Cerpen Bahasa Using Banyuwangi: Kecaruk Maning

Warga miskin dapat bantuan bedah rumah
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Weruh praupane Saperik katon ngenes, Misini ngupaya ngibur lakine supaya sing usah dipikir seru-seru. “Kadhung kepingin kecaruk kan bisa teka nong umahe dhewek-dhewek, dadi sing kecaruk ambi kabeh kanca geningena sing isin,” jare Misini maning ambi ninggal lakine melebu umah nutukaken olah-olah ring pawon.

Jadi Korban Tabrak Lari, ODGJ Dievakuasi Kanit Lantas Polsek Wongsorejo

Sing kerasa emeh petang jam Saperik kantru-kantru ring bentur umahe. Iyane magih ngenget-ngenget kedadeyan kala magih sekolah bengen. Sampek-sampek Saperik sing weruh ana rombongan montor mandheg ring ngarepan umahe.

“Assalamu’alaikum ... Rik kelendi kabare. Kari katon tuwek sira saiki Rik!” jare Selamet hang tau diuyuhi jaran melebu umahe Saperik.

Lahan Pertanian Mengering Akibat Pasokan Air Terhenti, Begini Saran Kades Bajulmati Achmad Thoha

Kerungu suwarane Selamet, sakkal Saperik kelunjuk. Paran maning iyane ndeleng puluhan kancane padha milu melebu nong umahe hang magih gedhung separuh iku.

Kanca lanang wadon tumplek blek dadi siji nong umahe Saperik hang cilik. Pungkasane ya rada umpel-umpelan. Saperik katon bingung. Antarane seneng ambi isin dadi siji ring atine Saperik.

Bullying Diduga Terjadi di SMKN Wongsorejo, Korban Enggan Sekolah

Saperik arep ngadek nyeluk rabine, taping sing ulih ambi kancan-kancane. “Wis sing usah repot-repot. Isun kabeh iki mara merene kerana sira sing bisa teka reuni. Pungkasane kabeh mupakat, marek reuni nyambangi sira,” jare Ahmad hang saiki katon bunder.

Buru bain Ahmad maek ngomong, Sofyan ambi Mardi melebu ngotong-ngotong beras sak karung ambi kerdhus siji.

Halaman Selanjutnya
img_title