Cerpen Bahasa Using Banyuwangi, Judul: Sega Jum'at

Ilustrasi nenek jualan diusia senja
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

“Ya gedigu iku pokal gawene lare nom-noman saiki. Sing mikir belahi. Iyo dhung iyane dhewek hang belahi, sing paran-paran. Aju kaya saiki, hang dadi wadal emak-emak hang sing ngerti paran-paran. Wis sing nganggo helem, nyeput maning. Sing mikir ta gok iki ring pasar,” jare embah-embah hang adol janganan ambi muter sisike.            

img_title Bau Menyengat Limbah SPPG Bajulmati Resahkan Warga Wongsorejo

Ring tengahe nggerumbule uwong-uwong, katon emak-emak nganggo jaket rajut werna ijo nggelimpang ring lurung.

Werna jakete wis katon sing ijo maning. Ring kana kene katon abang getih. Ring sekitare emak-emak iku katon getih mbelambang.

img_title Best Goal Keeper Nuswantara Cup U12 2026 Disabet Line Up Diklat Persema Malang, Dastant!

Kaya-kayane getih iku metu teka endhas sisih mburi. Jare uwong-uwong hang nyekseni kedadeyan, emak-emak iku temeblug ngantem watu ring pinggir lurung.

Ring sekitare emak-emak iku katon sepidhah pancal tuwek wis ringsek. Ring sisihe ana tas ebeg sak isi belanjaane.

img_title Inilah Nama Anggota DPRD di Jatim yang Positif Narkoba Jenis Sabu & Ekstasi

Ring sisih liyane, katon sepidhah montor perotholan gemelethak. Ana lare enom ketidhihan sepidhah montor. Iyane nggereng kelaran. Getih mili ring lengen lan sikil tengene.            

“Ya Allah ... Mak Mar. Innalillahi wainnailaihirojiun. Iki tangganisun. Iyane hang adol gorengan lan sega bungkus ring kampung isun. Sekaken yuh, lakine wis sing ana. Anake mung siji, saiki megawe ring kutha,” jare Mbok Marni hang temakaken tangga kampunge korban.            

Sakkal Mbok Marni njuwut hp ne ngubungi ustad Selamet. Iyane ngabaraken dhung Mak Mar matek kerana ketabrak sepidhah montor ring pasar. Mayite sakkal digawa nong rumah sakit sak uwise diperiksa ambi pulisi hang pas liwat ring pasar.            

“Innalillahi wainnailaihirojiun. Saiki mayite ana ring endi Mbok?” ustad Selamet takon.            

“Wis digawa nong rumah sakit Pak Ustad,” jarene.

“Dhung gedigu, isun nak ngabari anake hang ana ring kutha. Nuju isun duwe nomer hp ne. Uwong-uwong ya sun jaluki tulung nyiyapaken ring umahe. Isun langsung nong rumah sakit bain,” jare ustad hang ngerangkep dadi Ketua Takmir Masjid.

Kabar Mak Mar mati ketabrak sepidhah montor ring pasar cepet nyebar. Emeh kabeh warga kampung ngerasa sekaken. Mak Mar hang dikenal apik atine, sedherhana, temakaken sing dawa umure. Iyane kudu nemoni ajal kerana sikap ugal-ugalan lare enom hang nunggang sepidhah montor.            

Halaman Selanjutnya
img_title