Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Sega Jum'at
- Istimewa/ VIVA Banyuwangi
Sepidhah pancal iku duwene lakine sak wayah magih megawe ring pabrik. Wis emeh telung taun iki lakine mulih ring pangkuwane Hang Kuwasa, jalaran lara ginjel.
Mung setengah ulan lakine Mak Mar dirawat ring rumah sakit, aju dipundhut ambi Hang Kuwasa. Sakat iku Mak Mar kudu moncat-mancit dhewekan kanggo nguripi awake dhewek, sak liyane kiriman teka anake hang megawe ring salon kutha.
Sak joke ana korona, saben dina Jum’at Mak Mar sing ngelayani gorengan maning. Mak Mar nerima pesenan sega bungkus kanggo Jum’at berkah, hang pungkasan dikenal ambi uwong-uwong ambi aran sega Jum’at.
Sega bungkus iku pesenane uwong-uwong hang arep disedhekahaken kanggo wong hang mulih teka Jum’atan ring masjid kampung.
“Wis arep mangkat belanja Mak? Akeh ta pesenane?” Bik Ratih tangga sebelah umahe takon isuk iku.
“Alhamdulillah ... Jum’at iki sing kaya Jum’at sak durunge. Maklum ana warga anyar hang arep sedhekah rada akeh,” jare Mak Mar ambi mancal sepidhahe liwat ngarep umahe Bik Ratih.
“Rejeki iku arane Mak ... amening ring dalan Mak,” jare Bik Ratih ambi terus melebu ring njero umahe.
Sing sepira suwi, Mak Mar wis gadug ring pasar. Jarak teka umahe sampek ring pasar kira-kira mung sekiloan.
Ambi nunggang sepidhah pancal, mung butuh wektu limolas menit. Kaya gedigu dilakoni Mak Mar saben dinane.
Mula Mak Mar ngelayani pesenan sega Jum’at sapa bain hang merlukaken. Para warga kampung hang arep sedhekah dina Jum’at, emeh kabeh mesthi pesen sega bungkus nong Mak Mar.
Sak bungkus mung diregani limang ewu. Saben dina Jum’at, pesenan sega bungkuse Mak Mar bisa sampek pitung puluh bungkus. Malahan dina Jum’at iku Mak Mar nerima pesenan sampek satus seket bungkus.
Masakane daya mung sedherhana bain. Naming ring tangane wong wadon kuru hang pinter olah-olah iku dadi kerasa enak seru.
Masiya mung isine tahu bumbu rujak, mi hun, pelecing pitik lan sambel, kerasa enak. Sing kalah dhung dibandhingaken ambi sega-sega teka restoran. Enake olah-olahane Mak Mar mula wis kesuwur ring warga kampung.