Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Sega Jum'at

Ilustrasi nenek jualan diusia senja
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Sakat pirus korona terus nyerang, sedhekah sega Jum’at dadi tradhisi ring masjid kampunge Mak Mar.

img_title Bau Menyengat Limbah SPPG Bajulmati Resahkan Warga Wongsorejo

Kawitan mung warga-warga hang sugih mgumpulaken sega bungkus dienggo mbantu warga hang ekonomine kurang. Kaya tukang becak, tukang sampah lan pegawe-pegawe kasar ring kampung.  

Temakaken kebiyasaan hang apik iku terus melaku. Saben dina warga hang arep sedhekah tambah akeh.

img_title Best Goal Keeper Nuswantara Cup U12 2026 Disabet Line Up Diklat Persema Malang, Dastant!

Akehe sega bungkus hang disedhekahaken nggawe takmir masjid ngerencanakaken dhung sega iku dibagikaken nong wong-wong hang mulih sembayang Jum’at. Sakat iku, Mak Mar molai nerima pesenan sega bungkus saben dina Jum’at.            

“Dhung arep pesen sega bungkus kanggo sega Jum’at, langsung bain nong Mak Mar. Umahe parek ambi kuburan Bik. Segane enak, punel, olah-olahane uga enak. Regane mung limang ewu sak bungkus,” jare salah sijine warga.

img_title Inilah Nama Anggota DPRD di Jatim yang Positif Narkoba Jenis Sabu & Ekstasi

Promosi emak-emak hang ngerasa sekaken ndeleng ekonomine Mak Mar, temakaken ya cukup ampuh.

Sing mung siji loro wong hang pesen sega bungkuse Mak Mar. Emeh kabeh warga hang arep sedhekah sega Jum’at, mesthi pesen nong Mak Mar.

Ana hang pesen mung rong bungkus, limag bungkus, sepuluh bungkus, malah ana hang sampek pesen seket bungkus.            

Bik Ratih, tanggane Mak Mar, hang paling getol meromosikaken sego bungkuse Mak Mar.

Emeh saben emak-emak hang arep sedhekah sega bungkus, mesthi digiring nong umahe Mak Mar.

“Sekaken Mak Mar, iyane randa, mung ana siji anake hang nyukupi kebutuhan uripe. Muga-muga bain ambi akehe pesenan sega bungkus iki bisa ngenthengaken ekonomine Mak Mar hang uga keneng pengaruhe korona,” jare Bik Ratih ring njero ati.            

Kulinane pembagian sega Jum’at ring masjid kampung, temakaken nggawa pengaruh apik. Lare-lare cilik padha seneng teka ring masjid saben dina Jum’at. Masiya kawitan mung nganteni sega bungkus.

“Nawi bain kawitan mula nganteni sega bungkus. Taping iki cara hang apik kanggo narik lare-lare cilik teka ring masjid. Insa allah engko iyane kabeh sing kate mikiraken sega bungkus maning. Iyane kabeh molai bener-bener ngelaksanakaken ibadah,” jare ustad Selamet hang ngajar ngaji ring TPQ masjid.   

Halaman Selanjutnya
img_title