Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Sega Jum'at

Ilustrasi nenek jualan diusia senja
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

 Naming sing sithik warga hang ngarepaken sega Jum’at diendhegi. Kerana ndeleng lare-lare cilik padha rebutan sega. Lare-lare iku kaya-kaya sing merdhulikaken uwong-uwong hang magih durung marek sembayang.            

img_title Siaga Satu! Polsek Wongsorejo Pantau Ketat Informasi Rencana Pembuangan Limbah Batu Bara

Pungkasane muncul setuju lan sing setuju. Ana hang ngarepaken diendhegi, ana hang njaluk diterusaken.

“Kadhung diendhegi, hang kawitan lare-lare cilik bisa mbalik males teka ring masjid maning. Hang kepindho, bisa mateni rejekine uwong-uwong hang pegaweyane adol sega bungkus kaya Mak Mar,” jare salah sijine pengurus takmir.

img_title Melaju ke Bogor! Pesat Tegalsari Siap Taklukkan Seri Nasional IGC 2026

Isuk iku pasar katon rame. Dalanan hang lejek kerana marek udak suwengi, nggarahi uwong kudu rada ati-ati. Keliru njangkah sithik bain, bisa kebelandur.

Padhete dalan melebu pasar tambah katon kerana akehe welija hang melebu metu pasar. Iyane kabeh uber-uberan ambu wektu kanggo nggolet dagangan. Kasep keliling, iyane bisa kelangan pelanggan.

img_title Proyek Revitalisasi Tambak SAA Wongsorejo Disorot, BPD Pertanyakan Kelengkapan Izin

Sedheng pirang-pirangane wong adol woh-wohan kaya-kaya sing mikiraken larangane Satpol PP hang sing ulih adol ring sisih-sisihe dalam melebu pasar. Pungkasane dalan melebu pasar katon tambah ciut lan nderawasi kanggone wong-wong hang nunggang kendaraan.

Kalingana subuh iku ramene pasar kecamatan tambah katon ring pelawangan melebu pasar. Para pedagang lan hang tuku padha-padha dikagetaken ambi akehe warga hang kumpul ring lawang melebu pasar. Sangsaya suwi uwong-uwong sangsaya rame.

Pungkasane dalam melebu pasar dadi macet. Akeh pedagang lan hang tuku sing bisa melebu pasar. Dalan melebu pasar ketutup nggerumbule uwong-uwong hang kepingin weruh ana kedadeyan paran. Suwarane hang padha takon-takonan tambah nggawe rame suwasana ring pasar.            

“Ana paran rame-rame. Ana jamberet ta?” wong adol jajanan takon nong gerumbulane uwong-uwong.            

“Kebelahen Kang. Emak-emak ketabrak sepidhah montor,” jare lare enom hang adol woh-wohan ring pareke dalan melebu pasar.            

“Sapa hang nabrak?” takone maning.            

“Lare enom hang seneng kebut-kebutan ring dalanan Kang. Mau pas liwat ring ngarep lawang pasar, papasan ambi welija. Sakkal lare iku mbanting setire ngiwa. Temakaken ring kiwane ana emak-emak hang nunggang sepidhah pancal. Sing ayal maning emak-emak iku keterak lan mental,” jarene.            

Halaman Selanjutnya
img_title