Cerpen Bahasa Using, Judul: Jerangkong
- Istimewa/ VIVA Banyuwangi
“Apuwa isun gemuyu kerungu omongane Atim ... kerana paran hang dikerungu Atim iku dudu suwara lawang pager,” jare Man Baderik.
“Kok rika ngerti dhung hang dikerungu Atim iku dudu suwara lawang pagere Man Jalik?” takon Man Mardi sangsaya bingung.
“Hang dikerungu Atim iku dudu suwara lawang pager, taping suwara isun nimba banyu ring sumur. Saben jam telu subuh isun mesthi sembayang tahajud. Kerana pirang-pirang dina iki kumpo banyunisun rusak, kepekso isun ngangsu nganggo timba. Kerana
kerekan wis suwi sing tau dienggo, yo karaten. Dienggo nimba muni kemeriyet-kemeriyet,” jare Man Baderik.
Kerungu ceritane Man Baderik kaya gedigu, Man Mardi uga milu ketheng. Pungkasane keloron padha ketheng-ketheng ambi ndelengi Atim hang magih melungker lan ngorok ring lemah.