Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Sega Jum'at

Ilustrasi nenek jualan diusia senja
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Cerpen Bahasa Using, VIVA Banyuwangi –Arane Sumarni. Ring kampunge lebih kejuluk ambi aran Mak Marni. Umure wis mangkat suwidak. Iyane randhane pegawe pabrik kertas.

Keluarga Korban Bullying di SMKN Wongsorejo Merasa Diabaikan Pihak Sekolah

Anake mung siji, wadon arane Sinta hang megawe ring kutha. Saikine Mak Mar mung urip dhewekan ring umah sedherhana tinggalane lakine ring kampung.

Kanggo nyukupi kebutuhan sedinane, Mak Mar adol gorengan ring ngarep umahe. Ana gedhang goreng, tahuk isi, saberang goreng, tempe gembos lan ote-ote.

Jadi Korban Tabrak Lari, ODGJ Dievakuasi Kanit Lantas Polsek Wongsorejo

Sak liyane iku uga ulih kiriman picis hang sing sepira teka Sinta.            

Masiya umure wis suwidak, Mak Mar magih katon telikas. Nawi bain kerana Mak Mar wis biyasah megawe abot.

Lahan Pertanian Mengering Akibat Pasokan Air Terhenti, Begini Saran Kades Bajulmati Achmad Thoha

Jare uwong-uwong kampunge, dhung wis megawe, Mak Mar sing weruh wayah. Iyane mesthi ngelakoni penggaweyane sampek marek. Hing tau Mak mar megawe mung setengah-setengah.

Dhung dina Jum’at, Mak Mar perei adol gorengan. Iyane nerima pesenan sega bungkus kanggo sedhekah dina Jum’at.

Asile pesenan sega bungkus iku cukup kanggo nambah kebutuhane Mak Mar sedina-dina.            

Kaya dina-dina Jum’at sak durunge, subuh iku hawane kerasa adhem seru sampek kaya-kaya ngeremet belung.

Ebun ngelayang-ngelayang ring ndhuwur gentheng umah. Wernane putih sampek ngalangi mata kanggo ndeleng.

Damar-damar ring dalan-dalan kampung magih katon murub. Nerangi dalan-dalan makadham.

Manuk-manuk cilik katon magih males arep metu teka sisihe. Iyane kabeh katon magih kerasa ngantuk sak uwise sewengi kadhemen keneng udan deres. Suwarane adan Subuh magih kerungu teka masjid.            

Halaman Selanjutnya
img_title