Cerpen Bahasa Using, Judul: Jerangkong

Ilustrasi Jrangkrong
Sumber :
  • Istimewa/ VIVA Banyuwangi

Atim njegog lan mudhun teka pejagan. Iyane ngadhek masiya sing jejeg. Ambi serendengan iyane terus cerita dhung weruh jerangkonge lare lanang ngeret lawang pagere Man Jalik.

Cerpen Bahasa Using Banyuwangi: Kecaruk Maning

“Saben jam telu subuh isun kerungu lawang pagere Man Jalik muni kemeriyet. Sapa maning hang ngeret lawang subuh-subuh kadhung sing jerangkonge lare lanang iku. Paran maning kuburane sing adoh teka umahe Man Jalik,” jare Atim ambi serendengan lan temeblug ring lemah.

Dianteni suwi ambi wong loro, Atim sing tangi-tangi. Sing weruha Atim wis ngorok melungker ring lemah persis ngarepan pejagan.

Cerita UMKM asal Banyuwangi Mendapat Apresiasi dari Chef asal Mesir

Kerungu ceritane Atim kaya gedigu, ujug-ujug Man Baderik ketheng. Man Mardi tambah bingung.

“Apuwa gok rika ketheng kerungu ceritane Atim. Parane hang lucu?” takone Man Mardi ambi rada linglung.

Cepy Mancing Mania: Banyuwangi Selalu Suguhkan Sensasi Luar Biasa

Man Baderik sing langsung nyauti pitakone Man Mardi. Iyane magih nutugaken ngunyak sawine lan terus nyeruput kopi hang emeh entek.

“Pantes bain, wong mabuk ya sing bisa mbedakaken suwara hang dikerungu,” jare Man Baderik ambi nutugaken gemuyune, sampek-sampek sawi hang ring cangkeme muncrat-muncrat.

Man Mardi sangsaya linglung ndeleng sikape Man Baderik. Iyane sing ngerti paran hang dianggep lucu teka omongane Atim. Minurut Man Mardi paran hang diomongaken Atim sing ana hang lucu. Malahan nggarahi wong tambah wedi.

Halaman Selanjutnya
img_title