrak. Anak rika urusen sulung, gawanen nong rumah sakit geningena bisa cepet ditulung. Perkara hang nabrak, isun hang ngurus. Larene ya uga
kudu digawa nong rumah sakit, jalaran iyane ya babras bundhas tangan lan sikile,” jare Pak Rt ambi ngedhem-ngedhem atine Man Jalik.
Pungkasane Solihin ambi hang nabrak diemot pikepe Man Saleh hang biyasah dienggo momot pasir. Keloron digawa nong rumah sakit geningena cepet ditulung. Sak uwise lare hang nabrak diobati, Man Jalik diceluk ambi Pak Rt digathukaken ambi hang nabrak.
“Man Jalik, iki kabeh belahi. Sing ana wong hang kepingin kedadeyan kaya gedigi. Anak rika ya sing kepingin ketabrak, lare iki ya uga sing kepingin nabrak. Mulane ayo kadhung bisa dimarekaken secara dhame,” penjaluke Pak Rt.
“Taping kelendi anak isun, sampek saiki magih semaput. Endhase bucur. Kadhung ana paran-paran kelendi?” pitakone Man Jalik ambi methentheng.
“Kula sagah ngeragati anak ndika sampek aron. Sedaya ragat rumah sakit, kula hang nanggung. Kula janji teng ngajeng ndika kale Pak Rt. Pak Rt pun semerap alamat kula. Nawi bain kula nyulayani janji, ndika saged marani kula teng nggriya,” janjine lare hang nabrak.
Pungkasane kabeh padha mupakati lan sing sampek urusan ring pulisi. Sakuwise Solihin sadar teka semapute, iyane diparani ambi Man Jalik. Endhase dibelebet perban, sikil tengene uga ana tatune sithik.
“Mula sing usah maning-maning nguber-nguber layangan pedhot. Tuku bain kan ana ring warung-warung. Pira sih regane layangan. Kadhung kaya gedigi, sapa hang bingung.
Apak bingung, sira ngerasakaken lara,” jare Man Jalik nong anake hang magih kilah-kilah ring pelanca rumah sakit.
“Kadhung layangan ulihe tuku iku sing ana tantangane Pak. Apak iki kaya sing tau enom yuh,” jare Solihin ambi nyekeli endhase hang dibelebet perban.