Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Kanca Parek

Ilustrasi wanita usai menjalani kemotheraphy
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Cerpen Bahasa Using, VIVA Banyuwangi –Rasane sepur iki melakune kaya kari sendhet. Sakat muka sing gadug-gadug. Mangka Mbok Paini wis sing serantan kepingin weruh kahanane kancane hang nyandhang lara ring Malang.

Dihadiri Bupati Ipuk, Polresta Banyuwangi Gelar Upacara Hari Bhayangkara

Kancane hang aran Mbok Ririn iku mula kanca pareke sakat sekolah SMP bengen. Sampek kaya dulur dhewek. Kabeh keluwargane wis kenal apik ambi keluwargane Mbok Paini. Naming saiki wis pisah kutha. Iyane kawin ambi pulisi hang ditugasaken megawe ring Malang.

Seminggu kepungkur, iyane oleh kabar dhung kanca pareke iku keneng lara paru-paru. Wis pirang-pirang ulan iyane melebu metu rumah sakit. Emeh seminggu sepisan kancane hang aran Mbok Ririn disedhot paru-parune.

Perkuat Usaha Anak Muda, Banyuwangi Kembali Gelar Jagoan Bisnis

Saben nyedhot, paling using ngetokaken banyu seliter sampek seliter setengah. Kadhung sing disedhot, banyune ngebeki paru-parune lan Mbok Ririn kangelan ambegan.            

Kabar hang kaya gedigu nggarahi Mbok Paini pirang-pirang dina sing bisa turu. Iyane terus-terusan nilpuni kancane hang bolak-balik melebu metu rumah sakit.

Razia di Terminal Sri Tanjung Antisipasi Laka Angkutan Umum

“Paran hang sira rasakaken Rin,” takon Mbok Paini kala nilpun Mbok Ririn sak ulan kepungkur.  “Kadhung sing disedhot banyu hang ana ring paru-parunisun, isun kangelan ambegan. Kaya wong keneng sesek. Dienggo omong-omongan sedhilut bain wis kongos-kongos kaya wong marek pelayon pirang-pirang kilo adohe. Taping kadhung wis disedhot, ambegan plong maning,” jare Mbok Ririn ambi kilah-kilah ring pelanca rumah sakit.            

“Mangkane aja ngomong bain wis. Liwat WA bain, geningena sing kangelan ambegan,” jare Mbok Paini nong kancane.            

Halaman Selanjutnya
img_title